Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 96 >> 

1Padha ngidungna kaluhurané Allah nganggo kidung anyar! Hé salumahé bumi, padha ngidungna kaluhurané Allah!

2Padha ngidungna kaluhurané Allah, padha saosa puji marang asmané. Peparingé katentreman iku wartakna ing sedina-dina.

3Padha nyritakna kaluhurané ana ing antarané para bangsa, lan kaélokané ana ing antarané sakèhé para umat.

4Awit Allah iku Mahaagung lan pantes dipuji-puji, pantes kinurmatan ngungkuli sakèhé para déwa.

5Sebab sakèhé déwané para bangsa kuwi dudu Allah, nanging Allah sing nitahaké langit.

6Panjenengané kagungan kamulyan lan kaluhuran, prabawa lan kaéndahan ana ing pasucèné.

7Hé para bangsa, Allah piyambak, ya Panjenengané piyambak kasaosana kamulyan lan pangwasa.

8Pangéran saosana kaurmataning asmané, padha nggawaa pisungsung lan mlebua ing platarané!

9Padha sujuda marang Allah, nganggo sandhangan kasucèn. Padha gemetera ana ing ngarsané, hé salumahé bumi kabèh.

10Sakèhé bangsa padha kandhanana, "Allah jumeneng Raja! Jagad kadhasaran kanthi sentosa, ora bakal gonjing. Panjenengané bakal ngakimi bangsa-bangsa kalawan adil."

11Hé langit lan bumi, padha bungaha! Segara lan apa sing ana ing njeroné padha gemuruha.

12Ara-ara samun padha bungaha, semono uga apa sing ana ing kono kabèh. Wit-witan ing alas bakal padha surak-surak merga bungah.

13Merga Panjenengané rawuh arep ngakimi bumi. Panjenengané bakal ngakimi jagad kalawan adil, lan bangsa-bangsa kalayan kasetyané.



 <<  Mazmur 96 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel