Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 123 >> 

1Kidung jiarah. Dhuh Allah, kawula tumenga dhateng Paduka, ingkang pinarak wonten ing swarga.

2Kados mripating abdi ningali dhateng astaning bendaranipun, sarta mripatipun réncang èstri ngawasaken astaning bendaranipun èstri, kados mekaten mripat kawula ningali dhateng Pangéran, Allah kawula, ngantos-antos rentahing sih-piwelasipun.

3Dhuh Allah, kawula mugi sami Paduka welasi, inggih mugi Paduka welasi, margi kawula sampun mboten betah dipun sewenang-wenang.

4Kawula sampun mboten tahan nampi, pamoyokipun tiyang-tiyang angkuh.



 <<  Mazmur 123 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel