Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 75 >> 

1(75-1) Kidung anggitané Asaf kanggo pemimpin penyanyi. Laguné kaya laguné: Aja ngrusak. (75-2) Dhuh Allah, kawula sami memuji dhumateng Paduka. Kawula sami muji sokur, dhuh Allah! Kawula sami nyariyosaken pakaryan Paduka ingkang élok.

2(75-3) Allah ngandika, "Aku sing netepaké wektuné pengadilan, lan Aku bakal ngadili kalawan patitis.

3(75-4) Senajan sakèhé tumitah geter lan bumi gonjang-ganjing, Aku, ya Aku piyambak sing njejegaké sakané."

4(75-5) Wong angkuh padha Dakkandhani, "Aja sumelang,"

5(75-6) lan wong ala Dakkandhani, "Aja umuk. Aja ngendel-endelaké kekuwatanmu lan aja sesumbar."

6(75-7) Tekané pengadilan iku ora saka Wétan utawa saka Kulon, lan uga ora saka Lor utawa Kidul.

7(75-8) Nanging saka Allah, sing jumeneng hakim, ngluputaké sing siji lan mbeneraké sijiné.

8(75-9) Allah ngasta tuwung ing astané, isi anggur paukumané. Anggur mau bakal diesokaké, lan wong duraka kabèh bakal ngombé anggur mau tekan endheg-endhegé pisan.

9(75-10) Nanging aku selawasé bakal bungah-bungah lan ngidungaké masmur konjuk ing Allahé Yakub.

10(75-11) Pangwasané wong duraka bakal dilebur, nanging kekuwatané wong mursid bakal saya tambah-tambah.



 <<  Mazmur 75 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel