Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 15 >> 

1Kita sing padha kuwat precayané, kudu nyabari para sedulur sing precayané ringkih. Kita aja padha mburu marang kesenengan kita dhéwé waé.

2Malah kita dhéwé-dhéwé kudu padha ngarah gawé senengé atiné sedulur-sedulur kita, amrih beciké sedulur-sedulur mau, supaya precayané dadia sentosa.

3Sebab Sang Kristus uga ora ngupaya kasenengané piyambak, nanging kaya kang dingandikakaké ing Kitab Suci: "Awit sedaya tembung penacadipun tiyang dhateng Paduka, dhawahipun wonten ing kawula."

4Awit samubarang sing katulis ana ing Kitab Suci, kuwi minangka piwulang tumrap kita, supaya kita duwé pengarep-arep, mung marang Gusti Allah srana kesabaran lan pangatag-atag, sing kawulanga déning Kitab Suci mau.

5Muga-muga Gusti Allah, etuking sabar mantep sarta panglipur, ndadèkaké kowé bisa tunggal panemu karo padha sedulur, srana enggonmu nulad marang Sang Kristus Yésus.

6Supaya kowé klawan saiyeg padha bisa ngluhuraké Gusti Allah, Ramané Gusti kita Yésus Kristus.

7Kaya déné Gusti Yésus Kristus enggoné wis nampani kowé, semono uga kowé padha nampanana pepadhamu, kagem kaluhurané Gusti Allah.

8Awit kaya sing wis dakkandhakaké, yèn Sang Kristus wis ngasoraké sarirané, dadi budhak tumraping wong Yahudi, supaya ngetingalna kasetyané Gusti Allah, uga supaya prejanji-prejanjiné Gusti Allah karo para leluhur, kelakon temenan.

9Semono uga supaya para wong dudu Yahudi ngluhuraké Gusti Allah, merga sih-rahmaté. Kaya sing katulis ing Kitab Suci mengkéné: "Mila kawula badhé ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa, saha memuji asma Paduka kanthi ngidungaken pepujian."

10Lan uga ngendika mengkéné: "Hé, para bangsa, padha bungah-bungaha, bareng karo umaté kang kapilih."

11Lan menèh: "Hé, para bangsa, padha saosa puji marang Pangéran, sarta sakèhing taleré bangsa padha memujia marang Panjenengané."

12Sabanjuré Nabi Yésaya ngandika: "Bakal ana sogol thukul saka tunggaké Isai, bakal jumeneng ngerèh para bangsa sarta iya Panjenengané kuwi sing dadi pengarep-arepé para bangsa mau."

13Muga-muga Gusti Allah, etuking pengarep-arep, ngebakana atimu klawan kabungahan lan katentreman, amarga precayamu marang Panjenengané, supaya pengarep-arepmu lestari tuwuh déning pakaryané Sang Roh Suci.

14Para sedulur: Aku yakin, yèn kowé sugih kabecikan, sarta mumpuni ing sadhéngah kawruh; mula bisa mulang sapepadhamu.

15Éwasemono ing layang iki aku kumawani ngandhakaké prekara sawetara klawan kendel, arupa pepéling sing wis dakkabaraké marang kowé. Enggonku wani nulis klawan kendel, kuwi merga saka ganjaran sing kaparingaké déning Gusti Allah marang aku.

16Yakuwi enggonku kadadèkaké abdiné Gusti Yésus Kristus, supaya nyambut-gawé ana ing antarané bangsa-bangsa dudu Yahudi. Enggonku ngabaraké Injilé Gusti Allah kuwi presasat imam, supaya wong dudu Yahudi bisa dadi kurban kang gawé renaning penggalihé Gusti Allah, lumadi marang Panjenengané, merga déning pakaryané Sang Roh Suci.

17Mulané ana ing patunggilané Gusti Yésus Kristus, atiku mongkog déné kepareng lelados kagem Gusti Allah.

18Aku mung wani nyritakaké apa sing wis ditindakaké Sang Kristus lumantar aku, yakuwi nuntun bangsa-bangsa dudu Yahudi srana tembung lan penggawé, supaya padha mbangun-turuta marang Gusti Allah.

19Leladiku mau srana migunakaké pratandha lan mujijat sarta pangwasané Sang Roh Suci. Iya kaya mengkono mau, sajroné lelungan saka kutha Yérusalèm tekan tanah Ilirikum, sedalan-dalan aku tansah ngabaraké Injil kanthi jangkep, bab Gusti Yésus Kristus.

20Sing dakkepéngini banget kuwi ngabaraké Injil ing panggonan-panggonan sing durung tau krungu bab Gusti Yésus Kristus, supaya srana mengkono aku ora ngedegaké bangunan ana ing pondhasi yasané wong liya.

21Kaya sing katulis ing Kitab Suci: "Wong sing durung tau kawartanan bab Panjenengané, bakal padha ndeleng Panjenengané, sarta wong sing durung tau krungu bab Panjenengané, bakal padha mangerti."

22Iya merga sing mengkono mau, aku tansah kepalang enggonku nekani kowé.

23Nanging saiki pegawéanku ing wilayah kéné wis rampung, lan sarèhné wis pirang-pirang taun enggonku kepéngin niliki kowé,

24panyuwunku muga-muga bisa kelakon. Yèn aku lelungan menyang Spanyol, aku kepéngin mampir mrono niliki kowé. Sawisé mampir sawetara lawasé ana ing kutha Rum, aku kepéngin kokbantu supaya bisa nerusaké lakuku menyang Spanyol.

25Saiki aku lagi lelungan menyang kutha Yérusalèm, ngladosi umaté Gusti Allah sing ana ing kono.

26Sebab pasamuwan-pasamuwan ing tanah Makédonia lan tanah Yunani wis gawé putusan metu saka lilaning atiné, ngirimaké sumbangan kanggo para umaté Gusti Allah ing kutha Yérusalèm, sing padha kesrakat.

27Putusan kuwi metu saka karepé wong-wong mau dhéwé, lan pancèn sanyatané, wong-wong kuwi padha duwé kuwajiban mbiyantu sedulur-sedulur sing miskin. Wong Yahudi wis padha ngedum-edumaké bandhané kasukman ana ing antarané bangsa dudu Yahudi, mula wis samesthiné, yèn bangsa dudu Yahudi mau genti padha mbiyantu wong-wong Yahudi nganggo bandhané kadonyan.

28Yèn tugasku iki wis rampung, yakuwi yèn aku wis masrahaké dhuwit mau kabèh, sing dikumpulaké kanggo wong-wong miskin ing kutha Yérusalèm, aku bakal mangkat menyang tanah Spanyol, lan mampir niliki kowé ana ing kutha Rum.

29Aku yakin, yèn satekaku ana ing antaramu, bakal nggawa berkahé Sang Kristus sakatogé.

30Para sedulur! Krana asmané Gusti Yésus Kristus, lan krana sih-katresnan peparingé Sang Roh Suci, kowé dakjaluk padha bebarengan ndedonga kalayan tumemen karo aku, nyuwun marang Gusti Allah, supaya aku kaparingana keslametan.

31Aku padha dongakna supaya aku kauwalaké saka panguya-uyané para wong sing ora precaya ana ing tanah Yudéa, lan supaya enggonku nglakoni ayahan ditampa becik déning umaté Gusti Allah, sing ana ing kutha Yérusalèm.

32Srana mengkono, yèn diparengaké déning Gusti Allah, aku bisa nekani kowé klawan ati kang bungah, temah enggonku niliki kowé mau gawé segeré atiku lan atimu.

33Muga-muga Gusti Allah, etuking katentreman, nunggil karo kowé. Amin.



 <<  Roma 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel