Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 4 >> 

1Yèn mengkono, banjur kepriyé tumraping Rama Abraham leluhur kita? Kepriyé pengalamané?

2Menawa Rama Abraham enggoné kabeneraké déning Gusti Allah kuwi merga saka penggawéné, ana alasané kanggo gumunggung. Nanging panjenengané ora bisa gumunggung ana ing ngarsané Gusti Allah.

3Kitab Suci nyebutaké: "Abraham precaya marang Gusti Allah, lan merga enggoné precaya mau Abraham ditampa déning Gusti Allah, dadi wong sing nglakoni kersané Gusti Allah."

4Wong sing nyambut-gawé kuwi lumrahé nampa bayar, kang minangka opahé, dudu ganjaran.

5Nanging tumraping Gusti Allah ora mengkono. Nyatané ana wong sing ora gumantung saka penggawéné. Wong mau pasrah marang Gusti Allah, sing nganggep wong dosa ora duwé dosa. Yèn Gusti Allah ngrukunaké sarirané piyambak karo wong dosa, kuwi Gusti Allah mung mirsani precayané wong mau.

6Ya wong sing mengkono kuwi sing dikersakaké déning Sang Prabu Dawud, mulané panjenengané ngandikakaké bab kabegjané wong sing ditampa déning Gusti Allah, dianggep tanpa keluputan, sarta ora kaétang bab penggawéné. Pangandikané Sang Prabu Dawud mengkéné:

7"Iba begjané wong sing keluputané diapura déning Gusti Allah lan dosa-dosané dialing-alingi déning Pangéran!

8Saiba begjané wong, sing dosa-dosané ora diétung déning Gusti Allah!"

9Apa kabegjan sing dingandikakaké déning Sang Prabu Dawud mau mung katujokaké marang wong sing tetakan waé? Ora! Kabegjan mau iya katetepaké tumrap wong sing ora tetakan. Kaya pangandika sing kasebut ing ndhuwur mau: "Abraham precaya marang Gusti Allah, lan merga saka enggoné precaya mau dhèwèké ditampi déning Gusti Allah, dadi wong sing nglakoni kersané."

10Wiwit dhèk kapan tumindaké prekara mau? Sadurungé apa sawisé Rama Abraham ditetaki? Pancèn sadurungé ditetaki, dudu sakwisé.

11Lagi sawisé kuwi Rama Abraham tetak, lan tetak mau mung pretandha kanggo mbuktèkaké, yèn merga saka precayané, Gusti Allah wis nampani Rama Abraham mau, dadi wong sing nglakoni kersané. Kaya mengkono enggoné Rama Abraham dadi rama kasukmané sakèhing wong sing precaya marang Gusti Allah, lan sing diparengaké déning Gusti Allah dadi wong sing nglakoni kersané, senajan wong-wong mau padha ora ditetaki.

12Rama Abraham uga dadi rama kasukmané wong-wong sing padha ditetaki, ora merga saka enggoné tetakan, nanging merga saka precayané, padha karo Rama Abraham piyambak nalika panjenengané durung ditetaki.

13Gusti Allah janji marang Rama Abraham lan tedhak-turuné, yèn jagad iki bakal dadi warisané. Enggoné Gusti Allah janji mengkono mau ora merga saka pambangun-turuté Rama Abraham marang kersané Gusti Allah, nanging merga Rama Abraham precaya; mulané banjur ditampi déning Gusti Allah, dianggep wong sing nglakoni kersané.

14Menawa Gusti Allah maringaké janjiné mung marang wong sing padha nglakoni Angger-anggering Torèt waé, lha rak ora ana gunané wong precaya marang Gusti Allah, lan janji-janjiné Gusti Allah iya banjur ora ana paédahé.

15Torèt kuwi mung nekakaké bebenduné Gusti Allah. Nanging yèn ora ana angger-angger, dadi iya ora ana panerak.

16Prejanjiné Gusti Allah kuwi kaparingaké adhedhasar precaya, supaya cetha yèn kuwi kanugrahané Gusti Allah marang tedhak-turuné Rama Abraham kabèh; marang wong sing padha urip manut Torèt, semono uga marang wong sing padha precaya nulad Rama Abraham, merga Rama Abraham kuwi rama kasukman kita kabèh.

17Gusti Allah ngandika marang Rama Abraham: "Aku wis ndadèkaké kowé bapakné bangsa pirang-pirang." Kaya mengkono Rama Abraham ana ing paningalé Gusti Allah, sing dadi andel-andelé. Iya Gusti Allah sing nguripaké wong mati, sing nyabdakaké barang sing ora ana dadi ana.

18Rama Abraham precaya lan tetep kagungan pengarep-arep, senajan kaya-kaya wis ora bakal kelakon dadi bapakné bangsa pirang-pirang; kaya pangandikaning Kitab Suci: "Anak-turunmu bakal semono akèhé."

19Rama Abraham nalika semana wis mèh yuswa satus taun, nanging precayané ora suda. Precayané mau ora luntur, senajan nyatané ibu Sarah kuwi gabug.

20Panjenengané babar-pisan ora mangu-mangu bab prejanjiné Gusti Allah. Precayané kuwi sing mènèhi kekuwatan marang Rama Abraham, mulané panjenengané bisa tansah memuji asmané Gusti Allah.

21Rama Abraham yakin yèn Gusti Allah kwasa nindakaké apa sing wis dijanjèkaké.

22Yakuwi sing marakaké Rama Abraham katampi déning Gusti Allah, kaanggep dadi wong sing nglakoni kersané.

23Tembung "katampi déning Gusti Allah, kaanggep dadi wong sing nglakoni kersané" kuwi ora mung katulis kanggo Rama Abraham thok,

24nanging iya katulis kanggo kita, sing bakal uga padha kaanggep nglakoni kersané Gusti Allah; yakuwi kita sing padha precaya marang Gusti Allah, sing wis mungokaké Gusti Yésus, saka ing séda.

25Gusti Yésus mau ditégakaké déning Gusti Allah nganti séda, merga dosa-dosa kita; Panjenengané kawungokaké saka ing séda supaya ngrukunaké kita karo Gusti Allah.



 <<  Roma 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel