Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 27 >> 

1Anggitané Dawud. Allah iku pepadhangku lan keslametanku, sapa sing dakwedèni? Allah kang ngreksa marang aku, aku ora wedi karo sapa waé.

2Nalika para durjana padha nyerang aku, nedya matèni aku, padha kesandhung lan tiba.

3Senajan aku dikepung déning tentara nggawa gegaman, atiku tatag waé. Senajan aku dilurugi ing perang, aku bakal tetep precaya.

4Saprekara sing daksuwun marang Allah, kang dakpéngini banget, yakuwi sajegku urip manggona ing Pedalemané Allah karo ngluhuraké kadarmané, lan ngrasak-ngrasakaké kabecikané.

5Sebab nalika aku katempuh ing bebaya; Panjenengané ngayomi aku ana ing Pedalemané, aku dipapanaké ana ing gunung parang.

6Mulané saiki aku diluhuraké ngungkuli sakèhé mungsuhku. Ana ing Kémahé Allah aku arep nyaosaké kurban sokur karo bungah-bungah. Aku arep memuji nganggo masmur konjuk marang Allah.

7Dhuh Allah, mugi miyarsakaken pesambat kawula, mugi melasi dhateng kawula, lan paring wangsulan.

8Manah kawula mireng dhawuh Paduka, "Kowé sowana ing ngarsa-Ku. Pramila kawula inggih sowan,

9dhuh Allah, mugi sampun ngaling-alingi wedana Paduka dhateng kawula." Kawula sampun ngantos Paduka tampik kalayan duka. Paduka menika ingkang milujengaken kawula. Mugi kawula sampun Paduka tampik utawi Paduka tégakaken, dhuh Allah, Juru Wilujeng kawula.

10Senajan kawula katilar déning bapa lan biyung kawula, nanging Paduka sampun mupu kawula.

11Dhuh Allah, kawula mugi Paduka wulang menapa ingkang kedah kawula lampahi, lampah kawula katuntuna ing margi ingkang leres, sumingkir saking satru-satru kawula.

12Sampun ngantos kawula Paduka ulungaken dhateng panyia-nyianing satru kawula, sebab kathah seksi goroh ingkang nglawan kawula sesarengan kaliyan tiyang ingkang remen ngrisak.

13Aku precaya yèn bakal ngrasakaké kabecikané Allah sajroning uripku ing donya!

14Padha dikuwatna atimu lan sing tatag! Padha nganti-antia pitulungané Allah!



 <<  Mazmur 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel