Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 8 >> 

1Ora suwé saka lelakon mau, banjur ana wong akèh banget kang padha sowan Gusti Yésus. Mangka ing kono ora ana pangan. Gusti Yésus banjur nimbali para rasul lan ngandika:

2"Aku mesakaké banget karo wong-wong kuwi. Wis telung dina ana ing kéné padha ngetutaké Aku. Mangka ana ing kéné ora ana sing dipangan.

3Yèn Dakkon mulih ngono waé, wetengé kothong, gèk padha ambruk ana ing dalan. Mangka ana sing omahé adoh."

4Para rasul padha matur: "Kados pundi sagedipun pikantuk tetedhan cekap kanggé tiyang semanten kathahipun, wonten ing panggènan ingkang mencil mekaten?"

5Gusti Yésus ndangu: "Kowé padha duwé roti pira?" Wangsulané para sekabat: "Wonten pitu!"

6Gusti Yésus nuli ndhawuhi wong-wong mau padha lungguh ana ing lemah. Panjenengané banjur mundhut roti pitu mau, nuli ngaturaké panuwun marang Gusti Allah. Sawisé kuwi banjur nyuwil-nyuwil roti mau, tumuli diparingaké para rasul, supaya diedum-edum marang wong akèh. Para rasul banjur padha nglakoni kaya sing didhawuhaké déning Gusti Yésus.

7Para rasul uga padha duwé iwak cilik-cilik sawetara. Sawisé ngaturaké panuwun marang Gusti Allah tumrap iwak-iwak mau, Gusti Yésus nuli ndawuh marang para muridé, supaya iwak kuwi iya diedum-edum.

8Wong kabèh banjur padha mangan nganti wareg. Cacahé wong sing padha mangan mau wetara ana patang èwu.

9Wong-wong mau banjur padha didhawuhi mulih. Para rasul nuli nglumpukaké turahané roti, olèh pitung wakul.

10Gusti Yésus lan para rasul banjur énggal-énggal padha numpak prau, tindak menyang Dalmanuta.

11Ana wong Farisi sawetara padha sowan Gusti Yésus, banjur padha bebantahan karo Panjenengané. Wong-wong Farisi mau arep nyoba srana padha nyuwun pratandha, minangka bukti yèn Gusti Allah rena marang Panjenengané.

12Gusti Yésus ngesah, banjur ngandika: "Apa sebabé wong-wong saiki kokpadha njaluk pratandha? Ora! Aku ora bakal awèh pratandha sing mengkono kuwi!"

13Wong-wong mau nuli padha ditilar déning Gusti Yésus. Panjenengané nuli minggah ing prau menèh, banjur tindak menyang sabrangé tlaga.

14Para rasul padha lali nggawa roti sing cukup. Ana ing prau kono mung ana roti siji.

15Gusti Yésus ngandika: "Sing padha waspada karo raginé wong Farisi lan raginé Hérodès."

16Para rasul banjur padha rerasanan: "Gusti enggoné ngandika mengkono mau, rak merga awaké dhéwé iki ora padha nggawa roti."

17Gusti Yésus pirsa enggoné padha rerasanan, mulané banjur ngandika: "Apa sebabé kowé kokpadha rerasanan bab enggonmu padha ora nggawa roti? Apa kowé meksa durung padha ngerti? Apa pikiranmu wis kethul?

18Kowé rak padha duwé mripat, apa ora ndeleng? Uga padha duwé kuping, apa ora krungu?

19Apa kowé padha ora kèlingan nalika Aku nyuwil-nyuwil roti lima kanggo mènèhi mangan wong limang èwu kaé; pirang wakul turahan sing kokklumpukaké?" Wangsulané para sekabat: "Kalihwelas!"

20Gusti Yésus banjur ndangu menèh: "Banjur roti pitu sing kanggo wong patang èwu kaé, pirang wakul turahan sing kokklumpukaké?" Wangsulané para rasul: "Pitu."

21Gusti Yésus banjur ngandika: "Apa kowé meksa padha durung ngerti?"

22Gusti Yésus lan para rasul tindaké wis tekan ing désa Bètsaida. Banjur ana wong wuta sing disowanaké ing ngarsané. Gusti Yésus disuwun supaya kersa ndemèk wong wuta mau.

23Panjenengané banjur ngasta tangané wong wuta mau, dituntun menyang sanjabané désa. Mripaté sing wuta mau dikecohi, nuli numpangaké astané ing mripaté wong kuwi, banjur ndangu: "Apa saiki kowé wis bisa weruh?"

24Wong mau banjur tumenga sarta mangsuli: "Inggih kawula sumerep tiyang-tiyang, nanging ketingalipun kados wit-witan ingkang sami mlampah."

25Gusti Yésus banjur numpangaké astané menèh ing mripaté. Wong mau ngudi supaya bisa ndeleng. Mripaté nuli dadi waras, lan bisa ndeleng kanthi cetha.

26Wong mau tumuli didhawuhi mulih déning Gusti Yésus, lan diweling: "Aja bali menyang désa kono."

27Gusti Yésus lan para muridé padha tindak menyang désa-désa ing sakiwa-tengené kutha Kaisaréa Filipi. Sajroné tindak, Gusti Yésus ndangu: "Wong-wong padha ngarani Aku iki sapa?"

28Wangsulané: "Werni-werni! Wonten ingkang mestani Nabi Yohanes Pembaptis; wonten ingkang mestani Nabi Élia, wonten ingkang mestani salah setunggalipun nabi."

29Gusti Yésus banjur ndangu menèh: "Lha, yèn kowé dhéwé kepriyé? Aku kokarani sapa?" Rasul Pétrus mangsuli: "Panjenengan menika Sang Kristus."

30Gusti Yésus tumuli weling wanti-wanti marang para muridé, supaya aja padha kandha-kandha bab kuwi mau marang sapa waé.

31Gusti Yésus banjur wiwit nyethakaké marang para muridé bab Putraning Manungsa kang kudu nyangga kasangsaran akèh, Panjenengané bakal ditampik déning para pinituwa, déning para penggedhéné imam lan déning para ahli Torèt. Malah Putraning Manungsa mau bakal disédani, nanging ing telung dinané bakal wungu menèh saka ing séda.

32Kabèh mau dingandikakaké déning Gusti Yésus marang para muridé kanthi blak-blakan. Krungu kang mengkono mau, Rasul Pétrus banjur ngaturi Gusti Yésus sarta nyaos pepènget supaya aja ngandika sing mengkono kuwi.

33Gusti Yésus banjur minger, ngungkuraké Rasul Pétrus, mirsani para rasul, karo ndukani Rasul Pétrus: "Iblis, sumingkira. Pikiranmu kuwi pikiran cara manungsa, dudu kaya sing dadi kersané Gusti Allah!"

34Guti Yésus banjur nimbali para murid lan wong akèh liyané sing ana ing kono, supaya padha sowan ing ngarsané. Pangandikané: "Sing sapa ndhèrèk Aku, kudu nyingkur awaké dhéwé, ngangkat salibé, banjur ngetutburi Aku.

35Sebab sapa sing ngéman uripé, kuwi malah bakal kélangan. Nanging sing sapa kélangan uripé merga nglabuhi Aku lan Injil, bakal nemu urip sejati lan langgeng.

36Apa ta paédahé menawa wong nduwèni jagad iki kabèh, nanging kélangan nyawané?

37Ora ana barang siji waé sing kena digunakaké déning manungsa kanggo nebus nyawané sing ilang mau.

38Sapa sing isin ngakoni Aku lan piwulang-Ku ana ing jagad sing kebak duraka lan piala iki, Putrané Manungsa iya bakal isin ngakoni wong kuwi, mbésuk samangsa rawuh kanthi ngagem kamulyané Sang Rama, ingiring déning para malaékat suci."



 <<  Markus 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel