Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 6 >> 

1Saka ing omahé Yairus, Gusti Yésus tindak menyang ing kutha asalé (yaiku kutha Nasarèt). Para rasul padha ndhèrèk.

2Ing dina Sabbat Gusti Yésus mulang ing sinagogé. Wongé kang padha ngibadah akèh banget. Nalika wong-wong mau ngrungokaké piwulangé, kabèh padha gumun. Wong-wong mau padha takon-tinakon: "Kawruhé wong kuwi olèhé saka ngendi? Kokdadi pinter temen? Kokkwasa gawé mujijat-mujijat barang?

3Apa kuwi dudu Yésus, tukang kayu, anaké Maryam kaé? Sing sedulur-seduluré jenengé Yakobus, Yusuf, Yudas lan Simon? Sedulur-seduluré wadon rak ya padha manggon ana ing kutha Nasarèt kéné ta?" Wekasané wong-wong mau padha nampik marang Panjenengané.

4Mula Gusti Yésus banjur ngandika karo wong-wong mau: "Nabi mono ana ing ngendi-endi diajèni déning wong, kejaba ana ing kuthané dhéwé, wongé padha ora ngajèni, semono uga sedulur-seduluré."

5Mulané ana ing kono Gusti Yésus ora kersa damel mujijat. Mung marasaké wong lara sawetara, srana katumpangan astané.

6(6-6a) Gusti Yésus gumun, déné wong-wong ing kono padha ora gelem precaya. (6-6B) Gusti Yésus banjur tindak menyang désa-désa ing sakiwa-tengené kutha Nasarèt, mulangaké pangandikané Allah.

7Gusti Yésus banjur nimbali muridé rolas. Murid-murid mau padha diutus loro-loro sarta padha diparingi pangwasa nundhungi dhemit.

8Piwelingé marang para muridé: "Kowé aja padha nggawa apa-apa sajroning lakumu, kejaba mung nyangking teken. Aja nggawa roti, aja sangu dhuwit.

9Kowé kena nganggo sepatu, nanging aja nggawa klambi rangkep."

10Sabanjuré para muridé mau padha didhawuhi: "Menawa kowé wis olèh pondhokan, manggona ana ing kono, nganti mangkat menèh nerusaké lakumu.

11Menawa kowé mlebu ing sawijining omah, mangka kang duwé omah ora gelem nampani kowé, ateges wong kuwi uga ora gelem ngrungokaké piwulangmu. Lebu kang ana ing sikilmu ketabna, banjur lungaa saka ing kono. Kuwi minangka pepéling marang wong sing duwé omah mau."

12Murid rolas mau banjur padha mangkat, mulang wong-wong, supaya padha mratobat.

13Akèh dhemit sing padha ditundhungi déning murid-murid mau. Uga akèh wong lara sing padha diwarasaké nganggo diblonyo ing lenga.

14Asmané Gusti Yésus wis kondhang tekan endi-endi. Sang Prabu Hérodès iya mireng bab Panjenengané. Akèh wong sing ngira yèn Gusti Yésus kuwi Yohanes Pembaptis. Kandhané wong-wong: "Nabi Yohanes Pembaptis wis wungu saka ing antarané wong mati. Mulané kagungan kasektèn sing semono gedhéné."

15Nanging wong liyané ana sing kandha: "Ah, kuwi Nabi Élia!" Wong liyané menèh kandha: "Kuwi rak nabi kaya dhèk jaman kuna biyèn."

16Krungu kandhané wong sing werna-werna mau Sang Prabu Hérodès ngandika: "Kuwi Nabi Yohanes. Mauné prejurit-prejurit wis dakkon nugel guluné, nanging banjur urip menèh."

17Awit mauné Sang Prabu Hérodès wis ndhawuhi para prejurit supaya nyekel Nabi Yohanes, banjur ditahan, merga wani melèhaké Sang Prabu Hérodès, olèhé nggarwa Hérodias. Hérodias kuwi bojoné Filipus, seduluré Hérodès.

18Aturé Nabi Yohanes marang Sang Prabu Hérodès mengkéné: "Sang Prabu mboten kénging nggarwa Hérodias, sebab menika sémahipun Filipus, sedhèrèkipun Sang Prabu piyambak."

19Iya merga enggoné melèhaké Sang Prabu Hérodès mengkono mau, Hérodias ngincim-incim Nabi Yohanes arep dipatèni, nanging ora bisa, merga dialang-alangi déning Sang Prabu Hérodès.

20Sang Prabu Hérodès dhéwé éring karo Nabi Yohanes. Mulané dhawuh supaya kalebokaké ing pakunjaran waé nganggo dijaga temenan. Sang Prabu Hérodès mirsa, yèn Nabi Yohanes kuwi utusané Gusti Allah. Yèn Nabi Yohanes Pembaptis memulang, Sang Prabu Hérodès seneng mirengaké, senajan piwulang mau marakaké penggalihé dadi wedi lan bingung.

21Wekasané Hérodias keturutan karepé, yakuwi nalika Sang Prabu Hérodès lagi mèngeti dina wiyosané. Nalika semono dianakaké pésta ana ing pendhapa kedhaton, ngulemi para penggedhé, para perwira tentara lan para pemimpining masarakat ing tanah Galiléa.

22Ana ing pésta kono, putra putriné Hérodias mbeksa apik banget, gawé kepranané para tamu kabèh sarta Sang Prabu. Mulané Sang Prabu Hérodès ngandika marang putri mau: "Kowé kepéngin apa, nyuwuna waé, mesthi bakal dakparingi."

23Malah dhawuhé mau dikanthèni sumpah, ngandikané: "Aku janji bakal maringi apa waé sing koksuwun, senajan nganti separoning negara pisan."

24Putri mau banjur metu lan matur marang ibuné: "Ibu, menapa ingkang kedah kula suwun dhateng Sang Prabu?" Ibuné ngajani: "Nyuwuna sirahé Nabi Yohanes Pembaptis."

25Putri mau banjur bali mlebu menèh ing pendhapa kedhaton, nuli matur marang Sang Prabu Hérodès: "Kawula mugi dipun paringi sirahipun Nabi Yohanes Pembaptis, kawadhahana ing baki!"

26Mireng aturé putri mau Sang Prabu Hérodès sedhih banget, nanging ora bisa nulak, jalaran wis kalah janji. Tur janji mau nganggo sumpah, lan wis diseksèni déning para tamu.

27Sang Prabu Hérodès banjur utusan prejurit supaya nigas guluné Nabi Yohanes Pembaptis. Prejurit mau nuli mangkat menyang pakunjaran lan nigas guluné Nabi Yohanes Pembaptis.

28Sirahé diwadhahi ing baki, banjur ditampakaké marang putra putriné Hérodias. Putri mau banjur ngaturaké sirahé Nabi Yohanes Pembaptis marang ibuné.

29Bareng para muridé Nabi Yohanes Pembaptis krungu bab iku, banjur padha teka ngukup layoné lan disarèkaké.

30Para rasul padha bali saka enggoné diutus déning Gusti Yésus, mulangaké pangandikané Allah, banjur padha nglumpuk sowan ing ngarsané. Apa sing wis ditindakaké lan diwulangaké marang wong, diaturaké marang Gusti Yésus.

31Ing kono akèh wong sing padha lunga-teka, nganti Gusti Yésus lan para rasul padha ora kober dhahar. Mulané banjur ngandika marang para rasul: "Ayo padha golèk panggonan sing sepi, supaya kita bisa ndhéwé lan kowé bisa padha ngaso sawetara."

32Gusti Yésus lan para murid banjur padha mrau menyang panggonan sing sepi.

33Nanging akèh wong sing padha weruh enggoné tindak, sarta uga padha ngerti panggonan sing arep diparani Gusti Yésus lan para rasul mau, mula banjur akèh wong saka kutha-kutha ing wilayah kono sing padha mlaku, ndhisiki.

34Nalika mandhap saka ing prau, Gusti Yésus pirsa wong akèh wis padha ana ing kono. Mirsani wong-wong mau Gusti Yésus mesakaké, awit padha kaya wedhus sing ora ana pangoné. Gusti Yésus banjur paring piwulang akèh-akèh marang wong-wong mau.

35Bareng wis soré para rasul padha matur: "Samenika sampun sonten. Mangka panggènan ngriki sepen, tebih Lèr, tebih Kidul.

36Mila mbok tiyang-tiyang menika dipun dhawuhana bibar kémawon, supados sami saged tumbas tetedhan wonten ing dhusun-dhusun utawi kampung-kampung ing sakiwa-tengenipun ngriki."

37Gusti Yésus ngandika: "Mbok kowé waé padha mènèhana mangan." Para rasul padha matur: "Menapa kersa Panjenengan kawula sami késah tumbas roti pengaos kalih atus dinar kanggé tiyang-tiyang menika?"

38Gusti Yésus ndangu: "Kowé isih padha duwé roti pira? Coba, tilikana!" Para rasul padha niliki, banjur padha matur: "Wonten roti gangsal, lan ulam kalih."

39Gusti Yésus tumuli ndhawuhi para rasul, supaya wong akèh mau dipantha-pantha lan dikon lungguh ana ing pasuketan.

40Saben sapantha ana sing satus, ana sing sèket.

41Gusti Yésus banjur mundhut rotiné lima lan iwaké loro mau. Panjenengané banjur tumenga ing langit, ndedonga. Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur nyuwil-nyuwil roti lima mau, tumuli diparingaké marang para rasul, supaya padha diedum marang wong-wong mau. Semono uga iwaké loro, iya dicuwil-cuwil, banjur diedum.

42Kabèh padha mangan nganti wareg.

43Sawisé padha mangan kabèh, turahané roti lan iwak diklumpukaké déning para rasul, nganti rolas wakul kebak.

44Cacahé wong lanang sing padha mangan roti lan iwak mau ana limang èwu.

45Gusti Yésus banjur énggal-énggal ndhawuhi murid-muridé, supaya padha ndhisiki nunggang prau menyang kutha Bètsaida, ing sabrangé Tlaga Galiléa. Déné Gusti Yésus nuli ndhawuhi wong akèh mau, supaya padha mulih.

46Sawisé nguntapaké murid-muridé, Gusti Yésus banjur minggah ing gunung, prelu ndedonga.

47Bareng wis wengi, prau sing ditunggangi para muridé wis ana ing satengahé tlaga, nanging Gusti Yésus isih ana ing dharatan.

48Gusti Yésus pirsa, yèn para muridé kanthi rekasa enggoné melahi prauné, awit anginé nampek. Mulané nalika kira-kira antarané jam telu lan jam nem ésuk, Gusti Yésus nusul murid-muridé, srana tindak napak banyu ing tlaga. Tindaké terus waé, kaya-kaya arep nglangkungi para murid.

49Bareng murid-murid weruh Gusti Yésus tindak napak ing banyu mengkono mau, padha ngira, yèn kuwi memedi.

50Saking wediné nuli padha njerit, sebab kabèh padha weruh sing dikira memedi kuwi, mulané kabèh padha kagèt. Nanging Gusti Yésus banjur énggal-énggal ngandikani murid-murid mau: "Hé! Aja wedi! Iki Aku!"

51Gusti Yésus banjur minggah ing prau, lan anginé dadi mendha. Murid-muridé padha gumun banget,

52sebab mujijat bab roti lima waé isih njudhegaké. Murid-murid mau angèl banget bisané ngerti.

53Gusti Yésus lan para muridé padha ndharat ing Génésarèt, ana ing sabrangé Tlaga Galiléa.

54Lagi waé tedhak saka ing prau, wong-wong mau padha ora pangling yèn kuwi Gusti Yésus.

55Wong-wong mau banjur padha mlayu mlebu ing kampung-kampung kono kabèh, lan banjur padha teka menèh nggotongi wong-wong lara, kasèlèhaké ing klasa, disowanaké Gusti Yésus. Angger padha krungu, yèn Gusti Yésus rawuh, ana ing ngendi waé, wong-wong banjur padha nyowanaké wong-wong sing lara ana ing ngarsané.

56Saben Gusti Yésus rawuh, embuh ana ing kampung, embuh ana ing kutha, utawa ana ing désa, wong-wong kono mesthi padha teka, lan nglumpukaké wong-wongé sing lara ana ing alun-alun. Wong-wong mau banjur padha matur marang Gusti Yésus, supaya wong-wong sing padha lara diparengna ndemèk Panjenegané, senajan mung pucuking jubahé waé, mesthi nuli waras.



 <<  Markus 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel