Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 11 >> 

1Para pemimpin padha manggon ing Yérusalèm. Rakyat milih saka saben sepuluh brayat, brayat siji sing kudu manggon ing kutha suci Yérusalèm. Enggoné milih mau nganggo diundhi. Sing ora kepilih kena manggon ing kutha-kutha liyané.

2Ing antarané brayat-brayat mau ana sing metu saka rilaning atiné dhéwé njaluk tetep manggon ing Yérusalèm, mula padha dialem déning rakyat.

3Ing kutha-kutha liyané rakyat Israèl, para imam, para wong Lèwi, para pelayan Pedalemané Allah lan para turuné abdiné Suléman padha manggon ing pomahan duwèké dhéwé-dhéwé. Wong Yéhuda lan wong Bènyamin padha manggon ing Yérusalèm.

4(11:4-6) Wong-wong saka taler Yéhuda lan Bènyamin sing manggon ing Yéhuda yakuwi: Saka taler Yéhuda: Ataya bin Uzia, putuné Zakharia. Ing antarané leluhuré yakuwi: Amarya, Séfaca lan Mahalaléèl, Pèrès, Yéhuda. Cacahé 468, kabèh wong gagah prakosa. Maaséya bin Baruk, putuné Kolhozè. Ing antarané leluhuré yakuwi: Hazaya, Adaya, Yoyarib, Zakharia, Syéla, Yéhuda.

5(11:4)

6(11:4)

7(11:7-8) Para warga saka taler Bènyamin: Salu bin Mesulam, putuné Yoèd. Ing antarané para leluhuré yakuwi: Pédaya, Kolaya, Maaséya, Itièl lan Yésaya. Gabai lan Salai. Isih keprenah sedulur cedhak karo Salu. Cacahé kabèh 928, dipimpin déning

8(11:7)

9Yoèl bin Zikri lan wakilé, Yéhuda bin Hasenua.

10(11:10-11) Para imam: Yoyada bin Yoyarib lan Yakin, Seraya bin Hilkia, putuné Mesulam. Ing antarané para leluhuré yakuwi: Zadok, Merayot, Ahitub, sing dadi Imam Agung.

11(11:10)

12Cacahé imam kabèh 822, padha tugas ana ing Pedalemané Allah. Adaya bin Yéroham, putuné Pelalya. Ing antarané para leluhuré yakuwi: Amzi, Zakharia, Pasyhur lan Malkia.

13Lajer-lajeré brayat sing ana ing kulawarga mau cacahé 242. Amasai bin Asaréèl, putuné Anzai. Ing antarané para leluhuré yakuwi: Mesilémot lan Imèr.

14Ing kulawarga iki ana pahlawané 128 sing gagah prakosa. Pemimpiné jenengé Zabdièl bin Gedolim.

15(11:15-18) Para wong Lèwi: Semaya bin Hasub, putuné Azrikam. Ing antarané leluhuré yakuwi: Hasabya lan Buni. Sabbetai lan Yozabad, wong-wong Lèwi penting sing ngawasi pegawéan ing sanjabané Pedalemané Allah. Matania bin Mikha, putuné Zabdi, turuné Azaf. Kuwi pemimpiné para penyanyi ing pangibadah sokuran. Babukya, wakilé Matania. Abda bin Samua, putuné Galal, turuné Yedhutun. Cacahé kabèh 284.

16(11:15)

17(11:15)

18(11:15)

19Para tukang jaga gapura: Akub, Talmon lan sedulur-seduluré. Cacahé kabèh 172.

20Rakyat Israèl, para imam lan para wong Lèwi liyané padha manggon ing pomahané dhéwé-dhéwé ing kutha-kutha Yéhuda.

21Para karyawané Pedalemané Allah padha manggon ing pérangané kutha Yérusalèm sing jenengé Ofèl. Pemimpiné jenengé Ziha lan Gispa.

22Pengawasé wong-wong Lèwi sing manggon ing Yérusalèm yakuwi Uzi lan Bani, putuné Hasabia. Ing antarané leluhuré yakuwi: Matania lan Mikha. Dhèwèké klebu kulawargané Asaf, sing tugasé ngurusi musik yèn ana pangibadah ing Pedalemané Allah.

23Saben kaum gilirané ngurus musik ing Pedalemané Allah ditetepaké déning Sang Prabu.

24Pétahya bin Mesézabeèl saka kaum Zérah, taler Yéhuda, dadi wakilé bangsa Israèl ing kedhaton Pèrsia.

25(11:25-30) Sing akèh-akèh rakyat manggon ing kutha-kutha adoh saka palemahané. Ana sawetara wong saka taler Yéhuda padha manggon ing antarané Bèrsyéba sisih Kidul lan Lebak Hinom sisih Lor. Wong-wong mau padha manggon ing kutha-kutha kasebut ing ngisor iki lan ing désa-désa sakiwa-tengené: Kiryat-Arba, Dibon, Yekabseèl, Yésua, Molada, Bèt-Pèlèt, Hazar-Sual, Mekhona, Èn-Rimon, Zora, Yarmut, Zanoah, Adulam, Azéka, Lakhis.

26(11:25)

27(11:25)

28(11:25)

29(11:25)

30(11:25)

31Ana wong sawetara saka taler Bènyamin sing manggon ing Géba, Mikmas, Ai, Bèthèl lan désa-désa sacedhaké kono,

32yakuwi ing Anatot, Nob, Ananya,

33Hazor, Rama, Gitaim,

34Hadid, Zéboim, Nébalat,

35Lod, Ono lan ing Lebak Tukang-tukang.

36Ana pepanthané wong Lèwi sawetara sing sadurungé kuwi manggon ing daérah Yéhuda padha dikon manggon karo wong-wong Bènyamin



 <<  Nehemia 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel