Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 12 >> 

1Gusti Yésus banjur wiwit mulang wong akèh mau nganggo pasemon. Pangandikané: "Ana wong mbangun pakebonan anggur. Pakebonan mau dipageri mubeng. Nuli ngedhuk jugangan kanggo meres angguré, lan gawé panggung penjagan. Pakebonan mau banjur diséwakaké marang wong-wong tani. Sawisé mengkono wong mau lunga menyang manca negara.

2Bareng wis mangsané panèn, wong mau utusan abdiné, supaya njaluk bagéaning panèn marang wong-wong sing padha nyéwa mau.

3Nanging abdi mau dicekel déning wong-wong sing padha nyéwa, banjur digebugi. Sawisé digebugi banjur dikon bali nglenthung.

4Sing duwé pakebonan anggur banjur utusan abdi liyané. Nanging abdi kuwi uga dipenthungi sirahé lan digawé sawenang-wenang.

5Wong sing duwé pakebonan anggur banjur utusan abdi liyané menèh. Nanging abdi mau malah dipatèni. Mengkono uga akèh abdi-abdi liyané menèh sing padha disiksa déning sing padha nyéwa pakebonan anggur mau. Ana sing digebugi lan ana sing dipatèni.

6Saiki mung kari siji sing kena diutus, yakuwi anaké dhéwé, anak sing ditresnani. Anaké mau banjur diutus, pikirané: ‘Wong-wong kuwi mesthi padha éring karo anakku dhéwé.’

7Nanging wong-wong sing padha nyéwa mau malah padha rerasanan: ‘Lha kaé, anaké sing duwé pakebonan. Ayo padha dipatèni waé, supaya pakebonané iki dadi duwèké awaké dhéwé!’

8Anaké sing duwé pakebonan mau banjur dicekel lan dipatèni; layoné diuncalaké ing sanjabané pakebonan anggur."

9Pendanguné Gusti Yésus: "Apa sing bakal ditindakaké déning wong sing duwé pakebonan anggur mau? Wong mau bakal mangkat dhéwé. Sing padha nyéwa bakal padha dipatèni. Banjur pakebonané diséwakaké marang wong-wong liya.

10Kowé rak wis tau maca sing mengkéné: ‘Watu sing ditampik déning ahli gawé omah, jebul watu kuwi sing malah gedhé dhéwé gunané.

11Kuwi pakaryané Gusti Allah; sing nggumunaké banget.’"

12Para pengarepé bangsa Yahudi mau ngudi bisané nyekel Gusti Yésus, sebab padha ngerti yèn sing disemoni Gusti Yésus kuwi dhèwèké. Nanging wong-wong mau padha wedi karo wong akèh. Mulané Gusti Yésus banjur dietogaké waé, nuli padha lunga.

13Para pengareping imam lan ahli-ahli Torèt sarta para pinituwa mau banjur kongkonan wong Farisi sawetara lan wong-wong saka golongan Hérodès, padha sowan marang Gusti Yésus, padha arep nyengkolong Panjenengané nganggo pitakonan-pitakonan.

14Ana ing ngarsané Gusti Yésus wong-wong mau banjur padha matur: "Guru, kula sami mangertos, bilih Panjenengan menika tiyang ingkang jujur, mboten mreduli dhateng penganggepipun tiyang-tiyang. Panjenengan memulang bab kersanipun Gusti Allah menapa wontenipun, lan mboten saged dipun pengaruhi déning sinten kémawon. Samenika pitakènan kula: Miturut prenataning agami kita, mbayar pajeg dhateng Kaisar Rum, menika kénging menapa mboten?"

15Gusti Yésus pirsa pikirané wong-wong mau, mulané banjur ngandika: "Apa sebabé kowé kokpadha arep nyengkolong Aku? Aku tuduhana dhuwit pérak!"

16Gusti Yésus banjur diaturi dhuwit pérak siji. Banjur ndangu marang wong-wong mau: "Coba, iki gambaré sapa, lan capé sapa iki?" "Gambaripun Sang Kaisar lan capipun Sang Kaisar," wangsulané wong-wong mau.

17Gusti Yésus banjur ngandika: "Yèn mengkono, Sang Kaisar aturana sing dadi kagungané Sang Kaisar, lan Gusti Allah saosana sing dadi kagungané Gusti Allah."

18Ana wong Saduki sawetara padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus (wong Saduki kuwi wong sing padha ora ngandel yèn wong mati bakal tangi menèh).

19Wong-wong mau padha matur marang Gusti Yésus: "Guru, Nabi Musa sampun damel prenatan kanggé kula sedaya mekaten: Samangsa wonten tiyang jaler ingkang pejah, nilar randha nanging mboten gadhah anak, sedhèrèkipun jaler tiyang ingkang pejah menika kedah mendhet randha wau dados sémahipun, supados nglestantunaken turuné sedhèrèkipun jaler ingkang sampun pejah wau.

20Lah, samangké wonten tiyang jaler pitu sasedhèrèk. Ingkang mbajeng émah-émah, nanging lajeng pejah tanpa nilar anak.

21Adhinipun lajeng mendhet randha wau dados sémahipun. Nanging piyambakipun ugi lajeng pejah tanpa nilar anak. Mekaten ugi lelampahanipun sedhèrèk ingkang nomer tiga, nomer sekawan ngantos dumugi pitu.

22Tiyang-tiyang wau sedaya sampun naté sesémahan kaliyan tiyang èstri menika tanpa gadhah anak. Tiyang èstri wau akiripun inggih lajeng pejah.

23Samenika pitakèn kula dhateng Panjenengan: ‘Mbénjing, ing mangsanipun tiyang pejah sami katangèkaken déning Gusti Allah, tiyang èstri wau badhé dados sémahipun sinten? Awit sedaya sedhèrèk jaler pitu wau sampun naté mendhet tiyang èstri wau dados sémahipun.’"

24Gusti Yésus banjur ngandika: "Kowé kuwi klèru banget, awit padha ora ngerti surasané Kitab Suci, lan ora ngerti marang pangwasané Gusti Allah.

25Sebab yèn wong mati mbésuk katangèkaké, wong-wong mau ora bakal omah-omah menèh, nanging bakal padha urip kaya malaékat ing swarga.

26Lan bab tanginé wong mati, apa kowé ora tau maca Kitabé Nabi Musa, bab grumbul eri sing murub? Ing ayat-ayat mau ana tulisan, yèn Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: ‘Aku iki Allahé Abraham, Allahé Iskak lan Allahé Yakub!’

27Apa Gusti Allah kuwi dudu Allahé wong urip? Kuwi ateges yèn wong sing ngabekti marang Gusti Allah kuwi wong-wong sing urip, dudu wong sing mati."

28Ana para ahli Torèt sing ngrungokaké wawancarané wong-wong Saduki karo Gusti Yésus kuwi. Para ahli Torèt mau ngarani, yèn ngandikané Gusti Yésus bener banget. Dhèwèké banjur matur marang Gusti Yésus: "Angger-angger ingkang wigatos piyambak menika ingkang pundi?"

29Gusti Yésus ngandika: "Dhawuh sing gedhé dhéwé kuwi mengkéné: ‘Wong Israèl, padha rungokna! Ora ana Allah liyané kejaba mung Allah sing kita bektèni.

30Kowé padha tresnaa marang Gusti Allah kanthi gemblenging atimu lan gemblenging jiwa ragamu, kanthi sakèhing kapinteranmu lan sakatoging kekuwatanmu.’

31Déné dhawuh sing nomer loro: ‘Kowé padha tresnaa marang sapepadhamu kaya enggonmu tresna marang awakmu dhéwé.’ Ora ana angger-angger liyané menèh sing gedhéné ngungkuli angger-angger loro mau."

32Ahli Torèt mau banjur nyambungi: "Menika leres sanget. Kasinggihan menapa ingkang Panjenengan ngandikakaken. Ingkang jumeneng Allah mboten wonten sanèsipun kejawi Gusti Allah piyambak.

33Lan manungsa kedah tresna dhateng Gusti Allah kanthi gemblenging manahipun, kanthi sekathahing pikiranipun, kanthi sakatoging kekiyatanipun, sarta tresna dhateng sesami kados enggènipun nresnani dhateng badanipun piyambak; menika langkung wigatos tinimbang ngurbanaken kéwan lan sanès-sanèsipun dhateng Gusti Allah."

34Saka wangsulané ahli Torèt mau Gusti Yésus pirsa yèn dhèwèké kuwi wong sing wicaksana. Mulané Gusti Yésus banjur ngandika: "Kowé wis wiwit nyandhak kepriyé carané dadi umat ing Kratoné Allah." Sabanjuré ora ana menèh wong sing wani takon apa-apa marang Gusti Yésus.

35Nalika Gusti Yésus memulang ana ing Pedalemané Allah, Panjenengané mundhut pirsa: "Kepriyé nalaré, kokpara ahli Torèt padha ngandhakaké, yèn Sang Kristus kuwi turuné Sang Prabu Dawud?

36Mangka Sang Prabu Dawud dhéwé, kanthi panuntuné Roh Suci, ngandika: ‘Gusti Allah wis ngandika marang Gustiku: Lungguha ana ing tengen-Ku nganti Aku nelukaké mungsuh-mungsuhmu ana ing tlapakané sikilmu.’

37(12-37a) Sang Prabu Dawud dhéwé nyebut Sang Kristus: ‘Gusti’, kepriyé déné Panjenengané kokturuné Sang Prabu Dawud?" (12-37b) Wong akèh sing padha ana ing Pedalemané Allah mau padha seneng ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus.

38Nalika Gusti Yésus mulang marang wong akèh mau, Panjenengané paring pitutur mengkéné: "Padha dingati-ati karo para ahli Torèt. Para ahli Torèt kuwi padha seneng nganggo jubah dawa, lan seneng diurmati déning wong ing pasar-pasar.

39Ana ing papan-papan pangibadah lan ana ing pésta-pésta, senengé padha milih panggonan sing ngarep dhéwé.

40Nanging wong-wong mau padha seneng mblithuki lan ngrampas omahé randha-randha, banjur padha éthok-éthok ndedonga kang suwé kanggo nutupi pialané. Wong-wong sing mengkono kuwi bakal abot paukumané!"

41Nalika Gusti Yésus pinarak ing sangareping pethi pisungsung ing Pedalemané Allah, Panjenengané migatosaké wong-wong enggoné padha saos pisungsung. Akèh wong sugih-sugih sing padha saos pisungsung dhuwit akèh.

42Banjur ana randha mlarat teka, nglebokaké dhuwit rong gobang, dhuwit sing cilik dhéwé ajiné.

43Gusti Yésus banjur nimbali murid-muridé, sarta ngandika: "Kowé padha Dakkandhani: randha mlarat kuwi enggoné nglebokaké dhuwit ana ing pethi pisungsung luwih akèh tinimbang karo wong-wong liyané kabèh.

44Sebab dhuwit sing padha dilebokaké ing pethi pisungsung mau saka kaluwihané. Nanging randha miskin kuwi wis nglebokaké dhuwité kabèh sing diduwèni, sing dibutuhaké kanggo nyambung uripé."



 <<  Markus 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel