Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 8 >> 

1Ing sasi kapitu wong Israèl wis padha manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé. Nalika tanggal siji sasi kuwi wong kabèh padha nglumpuk ing Yérusalèm, ing alun-alun sangarepé Gapura Banyu. Wong-wong mau padha nyuwun supaya Imam Ézra mundhut Kitab Torèt. Ézra kuwi ahli Torèt, yakuwi Kitab sing kaparingaké déning Allah lantaran Musa.

2Ézra banjur nggawa Kitab mau ana ing satengahé kumpulan. Sing nglumpuk ing kono mau wong lanang, wong wadon lan wong-wong nom sing wis bisa nampa.

3Ézra banjur macakaké Torèt marang wong-wong mau saka ésuk tekan awan. Wong kabèh padha ngrungokaké temenan.

4Ézra ngadeg ing panggungan kayu, sing digawé kanggo kapreluan mau. Wong-wong sing padha ngadeg ing sisih tengené yakuwi: Matica, Séma, Anaya, Uria, Hilkia lan Maaséya; ing sisih kiwané: Pédaya, Misaèl, Malkia, Hasum, Hasbadana, Zakharia lan Mesulom.

5Panggungan sing dienggo ngadeg Ézra mau luwih dhuwur tinimbang wong-wong sing padha ngadeg, mula wong kabèh bisa ndeleng dhèwèké. Nalika Ézra mbukak Kitab Torèt mau, wong kabèh padha ngadeg.

6Pangucapé Ézra, "Pinujia Pangéran, Allah kang mahamulya." Rakyat kabèh banjur padha ngangkat tangané lan mangsuli, "Amin, amin!" Banjur padha sujud nyembah marang Allah.

7Sawisé mengkono banjur padha ngadeg menèh ana ing panggonané dhéwé-dhéwé. Banjur ana wong Lèwi sawetara sing nerangaké Torèt mau. Wong-wong Lèwi mau yakuwi: Yésua, Bani, Sèrèbya, Yamin, Akub, Sabbetai, Hodia, Maaséya, Kelita, Azarya, Haman lan Pelaya.

8Wong-wong Lèwi mau nyalin basané Torèt lan diterangaké nganti rakyat ngerti tegesé.

9Krungu surasané Torèt mau, rakyat gumun banget, nganti padha nangis. Gubernur Néhémia, Imam Ézra, ahli Torèt, sarta wong-wong Lèwi sing padha njarwakaké Torèt mau banjur ngandhani rakyat mengkéné, "Dina iki kita pilih lan kita saosaké marang Allah, mula aja padha susah atimu lan aja nangis.

10Padha muliha lan bungah-bungaha. Panganmu lan anggurmu sebagéan wènèhna marang wong sing kekurangan. Dina iki dina kusus kagem Allah kita, dadi aja padha susah. Kabungahan sing diparingaké déning Allah marang kowé bakal nguwataké kowé."

11Wong Lèwi iya padha nentremaké atiné rakyat lan kandha karo dibolan-balèni mengkéné, "Ing dina sing kita saosaké kagem Allah iki kowé aja padha susah."

12Rakyat kabèh banjur padha mulih, padha mangan lan ngombè sarta padha ngedum pangan marang wong liya. Wong-wong mau padha bungah merga padha ngerti surasané wacan sing mentas dirungu.

13Ésuké para tuwa-tuwané kulawarga padha nglumpuk, semono uga para imam lan wong Lèwi, banjur padha nekani Ézra kepéngin nyinau Torèt.

14Ana ing Kitab Torèt sing diparingaké déning Allah lantaran Nabi Musa mau, Pangéran dhawuh supaya umat Israèl sajroné Riaya Tarub Godhong padha manggon ing tarub-tarub sing digawé saka gegodhongan.

15Mulané ing Yérusalèm lan ing kutha-kutha sarta ing désa-désa wong-wong padha didhawuhi mengkéné, "Padha lungaa menyang pegunungan, golèka godhong cemara, godhong wit zaitun, godhong palem lan godhongé wit liya-liyané kanggo gawé tarub, kaya sing diatur ana ing Kitab Torèt."

16Rakyat banjur budhal golèk pangpangé wit-witan mau. Kabèh banjur padha gawé tarub nganggo payon godhong ana ing pekarangané omahé, ana ing plataraning Pedalemané Allah, ing alun-alun sacedhaké Gapura Banyu, lan ing alun-alun sacedhaké Gapura Éfraim.

17Rakyat kabèh sing teka saka pembuwangan padha gawé tarub sarta manggon ana ing kono. Lagi sepisan kuwi sapungkuré Yosua bin Nun, wong kabèh padha bungah lan rumangsa begja.

18Enggoné padha pésta lawasé pitung dina. Saben dina Ézra macakaké bagéan-bagéané Kitab Torèt. Ing dina kaping woluné dianakaké upacara penutupan.



 <<  Nehemia 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel