Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 2 >> 

1Let patang sasi, yakuwi ing sasi Nisan, ing sawijining dina nalika Sang Prabu Artahsasta lagi dhahar, aku ngladèkaké unjukan anggur karo semu sedhih. Durung tau aku katon sedhih ana ing ngarsané Sang Prabu kaya dhèk dina kuwi.

2Mulané Sang Prabu ndangu, "Yagéné kowé katon sedhih, mangka kowé ora lara. Mesthi ana sing kokpikir." Aku kagèt,

3nuli matur, "Sang Prabu mugi sugenga ing selaminipun! Kadospundi enggèn kawula mboten sedhih, menawi kuburanipun para leluhur kawula samenika kebak gempuran lan kori-korining gapuranipun sami kabesmi."

4Pendanguné Sang Prabu, "Dadi, karepmu kepriyé?" Ing sajroning ati aku ndedonga marang Allah ratuning swarga,

5banjur matur marang Sang Prabu mengkéné, "Menawi Sang Prabu dhangan ing penggalih lan marengaken, mugi kersaa ngutus kawula dhateng tanah Yéhuda mbangun kitha menika lan pesaréanipun para leluhur kawula."

6Sang Prabu kang lenggah jèjèr karo Sang Ratu njurungi panyuwunku. Panjenengané ndangu pira lawasé enggonku arep ana ing kana lan kapan enggonku arep bali. Mulané aku iya nuli ngaturi pirsa.

7Aku banjur nyuwun layang kanggo para gubernur ing propinsi Éfrat, supaya nyepetaké lakuku tekan Yéhuda.

8Kejaba kuwi aku iya nyuwun layang kanggo Asaf, pegawé sing ngurusi alas wilayahé kraton, supaya nyawisaké kayu kanggo gapurané bètèng sing ngayomi Pedalemané Allah, lan kanggo témboké kutha, sarta omah sing arep dakenggoni. Kabèh sing daksuwun diparengaké déning Sang Prabu, merga Allah mitulungi aku.

9Aku banjur budhal menyang tanah Éfrat Kulon bebarengan karo perwira tentara jaranan sawetara sing ngawal aku. Tekan kana layangé Sang Prabu dakaturaké marang gubernur.

10Nanging bareng Sanbalat, wong Bèt-Horon, lan Tobia wong Amon, padha krungu yèn tekaku kanggo kepentingané bangsa Israèl, padha mangkel atiné.

11Aku nerusaké lakuku nganti tekan Yérusalèm, banjur ngaso telung dina.

12Nalika semono durung ana wong sing dakkandhani wangsit sing diparingaké déning Allah ana ing atiku bab mbangun kutha Yérusalèm. Ésuké isih bengi, aku wis tangi, banjur ngajak kanca sawetara metu saka kutha. Kejaba kuldi sing daktunggangi aku padha ora nggawa tunggangan liyané.

13Nalika semono isih bengi. Aku padha metu saka kutha liwat lawangé Gapura Lebak sing sisih Kulon. Lakuku ngidul, menyang Gapura Sampah, ngliwati blumbang Naga. Karo mlaku aku mriksa témboké kutha sing wis jugrug lan lawang-lawang sing wis entèk kobong.

14Saka Wétan kutha aku banjur ngalor, menyang Gapura Pancuran lan Blumbang Raja. Nanging ana ing kono ora ana dalan sing kena diambah déning kuldiku, merga saka akèhé jugrugan.

15Mulané aku banjur medhun menyang Lebak Kidron. Bengi kuwi uga aku nerusaké lakuku karo mriksa témboké kutha. Sawisé mengkono aku banjur ménggok lan bali menèh menyang kutha metu Gapura Lebak.

16Para penggedhéné kutha kono ora ana siji-sijia sing ngerti yèn aku lunga lan iya ora ngerti apa sing dakrancang. Sebab aku ora kandha apa-apa karo wong Yahudi siji waé. Para imam lan para penggedhé, para pegawé lan sapa waé sing arep mèlu mbangun kutha Yérusalèm ora ana sing dakkandhani.

17Bareng wis let suwé lagi padha dakkandhani mengkéné, "Kowé padha ngerti dhéwé sepira gedhéné kasangsaran kita iki! Yérusalèm mung rupa jugrugan lan lawang-lawanging gapurané entèk kobong kabèh. Ayo kita padha mbangun témbok-témboké kutha Yérusalèm, supaya kita aja disepèlèkaké déning wong."

18Aku banjur nyritakaké marang wong-wong mau carané Gusti Allah olèhé mitulungi aku lan apa sing dingandikakaké déning Sang Prabu marang aku. Wong-wong mau padha mangsuli, "Sumangga kita miwiti mbangun!" Banjur padha cancut nyambut-gawé.

19Bareng Sanbalat, Tobia lan Gèsèm wong Arab padha krungu rancanganku sakanca, banjur padha nggeguyu lan moyoki. Tembungé, "Kowé kuwi padha arep apa? Apa kowé arep padha mbrontak Sang Prabu?"

20Aku mangsuli, "Allah ratuning swarga kang bakal ndadèkaké aku olèh gawé. Aku iki padha para abdiné lan arep wiwit mbangun. Nanging kowé padha ora wenang mèlu nduwèni Yérusalèm. Malah yèn wong padha ngrembug bab kutha Yérusalèm, jenengmu ora bakal kasebut-sebut."



 <<  Nehemia 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel