Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 19 >> 

1Sawisé mungkasi piwulangé mau, Gusti Yésus banjur tindak saka ing daérah Galiléa menyang daérah Yudéa, ing sabrangé Kali Yardèn.

2Akèh wong sing padha ndhèrèkaké lan padha diwarasaké kabèh ana ing kono.

3Nuli ana wong Farisi sing padha sowan, arep nyoba marang Gusti Yésus. Aturé wong-wong mau: "Miturut Angger-anggering Torèt, tiyang menapa kénging megat sémahipun manut sapikajengipun piyambak?"

4Gusti Yésus ngandika: "Apa kowé padha ora maca ing Kitab Suci, yèn Gusti Allah enggoné nitahaké manungsa kuwi wiwit sekawit arupa lanang lan wadon?

5Lan Gusti Allah ngandika: ‘Mulané wong lanang kuwi kudu ninggal bapa lan biyungé sarta banjur dadi siji karo rabiné, temah loro-loroné padha dadi daging siji’.

6Wong loro mau wis ora loro menèh, nanging mung siji. Awit saka kuwi manungsa ora kena misah apa sing wis katunggilaké déning Gusti Allah."

7Wong Farisi mau banjur padha matur: "Menawi makaten, menapa sebabipun déné Nabi Musa dhawuh supados nyukani serat pegat, samasa tiyang megat sémahipun? Menapa menika mboten ateges Nabi Musa ngéngingaken tiyang sami pegatan?"

8Gusti Yésus ngandika: "Nabi Musa enggoné nglilani kowé megat rabimu, kuwi merga kowé padha ora kena dikandhani. Nanging ing wiwitan mula ora kaya ngono kuwi.

9Dakkandhani: Sing sapa megat rabiné, mangka bojoné mau ora laku jina, lan banjur rabi karo wong wadon liyané, wong kuwi laku jina."

10Para muridé Gusti Yésus banjur padha matur: "Menawi kawontenanipun tiyang sesémahan kados mekaten, langkung saé mboten émah-émah kémawon."

11Gusti Yésus ngandika: "Ora saben wong bisa nglakoni mengkono. Mung wong sing wis kapiji déning Gusti Allah, sing bisa nglakoni.

12Sebab ana wong sing ora bisa omah-omah, merga wiwit lair mula kaanané mengkono. Ana uga sing ora bisa omah-omah, merga didadèkaké mengkono déning wong liya. Lan ana menèh wong sing milih ora omah-omah metu saka karepé dhéwé, supaya bisa luwih mligi enggoné nglakoni ayahan peparingé ing Kratoné Gusti Allah. Sapa sing bisa nglakoni, karebèn nglakoni."

13Tumuli ana wong-wong sing padha nyowanaké bocah-bocah ana ing ngarsané Gusti Yésus, supaya diberkahi lan didongakaké. Nanging wong-wong mau padha disrengeni déning para muridé.

14Mulané Gusti Yésus ngandika marang para muridé: "Karebèn bocah-bocah kuwi padha mréné. Aja kokalang-alangi. Sebab wong-wong sing kaya bocah iki sing dadi kawula ing Kratoné Allah."

15Gusti Yésus nuli numpangi asta marang bocah-bocah mau sarta banjur tindak saka kono.

16Ing sawijining dina ana wong nonoman sowan ing ngarsané Gusti Yésus, matur mengkéné: "Guru, supados saged pikantuk gesang langgeng, kula kedah nglampahi pendamel saé menapa?"

17Pangandikané Gusti Yésus: "Apa sebabé kowé koktakon marang Aku bab apa sing becik? Mung siji sing becik, yakuwi Gusti Allah. Éwadéné yèn kowé kepéngin olèh urip langgeng, kowé kudu netepi sakèhing angger-anggeré Gusti Allah."

18Unjuké wong mau: "Angger-angger ingkang pundi?" Wangsulané Gusti Yésus: "Kowé aja mematèni, kowé aja laku jina, kowé aja nyenyolong, kowé aja ngucapaké paseksi goroh.

19Kowé ngajènana bapa-biyungmu, lan tresnaa marang sapepadhamu, kaya enggonmu tresna marang awakmu dhéwé."

20Atur wangsulané nonoman mau: "Sedaya angger-angger menika sampun kula tetepi. Taksih kirang menapa malih?"

21Pangandikané Gusti Yésus: "Yèn kowé kepéngin sampurna, barang darbèkmu edolen kabèh. Pepayoné wènèhna marang wong miskin, temahan kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Sawisé kuwi, mrénéa, mèlua Aku."

22Bareng krungu pangandika mengkono, nonoman mau banjur mundur klawan sedhih, merga wong mau sugih banget.

23Gusti Yésus nuli ngandika marang para muridé: "Kowé padha Dakkandhani. Iba angèlé wong sugih dadi kawula ana ing Kratoné Allah.

24Dakambali menèh kandha-Ku; luwih gampang unta mlebu ing bolonganing dom, tinimbang karo wong sugih dadi umat ana ing Kratoné Allah."

25Bareng ngrungu pangandika mau, para muridé Gusti Yésus padha gumun banget, banjur padha rerasanan: "Yèn mengkono sapa wong sing bisa slamet?"

26Gusti Yésus nuli mirsani marang para muridé sarta ngandika: "Tumraping manungsa prekara kuwi mokal, nanging tumrapé Gusti Allah, ora ana barang sing mokal."

27Pétrus tumuli matur marang Gusti Yésus: "Kawula sedaya sampun sami nilar samukawis, nunten ndhèrèk Panjenengan. Kawula sami badhé angsal menapa?"

28Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé padha Dakkandhani: Mbésuk ing jaman wekasan, Putrané Manungsa bakal lenggah ing dhampar kamulyan. Ing wektu kuwi kowé sing wis padha ndhèrèk Aku, iya bakal linggih ing dhampar sarta ngadili taler Israèl rolas!

29Lan saben wong sing wis ninggal omahé, utawa seduluré lanang, utawa seduluré wadon, utawa bapak-ibuné, utawa anak-anaké, apa déné palemahané, merga saka Aku, wong kuwi bakal tampa ijolé tikel satus, lan uga bakal olèh urip langgeng.

30Nanging akèh wong sing tekané dhisik bakal dadi kèri dhéwé, lan akèh wong sing tekané kèri bakal dadi sing dhisik dhéwé."



 <<  Matius 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel