1(102-1) Pandongané wong sengsara samasa ngalami susah, banjur ngesokaké pesambaté ana ing ngarsané Allah. (102-2) Dhuh Allah, Paduka mugi miyarsakaken pandonga kawula, anggèn kawula memelas mugi-mugi dumugi ing ngarsa Paduka.
2(102-3) Mugi sampun ngantos négakaken kawula ing dinten karibedan. Mugi kersa nilingaken atur kawula, samasa kawula nyebut dhumateng Paduka.
3(102-4) Mugi énggal Paduka pitulungi, awit déné gesang kawula sirna kados kukus, badan kawula mengangah kados mawa.
4(102-5) Manah kawula semplah lan alum kados rumput garing, ngantos kawula supé nedha tetedhan kawula.
5(102-6) Margi saking sangeting pangesah kawula, balung kawula ngantos kelèt kaliyan daging kawula.
6(102-7) Kawula presasat kados peksi wana, ingkang wonten ing ara-ara samun, kados peksi beluk ing reruntuhaning griya.
7(102-8) Kawula mboten saged tilem, kados peksi kepencil wonten ing nginggil payon.
8(102-9) Sadinten-dinten kawula dipun awon-awon déning para mengsah kawula, tiyang-tiyang ingkang ngrèmèhaken kawula sami misuh kanthi nyebut nama kawula.
9(102-10) (102:10-11) Margi saking paukuman Paduka, kawula ngantos nedha awu, saha ombèn-ombèn kawula kaworan luh. Kawula Paduka junjung, lajeng Paduka bucal, awit saking duka Paduka.
10(102-11) (102:9)
11(102-12) Gesang kawula kados ayang-ayangan ing wanci sonten, sarta kawula dados alum kados rumput.
12(102-13) Nanging dhuh Allah, Paduka jumeneng Ratu ing selaminipun, sarta asma Paduka kaènget-ènget turun-temurun.
13(102-14) Paduka badhé jumeneng, sarta melasi Sion, margi sampun dumugi wekdalipun dipun welasi.
14(102-15) Para abdi Paduka sami kangen dhateng Sion, senajan sampun rupi jugrugan, karana katresnanipun.
15(102-16) Para bangsa lajeng badhé ngabekti dhateng Allah, lan sekathahing raja ing bumi badhé sami ajrih dhateng Paduka.
16(102-17) Allah wis mbangun Sion menèh, lan rawuh ngagem kamulyané.
17(102-18) Allah wis nggatèkaké menèh marang pandongané wong kang ora duwé apa-apa, sarta ora nampik marang panyuwuné.
18(102-19) Kuwi kabèh kacatheta kanggo anak-putu ing tembé-mburi, supaya umat kang durung lair memuji Panjenengané.
19(102-20) Pangéran mirsani saka ngaluhur kang suci, mirsani saka swarga marang bumi,
20(102-21) kersa miyarsakaké sambaté wong tawanan, sarta kersa ngluwari wong sing wis kacadhangaké marang pati.
21(102-22) Supaya Asmané kawartakna ana ing Sion, lan kamulyakaké ana ing Yérusalèm,
22(102-23) iya ing kalané para bangsa padha klumpukan, lan sakèhé kraton padha ngabekti marang Panjenengané.
23(102-24) Aku wis digawé apes tanpa daya déning Panjenengané wiwit nalika aku isih nom, umurku digawé cendhak.
24(102-25) Aturku mengkéné, "Dhuh Allah kawula, kawula mugi sampun Paduka pundhut sadèrèngipun kawula sepuh." Dhuh Allah, yuswa Paduka langgeng ing selaminipun,
25(102-26) ing jaman kina mila Paduka nitahaken bumi, lan kalayan asta Paduka piyambak Paduka nitahaken sakathahing langit.
26(102-27) Menika sedaya badhé sami lebur, nanging Paduka piyambak ingkang langgeng. Menika wau sedaya badhé sami saya lungset kados sinjang, lajeng badhé Paduka bucal, sarta badhé sirna.
27(102-28) Nanging Paduka piyambak badhé tetep, lan taunipun yuswa Paduka mboten badhé wonten telasipun.
28(102-29) Anakipun para abdi Paduka badhé manggèn kalayan tentrem, lan anak-turunipun badhé wilujeng wonten ing pengayoman Paduka.
Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan