Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 65 >> 

1(65-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. (65-2) Dhuh Allah, sampun samesthinipun Paduka kasaosan puji sokur wonten ing Sion, tiyang ingkang sami ngluwari punagi inggih konjuk dhateng Paduka.

2(65-3) Awit Paduka Allah ingkang njurungi ing pandonga ingkang kaunjukaken. Tiyang saking pundi-pundi sami badhé sowan ing ngarsa Paduka, mergi saking dosanipun.

3(65-4) Menawi panerak kawula ngungkuli kekiyatan kawula, Paduka ingkang nglebur.

4(65-5) Begja tiyang ingkang Paduka pilih, lan ingkang Paduka timbali supados nyelak, sarta manggèn ing platarané Dalem Paduka! Kawula sami katuwukana kanikmataning Pedaleman Paduka, inggih kasucèné kedhaton Paduka.

5(65-6) Dhuh Allah, Juru Wilujeng kawula, andel-andelipun tiyang salumahing bumi. Élok lan nggegirisi anggèn Paduka njurungi panyuwun kawula, kalayan nandukaken keadilan.

6(65-7) Redi-redi Paduka papanaken ing panggènanipun srana kasektèn Paduka, sami ngetingalaken agenging pangwaos Paduka.

7(65-8) Paduka ngèndelaken jumeguring seganten, inggih gemuruhing ombakipun, sarta gorèhipun bangsa-bangsa!

8(65-9) Mila tiyang ingkang panggènanipun tebih piyambak sami ajrih dhateng kaélokan-kaélokan Paduka. Margi saking kaélokan-kaélokan Paduka tiyang sami surak-surak kalayan sora, saking pojoking bumi sisih Wétan ngantos dumugi ingkang sisih Kilèn.

9(65-10) Paduka menggalih dhateng kawontenanipun siti srana Paduka kintuni jawah, ngantos lubèr lan dados loh. Lèpènipun Paduka kebaki toya, sitinipun Paduka paringi ngantos ngedalaken gandum. Mekaten enggèn Paduka cecawis samukawis sedaya.

10(65-11) Siti ingkang kaambah luku Paduka paringi jawah, prongkolanipun siti wau Paduka leb ing toya. ngantos sitinipun gembur; tanemanipun Paduka berkahi.

11(65-12) Saben taun Paduka ganjar panèn ingkang saé. Panggènan ingkang Paduka rawuhi ngalami kalubèran.

12(65-13) Siti-siti ing ara-ara samun kebak pepanthan ménda, ing pèrènganipun kepireng swara surak-surak.

13(65-14) Sakathahing panggènan kebak ménda gèmbèl lan ménda bérok, lebak-lebak sami ketutupan ing gandum. Sedaya wradin sami bingah giyak-giyak kanthi memuji.



 <<  Mazmur 65 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel