Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 128 >> 

1Kidung jiarah. Begja saben wong sing ngabekti marang Allah, lan sing ngambah dalan pitedahé.

2Kowé bakal mangan pametuné pegawéanmu, uripmu bakal kebak kabungahan lan mubra-mubru.

3Rabimu bakal kaya wit anggur sing awoh ana ing njero omah. Lan anak-anakmu lanang presasat wit-wit zaitun nom, kang ngepung ing méjamu.

4Kaya mengkono kena dipesthèkaké wong kang ngabekti marang Allah enggoné kaberkahan.

5Allah mberkahana kowé saka ing Sion, sarta kowé muga weruha kutha Yérusalèm, saya tambah makmur, sajegmu urip.

6Karomenèh dawaa umurmu menangana anak-putumu. Tentrem rahayu anaa ing Israèl!



 <<  Mazmur 128 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel