Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 24 >> 

1Masmur anggitané Dawud. Bumi lan saisiné kabèh kuwi kagungané Allah, mengkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.

2Merga Gusti Allah kang nitahaké, pondhasiné disèlèhaké ana ing segara, adegé jejeg ana ing sandhuwuré kali-kali.

3Sapa sing diwenangaké munggah menyang gunung sing disucèkaké déning Allah? Sapa sing diwenangaké ngadeg ana ing Pedalemané Allah?

4Wong kang penggawéné resik lan jujur atiné, sing ora nyembah brahala lan ora dhemen goroh.

5Bakal kaparingan berkah déning Allah, lan ditetepaké ora salah.

6Wong sing kaya mengkono mau sing sowan marang Allah, inggih ingkang sami madosi wedana Paduka; menika turunipun Yakub.

7Hé gapura, padha angkaten sirahmu, hé lawang-lawang langgeng, padha mengaa, supaya Ratuning Kamulyan tindak mlebet.

8Ratuning Kamulyan kuwi sapa? Allah, kang mahakwasa lan prakosa, Allah kang prakosa ing perang.

9Hé gapura, padha angkaten sirahmu, hé lawang-lawang langgeng, padha mengaa, supaya Ratuning Kamulyan tindak mlebet!

10Ratuning Kamulyan kuwi sapa? Allahé langit lan bumi, iku Ratuning Kamulyan.



 <<  Mazmur 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel