Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 7 >> 

1Sawisé pembanguné témbok rampung, aku akon masang ineb-inebing lawang. Para tukang njaga gapura, para penyanyi lan wong-wong Lèwi dakkon nglakoni kuwajibané dhéwé-dhéwé.

2Pepréntahané kutha Yérusalèm banjur dakpasrahaké marang sedulurku Hanani karo Hananya, panglimané bètèng, merga Hananya kuwi wong sing mursidé ngungkuli wong-wong liyané, lan kena diprecaya.

3Kandhaku marang wong loro mau, "Lawang-lawangé gapura kutha Yérusalèm mung kena dibukak yèn wis awan lan kudu ditutup sarta dipasang slorogané sadurungé para wong jaga padha mulih ing wayah soré. Kejaba kuwi ing antarané penduduk Yérusalèm kudu ana sing rondha; sapérangan jaga ana ing pos-pos penjagaan lan sapérangan patroli ing daérahé kampungé dhéwé-dhéwe’."

4Yérusalèm kuwi kuthané gedhé, nanging penduduké mung sethithik. Omah sing didegaké iya durung akèh.

5Aku kaparingan wangsit déning Allah kadhawuhan nglumpukaké rakyat, para pengarep lan para penggedhé, lan nyacahaké wong-wong mau miturut sarasilahé. Ana ing kono aku nemu cathetané wong-wong sing dhisik dhéwé teka saka pembuwangan. Ketrangan sing ana ing cathetan mau mengkéné:

6Akèh wong buwangan sing lunga saka propinsi Babil, bali menyang Yérusalèm lan Yéhuda, saben wong menyang kuthané dhéwé-dhéwé. Kulawargané wong-wong mau wis suwé manggon ing pembuwangan ing Babil, wiwit padha ditawan lan digawa mrana déning Raja Nebukadnésar.

7Pemimpin-pemimpiné yakuwi Zérubabel, Yésua, Néhémia, Azarya, Raamya, Nahamani, Mordekhai, Bilsan, Mispèrèt, Bigwai, Nehum lan Baana.

8(7:8-25) Daftaré para kulawarga Israèl lan cacahé saben kulawarga sing teka saka pembuwangan kuwi mengkéné: Paros-2.172; Séfaca-372; Arah-652; Pahat-Moab (turuné Yésua lan Yoab)-2.818; Élam-1.254; Zatu-845; Zakai-760; Binui-648; Bébai-628; Azgad-2.322; Adonikam-667; Bigwai-2.067; Adin-655; Atèr (uga karan Hizkia)-98; Hasum-328; Bésai-324; Harif-112; Gibéon-95.

9(7:8)

10(7:8)

11(7:8)

12(7:8)

13(7:8)

14(7:8)

15(7:8)

16(7:8)

17(7:8)

18(7:8)

19(7:8)

20(7:8)

21(7:8)

22(7:8)

23(7:8)

24(7:8)

25(7:8)

26(7:26-38) Wong-wong sing leluhuré manggon ing kutha-kutha ing ngisor iki uga padha teka saka pembuwangan: Kutha Bètléhèm lan Netofa-188; Anatot-128; Bèt-Azmawèt-42; Kiryat-Yéarim, Kéfira lan Baérat-743; Rama lan Gaba-621; Mikmas-122; Bètèl lan Ai-123; Nébo liyané-52; Élam liyané-1.254; Harim-320; Yérikho-345; Lod, Hadis lan Ono-721; Sénaa-3.930;

27(7:26)

28(7:26)

29(7:26)

30(7:26)

31(7:26)

32(7:26)

33(7:26)

34(7:26)

35(7:26)

36(7:26)

37(7:26)

38(7:26)

39(7:39-42) Daftaré para imam sing teka saka pembuwangan yakuwi: Yédaya (turuné Yésua)-973; Imèr-1.052; Pasyhur-1.247; Harim-1.017.

40(7:39)

41(7:39)

42(7:39)

43(7:43-45) Kulawargané Lèwi sing teka saka pembuwangan yakuwi: Yésua lan Kadmièl (turuné Hodawa) -74; Para pemain musik ing Pedalemané Allah -148; Para tukang jaga gapurané Pedalemané Allah (turuné Salum, Atèr, Talmon, Akub, Hatika lan Sobai) -138;

44(7:43)

45(7:43)

46(7:46-56) Daftar kulawangsané para tukang sing nggarap Pedalemané Allah sing teka saka pembuwangan yakuwi: Ziha, Hasufa, Tabaot, Kéros, Sia, Padon, Lebana, Hagaba, Salmai, Hanan, Gidèl, Gahar, Réaya, Rézin, Nékoda, Gazam, Uza, Paséah, Bésai, Méunim, Néfusim, Bakbuk, Hakufa, Harhur, Bazlit, Mehida, Harsa, Barkos, Siséra, Temah, Néziah lan Hatifa.

47(7:46)

48(7:46)

49(7:46)

50(7:46)

51(7:46)

52(7:46)

53(7:46)

54(7:46)

55(7:46)

56(7:46)

57(7:57-59) Kulawangsané para abdiné Suléman sing teka saka pembuwangan: Sotai, Sofèrèt, Perida, Yaala, Darkon, Gidèl, Séfaca, Hatil, Pokhèrèt-Hazebaim, Amon.

58(7:57)

59(7:57)

60Anak-turuné para peladèn ing Pedalemané Allah lan para abdiné Suléman sing padha teka saka pembuwangan cacahé 392.

61(7:61-62) Ing antarané wong-wong sing padha bali saka kutha-kutha Tèl-Mèlah, Tèl-Harsa, Kerub, Adon lan Imèr ana 642 sing klebu kaum Délaya, Tobia lan Nékoda; nanging wong-wong mau padha ora bisa mbuktèkaké yèn wong-wong mau klebu turuné wong Israèl.

62(7:61)

63(7:63-64) Iya ana kulawangsané imam sing ora bisa nemokaké cathetan sing nyebutaké sapa leluhuré. Yakuwi kaum Habaya, Hakos lan Barzilai. (Ana leluhuré kaum Imam Barzilai sing kawin karo wong wadon turuné kaum Barzilai ing Giléad lan banjur nganggo jenengé kulawargané maratuwané.) Sarèhné ora bisa mbuktèkaké sapa leluhuré, mulané ora bisa diangkat dadi imam.

64(7:63)

65Gubernur daérah Yéhuda ora nglilani wong-wong mau mangan panganan sing disaosaké marang Allah, nganti ana imam sing bisa nyuwun pituduh srana Urim lan Tumim.

66(7:66-69) Wong-wong buwangan sing bali menyang negarané kabèh cacahé 42.360. Kejaba kuwi para réwangé mèlu bali, cacahé 7.337, lan penyanyi cacahé 245. Wong-wong mau padha nggawa kéwan-kéwané, yakuwi: Jaran-736; Bihal-245; Unta-435; Kuldi-6.720;

67(7:66)

68(7:66)

69(7:66)

70(7:70-72) Ing antarané rakyat akèh sing nyumbang kanggo ngènthèng-ènthèngi ragadé ndandani Pedalemané Allah. Saka gubernur: emas 8 kilogram; mangkok upacara 50; jubah imam 530 iji. Saka para lajeré kulawangsa: emas 168 kilogram; slaka 1.250 kilogram. Saka wong liya-liyané: emas 168 kilogram; slaka 140 kilogram; jubah imam 67 iji.

71(7:70)

72(7:70)

73Para imam, wong Lèwi, para tukang jaga gapura Pedalemané Allah, para penyanyi rakyat, para peladèn ing Pedalemané Allah, ringkesé rakyat Israèl kabèh, padha manggon ing kutha-kutha lan désa-désa ing Yéhuda.



 <<  Nehemia 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel