Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 5 >> 

1Saiki, sarèhné kita wis dirukunaké karo Gusti Allah merga precaya, urip kita padha tentrem ana ing astané Gusti Allah lantaran Yésus Kristus, Gusti kita.

2Merga déning precaya kita, Gusti Yésus Kristus wis marengaké kita padha ngrasakaké sih-rahmaté Gusti Allah, lan saiki kita padha urip wewaton sih-rahmat mau. Mulané kita padha bungah-bungah merga kita nganti-anti bakal olèh panduman kamulyané Gusti Allah!

3Kita iya padha bisa bungah sajroné kasusahan, sebab kita ngerti yèn kasusahan mono njalari sabar,

4lan sabar kuwi dadi keparengé Gusti Allah, lan apa sing dadi keparengé Gusti Allah kuwi nekakaké pengarep-arep.

5Pengarep-arep mau ora gawé gelané ati kita, sebab Gusti Allah wis ngesokaké sihé ana ing ati kita lantaran Rohé kang suci. Sang Roh Suci kuwi peparingé Gusti Allah marang kita.

6Nalika kita ora keconggah nylametaké awak kita dhéwé ing wektu sing wis katemtokaké déning Gusti Allah, Gusti Yésus Kristus séda kanggo kita para wong dosa.

7Ora gampang golèk wong sing gelem mati senajan kanggo wong sing bener pisan. Bisa uga ana sing gelem mati kanggo nglabuhi wong sing becik.

8Nanging Gusti Allah wis ngetingalaké marang kita, sepira gedhéning sihé marang kita, awit Sang Kristus wis nglampahi séda kanggo kita, nalika kita isih padha ana ing sajroning dosa!

9Merga saka sédané Sang Kristus, kita saiki wis padha katunggilaké karo Gusti Allah. Mulané saiki kita saya luwih yakin, yèn kita mesthi bakal padha dislametaké déning Sang Kristus saka bebenduning Allah.

10Biyèn nalika kita padha memungsuhan karo Gusti Allah waé, padha didadèkaké mitrané lantaran sédané Kang Putra, luwih-luwih saiki bareng kita wis padha dadi mitrané Gusti Allah, mesthi bakal padha dislametaké déning wunguné Gusti Yésus!

11Ora ngemungaké kuwi waé. Kita padha bungah ing patunggilané Gusti Allah, lantaran Gusti kita Yésus Kristus, sing dadi mergané kita padha dadi para mitrané Gusti Allah.

12Mlebuné dosa ana ing donya kuwi jalaran saka wong siji, lan dosané wong siji mau nekakaké pati. Pati mau nuli nyrambahi sakèhing manungsa, sebab saben manungsa wis nglakoni gawé dosa.

13Dosa wis ana ing jagad sadurungé Torèt kaparingaké déning Gusti Allah. Nanging yèn ora ana angger-angger, dosa ora kapétung.

14Éwasemono wiwit saka jamané Bapak Adam nganti tekan jamané Nabi Musa, pati wis nindakaké pangwasané ana ing uripé saben manungsa, klebu wong-wong sing ora nglakoni dosa kaya Bapak Adam, enggoné nerak angger-anggeré Gusti Allah. Bapak Adam kuwi gambaré Sang Kristus sing bakal rawuh.

15Nanging sakaroné ora padha, sebab kanugrahané Gusti Allah ngluwihi yèn ditimbang karo dosané Bapak Adam. Pancèn akèh wong sing padha mati, merga dosané wong siji (Adam) mau; nanging sih-rahmaté Gusti Allah luwih gedhé menèh. Mengkono uga sih-kanugrahané Gusti Allah sing kaparingaké ora nganggo bayaran marang wong akèh, lantaran sih-kamirahané wong siji, yakuwi Gusti Yésus Kristus.

16Pancèn gedhé banget bédané kanugrahané Gusti Allah karo dosané wong siji mau. Nalika dosané wong siji mau ditetepaké: "Salah"; nanging bareng dosa mundhak akèh, nuli putusané kanugrahan kadhawuhaké: "Ora Salah".

17Pancèn merga paneraké wong siji, pati nuli wiwit ngambra-ambra, jalaran wong siji mau; éwasemono luwih gedhé pangwasané wong siji liyané, yakuwi Gusti Yésus Kristus! Saben wong siji nampani kalubèraning sih-rahmaté Gusti Allah, lan nampani kayektèn, sing diparingaké kanthi gratis, bakal urip, lan nindakaké pangwasa lantaran Gusti Yésus Kristus.

18Yèn mengkono, kaya déné paneraké wong siji nekakaké paukuman marang wong akèh, mengkono uga penggawéné wong siji sing bener, ngluwari wong akèh, lan marakaké wong akèh mau padha urip.

19Padha kaya pembangkangé wong sing siji mau njalari wong akèh padha dadi wong dosa, kaya mengkono uga, merga pambangun-turuté wong siji, akèh wong banjur padha kabeneraké.

20Torèt kuwi kaparingaké déning Gusti Allah. Nanging nyatané panerak saya mundhak akèh. Samasa dosa mundhak akèh, sih-rahmaté uga saya mundhak gedhé.

21Padha kaya patining manungsa merga saka dosané, kaya mengkono uga sih-rahmaté Gusti Allah ngwasani uripé manungsa srana bebeneran, lan nuntun kita marang urip langgeng, lantaran Yésus Kristus, Gusti kita.



 <<  Roma 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel