Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 97 >> 

1Gusti Allah jumeneng Ratu! Hé bumi, surak-suraka! Hé pulo-pulo, padha suka-renaa!

2Panjenengané kalimputan ing mendhung lan pepeteng; kabeneran lan keadilan dadi dhasaring pepréntahané.

3Geni ndhisiki tindaké, ngobongi satruné kabèh.

4Bledhègé madhangi sajagad; salumahing bumi ndeleng mula gemeter.

5Gunung-gunung padha ajèr presasat malam ana ing ngarsané Allah, ing ngarsané Gustiné salumahing bumi.

6Langit mratélakaké keadilané, sarta sakèhé para bangsa padha weruh kaluhurané.

7Sakèhé wong kang ngabekti marang reca nandhang kwirangan, iya sing padha ngalembana marang brahala. Sakèhé para déwa sujud nyembah marang Panjenengané.

8Umat ing Sion krungu wartané, mula padha bungah, kutha-kutha ing Yéhuda padha suka-rena, awit saking paukuman Paduka, dhuh Allah.

9Déné Paduka menika Allah Ingkang Mahaluhur, ingkang mengku salumahing bumi; Paduka ngungkuli sakathahing para déwa.

10Hé para wong kang tresna marang Allah, padha sengita marang piala! Panjenengané ngreksa nyawané wong sing dikasihi, padha diuwalaké saka tangané wong duraka.

11Wong mursid padha kasunaran pepadhang, wong sing temen atiné padha kaparingan kabungahan.

12Hé para wong mursid, padha bungaha merga apa sing katindakaké déning Allah. Padha saosa sokur marang asmané kang suci.



 <<  Mazmur 97 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel