Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 74 >> 

1Kidung isi piwulang, anggitané Asaf. Dhuh Allah, menapa sebabipun kawula sami Paduka tampik ing selaminipun? Menapa sebabipun déné ménda-ménda kagungan Paduka, Paduka ukum ing selaminipun?

2Paduka mugi ngèngeti dhateng umat ingkang Paduka pundhut kala jaman kina, inggih Paduka tebus kadadosaken kagungan Paduka piyambak. Mugi ngèngeti dhateng Gunung Sion, dunungipun Pedaleman Paduka.

3Paduka mugi kersa tedhak nuwèni panggènan-panggènan ingkang sampun dangu risak sanget. Wonten ing Pedaleman Paduka, samukawis sampun dipun risak déning mengsah.

4Mengsah-mengsah Paduka sampun sami surak-surak ing Pasucèn Paduka, lan sampun sami masang gendéranipun minangka tandhaning kamenanganipun.

5Pendamelipun presasat tiyang madung ing wana, ingkang negori kajeng.

6Sesampunipun menika lajeng ngremuki sedaya ukir-ukiran mawi linggis lan palu.

7Pedaleman Paduka ingkang suci lajeng dipun besmi, pasucèn Paduka dipun najisaken lan dipun damel radin kaliyan siti.

8Osiking manahipun, "Ayo padha dirusak kabèh." Sedaya papan panembahipun umat Paduka sanegari sedaya lajeng dipun besmi telas.

9Sedaya barang-barang suci kawula ical, para nabi inggih sampun mboten wonten, lan mboten wonten tiyang ingkang sumerep badhé ngantos pinten laminipun.

10Dhuh Allah, badhé ngantos pinten laminipun mengsah menika enggènipun memoyok, lan nyenyamah asma Paduka tanpa kendhat.

11Kénging menapa Paduka nampik mitulungi kawula? Sarta ndhelikaken asta tengen Paduka?

12Nanging sanyatanipun Paduka menika Ratu kawula, dhuh Allah, wiwit jaman kina mila, ingkang sampun asring mitulungi kawula.

13Paduka ingkang kala rumiyin miyak seganten kalayan asta Paduka ingkang kwasa, lan ngremuk sirahipun sawer naga ing seganten.

14Inggih Paduka ingkang ngremuk sirahipun Léwiatan. Paduka dadosaken tetedhanipun kéwan-kéwan ing ara-ara samun.

15Paduka ingkang damel tuk lan lèpèn, kali ingkang ajeg toyanipun Paduka asataken.

16Rinten Paduka ingkang nitahaken, semanten ugi dalu; surya lan rembulan, Paduka ingkang mrenahaken.

17Paduka ingkang netepaken watesé dharatan; mangsa bentèr lan mangsa bedhidhing Paduka ingkang mrenata.

18Paduka mugi ngèngeti, dhuh Allah, bilih para mengsah sami nggegujeng Paduka, bilih tiyang-tiyang ingkang bodho menika sami ngawon-awon asma Paduka.

19Paduka mugi sampun négakaken nyawanipun umat Paduka ingkang ringkih menika wonten ing tanganing mengsahipun ingkang ambek siya. Paduka mugi sampun supé dhateng umat Paduka ingkang kasiya-siya.

20Mugi ngèngeti dhateng prejanjian Paduka kaliyan kawula sedaya, sebab ing negari menika kathah pandhelikanipun tiyang ingkang remen nindakaken panganiaya.

21Tiyang ingkang katindhes sampun ngantos sami kwirangan, tiyang mlarat sarta papa sageda sami memuji asma Paduka.

22Paduka mugi jumeneng sarta nindakaken keadilan Paduka, mugi ngèngeti tiyang ingkang bodho enggènipun ngawon-awon dhateng Paduka tanpa kendhat.

23Paduka mugi nggalih sakathahing ujaripun para mengsah Paduka, saha sumbaripun tiyang-tiyang ingkang mbaléla dhateng Paduka, ingkang saya dangu saya nékad.



 <<  Mazmur 74 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel