Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 146 >> 

1Haléluya! Dhuh nyawaku, saosa puji marang Allah.

2Aku bakal ngluhuraké Allah sajegku urip, Allahku bakal dakpuji nganggo masmur selawasé uripku.

3Aja ngendelaké marang para penggedhé, marang manungsa kang ora kwasa mitulungi.

4Samasa pecat nyawané banjur pulih dadi lebu, pinangkané, ing dina iku uga apa sing dikarepaké, lebur.

5Begja wong sing duwé Allahé Yakub dadi juruslameté, wong kang pengarep-arepé mung marang Pangéran Allahé.

6Kang nitahaké langit lan bumi, segara lan saisiné kabèh, kang selawasé netepi janjiné.

7Kang paring adil marang wong kang dianiaya, ngolèhaké pangan marang wong kang keluwèn. Allah ngluwari wong sing ditawan.

8Panjenengané ngelèkaké mripaté wong wuta, nangèkaké wong sing tiba, lan ngasihi para wong mursid.

9Allah ngreksa marang wong neneka, bocah lola lan wong randha padha disantosakaké, nanging dalané wong duraka diénggokaké.

10Allah jumeneng Raja langgeng selawasé. Allahmu hé Sion, ora éwah gingsir selawasé turun-temurun! Haléluya!



 <<  Mazmur 146 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel