Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 38 >> 

1(38-1) Masmur anggitané Dawud nalika nyaosaké kurban minangka pèngetan. (38-2) Dhuh Allah, kawula mugi sampun ngantos Paduka ukum karana duka, lan sampun ngantos Paduka gebagi margi saking bentèring penggalih Paduka.

2(38-3) Déné jemparing Paduka sampun natoni badan kawula ngantos tembus, badan kawula sampun bosok awit saking dosa kawula.

3(38-4) Margi saking paukuman Paduka badan kawula sekojur mboten wonten ingkang saras, balung kawula mboten wonten ingkang wetah margi saking dosa kawula.

4(38-5) Piawon kawula sampun nempuh kawula, mlenet dhateng kawula kados momotan ingkang kawraten kanggénipun kawula.

5(38-6) Korèng-korèng kawula bosok mila mambet, margi saking keblinger kawula.

6(38-7) Saben dinten kawula nandhang sisah, lampah kawula mbungkuk kalayan temungkul.

7(38-8) Margi bangkèkan kawula abuh sedaya, daging kawula mboten wonten ingkang wetah.

8(38-9) Kawula ketelasen daya kekiyatan lan ajur mumur; kawula semplah sarta manah kawula trataban.

9(38-10) Dhuh Allah, Paduka pirsa menapa ingkang kawula kajengaken sedaya, mekaten ugi ingkang ngawrataken manah kawula inggih mboten kaling-kalingan wonten ing ngarsa Paduka.

10(38-11) Manah kawula trataban, kekiyatan kawula telas, dalah cahyaning mripat kawula ical.

11(38-12) Mitra lan kanca-kanca kawula sami nebih margi sesakit kawula, sanak sedhèrèk kawula sami nyingkiri kawula.

12(38-13) Tiyang-tiyang ingkang kepéngin mejahi kawula, sami masang kala-jiret, ingkang ngangkah cilaka kawula, sami rembagan badhé ngrisak kawula, saha tansah sami ngrancang masang kala-jiret.

13(38-14) Nanging kawula menika kados tiyang budheg, ingkang mboten mireng, kados tiyang bisu ingkang mboten saged gineman.

14(38-15) Inggih kados tiyang ingkang mboten mireng lan mboten saged mangsuli.

15(38-16) Sebab namung Paduka, dhuh Allah, ingkang kawula ajeng-ajeng. Paduka ingkang badhé paring wangsulan, dhuh Pangéran, Allah kawula.

16(38-17) Mila atur kawula, "Tiyang-tiyang menika mugi sampun ngantos sami bingah ing ngatasipun kawula; sampun ngantos sami umuk samasa suku kawula nggloyor!"

17(38-18) Sebab kawula sampun badhé dhawah, lan sesakit kawula mboten mantun-mantun.

18(38-19) Inggih, kawula ngakeni kalepatan kawula, ngantos semplah ngraosaken dosa kawula.

19(38-20) Cacahipun satru kawula kathah sanget, mboten sekedhik tiyang ingkang sami sengit dhateng kawula tanpa sebab.

20(38-21) Kesaénan kawula dipun wales srana piawon, enggènipun nyatru kawula margi kawula ngudi dhateng kesaénan.

21(38-22) Dhuh Pangéran, Allah kawula, mugi sampun négakaken kawula, mugi sampun nebihi kawula!

22(38-23) Dhuh Allah, mugi kersa énggal mitulungi kawula. Dhuh Pangéran, Juru Wilujeng kawula.



 <<  Mazmur 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel