Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 72 >> 

1Anggitané Suléman. Dhuh Allah, Sang Prabu mugi Paduka wulang ngadili miturut dhawuh Paduka, lan Sang Putra Raja mugi kaparingana kaleresan ingkang saking Paduka piyambak.

2Supados panjenenganipun ngerèh umat Paduka kalayan adil, lan tiyang-tiyang kagungan Paduka mituruta dhawuh Paduka.

3Mugi negari menika kaparingana tentrem-rahayu, saha gesang adhedhasar kaleresan.

4Mugi Sang Prabu paring keadilan dhateng tiyang kesrakat, paring pitulungan dhateng tiyang mlarat saha numpes tiyang ingkang nganiaya.

5Sang Prabu kaparingana panjang yuswa selaminipun wonten surya lan rembulan, semanten ugi putra-wayahipun.

6Mugi Panjenenganipun dados lantaraning berkah, kados jawah ingkang dhawah ing rumput, ingkang nyiram bumi ngantos lubèr.

7Selaminipun Panjenenganipun ngasta keadilan, saya nambahana katentreman saha karahayon saya lubèra, ngantos mboten wonten rembulan malih!

8Sang Prabu mugi mengkua tanah-tanah wiwit saking seganten dumugi seganten, tuwin saking Éfrat dumugi pungkasaning bumi.

9Para bangsa ing ara-ara samun sami sujuda wonten ing ngarsanipun, sarta mengsahipun sami ndilata lebu.

10Para raja saking Tarsis lan ing pulo-pulo sami nyaosana pisungsung; para ratu saking Syéba lan Séba sami sowana sarta saos pisungsung.

11Sakathahing para raja sami sujuda dhateng Panjenenganipun, sarta sakathahing para umat sami saosa pangabekti!

12Saèstu Panjenenganipun badhé mitulungi tiyang mlarat, ingkang sesambat, mekaten ugi tiyang ingkang kesrakat sarta ingkang kapiran.

13Panjenenganipun badhé nresnani tiyang sèkèng lan tiyang mlarat, nyawanipun tiyang miskin badhé dipun pitulungi.

14Sami badhé dipun tebus saking panindhes lan panganiaya, rahipun dipun anggep adi.

15Sugenga Sang Prabu! Kasaosana pisungsung emas saking Syéba, lan kadongakna sedinten-dinten, supados lestantuna kasugenganipun.

16Ing tanah ngriku lubèra taneman gandum, dalah ing pucaking redi ngedalna woh kathah kados taneman ing Libanon. Kitha-kithanipun kebaka tiyang kados rumput ing ara-ara.

17Asmanipun Sang Prabu lestantuna ing selami-laminipun; kesuwura selaminipun wonten surya. Sedaya bangsa sami anduma berkah kanthi nyebut asmanipun, saha sami mujèkna berkah karaharjan saking Allah.

18Pinujia Pangéran, Allahé Israèl! Mung Panjenengané kang nindakaké kaélokan.

19Pinujia asmané kang mulya, salumahing bumi kasrambahana ing kaluhurané! Amin!

20Tekan seméné pamuji-pamuji anggitané Dawud, putrané Isai.



 <<  Mazmur 72 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel