Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 42 >> 

1(42-1) Kidung piwulang anggitané bani Korakh kanggo pemimpin penyanyi. (42-2) Kados sangsam ingkang ngorong dhateng toyaning lèpèn, mekaten pangoronging nyawa kawula dhateng Paduka, dhuh Allah.

2(42-3) Nyawaku ngorong marang Allah kang gesang; mbésuk kapan bisaku sowan ing ngarsané?

3(42-4) Aku nangis rina wengi; mung luhku waé sing dadi panganku. Merga sedina muput wong padha ngunèni aku, "Allahmu ana ngendi?"

4(42-5) Atiku sedhih samasa aku kèlingan dhèk semana, nalika aku bebarengan karo wong akèh, mlaku ing ngarep, sowan ing Pedalemané Allah karo surak-surak lan memuji sokur, ing kraméané dina riaya.

5(42-6) Dhuh nyawaku, yagéné kowé sedhih? Yagéné kowé sumelang? Ngarep-arepa marang Allah! Awit Panjenengané bakal dakpuji. Panjenengané kuwi Allahku lan Juru Slametku!

6(42-7) (42:7-8) Ana ing tanah pembuwangan kéné atiku sedhih, mulané aku ngangen-angen marang Allah. Paduka ndhatengaken kasisahan lan sangsara dhateng kawula, kados grojogan ingkang kalayan gemuruh anjog ing Lèpèn Yardèn, saking Gunung Hèrmon lan Gunung Mizar.

7(42-8) (42:6)

8(42-9) Ing wayah awan Allah ngetingalaké sih-kamirahané, mula ing wayah bengi aku bisa memuji, lan nyaosaké pandonga marang Allah kang ngreksa uripku.

9(42-10) Unjukku marang Allah, pangungsènku, "Menapa sebabipun déné Paduka nyupèkaken kawula? Ngantos kawula nandhang sangsara, margi saking panyia-nyianipun satru?"

10(42-11) Balung kawula kados dipun remuk déning satru, ingkang wicanten sedinten muput, "Allahmu ana ngendi?"

11(42-12) Hé nyawaku, yagéné kowé sedhih? Yagéné kowé sumelang? Ngarep-arepa marang Allah! Awit Panjenengané bakal dakpuji. Panjenengané kuwi Allahku lan Juru Slametku.



 <<  Mazmur 42 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel