Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 7 >> 

1Para sedulur mesthiné kowé padha ngerti marang undhang-undhang lan pangwasané undhang-undhang kuwi mung sajroné wong mau isih urip.

2Kaya upamané wong wadon sing duwé bojo, kuwi olèhé kecencang karo bojoné srana undhang-undhang mung selawasé sing lanang isih urip. Nanging samasa sing lanang wis mati, sing wadon wis ora kecencang karo bojoné.

3Yèn wong wadon mau nalika sing lanang isih urip, urip bebarengan karo wong lanang liya, wong wadon mau diarani laku bédhang. Nanging yèn sing lanang wis mati, manut undhang-undhang wong wadon kuwi bébas, lan saupama kawin menèh karo wong lanang liya, ora kena diarani laku bédhang.

4Mengkono uga tumrap kowé, para sedulurku. Kowé wis padha mati mungguhing Torèt, jalaran kowé wis padha ditunggilaké karo sarirané Sang Kristus. Saiki kowé wis dadi kagungané Gusti Yésus, sing wis kawungokaké saka ing séda, supaya urip kita ana paédahé kagem Gusti Allah.

5Sebab biyèn nalika kita isih padha urip manut karep kita dhéwé, hawa-nepsuning dosa sing merga déning Torèt masésani badan kita, lan nekakaké pati.

6Nanging saiki kita wis bébas saka pamengkuné Torèt, sebab kita wis padha mati mungguhing Torèt, sing biyèn nancang kita. Kita wis ora padha ngabekti manut cara sing lawas, yakuwi manut angger-angger sing wujud tulisan; nanging saiki kita padha ngabekti nganggo cara anyar, manut panuntuné Sang Roh Suci.

7Yèn mengkono, kita arep muni kepriyé? Apa Torèt dhéwé kuwi dosa? Ora! Nanging Torèt kuwi sing marakaké aku ngerti, apa sing diarani dosa mau. Yèn ora ana Angger-anggering Torèt sing muni: "Kowé aja mélik," aku ora ngerti apa sing diarani mélik.

8Dosa banjur olèh dalan nuwuhaké nepsu rupa-rupa ana ing atiku, lantaran Angger-anggering Torèt; sebab tanpa Angger-anggering Torèt, dosa kuwi mati.

9Biyèn aku urip tanpa Torèt, nanging bareng Angger-anggering Torèt ditrapaké, dosa iya nuli wiwit urip; kosokbaliné aku mati.

10Dadi Torèt sing karepé supaya marakaké urip kanggoné aku malah banjur marakaké mati.

11Ana ing Angger-anggering Torèt kuwi, si dosa olèh dalan ngapusi aku, lan merga déning angger-angger mau si dosa kuwi wis matèni aku.

12Mangka Angger-anggering Torèt dhéwé kuwi pinangkané saka Gusti Allah, lan pepakon-pepakoné kuwi saka Gusti Allah, sarta bener lan becik.

13Apa kuwi ateges, yèn barang sing becik mau marakaké aku mati? Ora! Nanging si dosa sing njalari patiku. Klawan patrap migunakaké Torèt, barang sing becik mau, si dosa njalari patiku, supaya si dosa kuwi katon wujudé sing satemené. Srana anané Torèt, ketitik sepira gedhéné dayaning dosa mau.

14Kita ngerti yèn Torèt kuwi asalé saka Gusti Allah lan sipat kasukman, nanging aku iki sipat kedagingan, lan dadi budhaké si dosa.

15Aku dhéwé ora ngerti apa sing daklakoni. Aku ora nglakoni apa sing dakpéngini, malah aku nglakoni apa sing daksengiti.

16Menawa aku nglakoni apa sing satemené ora dakkarepaké, kuwi mbuktèkaké yèn aku ngakoni menawa Angger-anggering Torèt kuwi bener.

17Yèn mengkono, satemené dudu aku sing nglakoni kuwi mau, nanging si dosa sing ana ing aku.

18Aku ngakoni, yèn aku iki manungsa, ora kadunungan apa-apa sing becik. Senajan aku kepéngin nindakaké sing becik, nanging aku ora bisa nglakoni.

19Mulané aku ora nglakoni kabecikan sing dakkarepaké mau, malah kosokbaliné, aku nglakoni prekara-prekara sing ala, sing ora dakkarepaké.

20Yèn aku nglakoni prekara-prekara sing ora dakkarepaké, kuwi ateges, dudu aku dhéwé sing nglakoni prekara-prekara mau, nanging si dosa sing ngerèh marang awakku.

21Srana mengkono aku banjur nemu wewaton mengkéné: Samasa aku arep nglakoni sing becik, jebul nyatané sing daklakoni mung sing ala waé.

22Ing batin aku ngèstokaké angger-anggeré Gusti Allah,

23nanging aku ngerti, yèn ing sajroning badanku uga ana angger-angger liya, sing nglawan marang angger-angger mau, sing dianut déning budiku. Angger-angger liya kuwi sing marakaké aku dierèh déning si dosa, sing ngwasani awakku.

24Wong cilaka temenan aku iki. Sapa sing arep ngluwari aku saka badanku, sing marakaké aku mati iki?

25(7:25-26) Pinujia Gusti Allah lantaran Gusti Yésus Kristus, kang kersa ngluwari aku, awit satemené mengkéné: Srana budiku, aku nglakoni angger-anggeré Gusti Allah, nanging srana badanku kamanungsan, aku nglakoni angger-anggeré si dosa.



 <<  Roma 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel