Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Rut 2 >> 

1Ing Bètléhèm kono Naomi duwé sedulur saka kulawargané Élimèlèk, bojoné. Wongé sugih lan kajèn kéringan. Jenengé Boas.

2Ing sawijining dina Rut pamit karo Naomi, "Bu, kula badhé késah dhateng sabin, ngasag jewawut. Kula ngertos mesthi angsal tumut ngasag ing ngriku." Wangsulané Naomi, "Ya, kena, mangkata!"

3Rut banjur budhal, nglumpukaké jewawut sing kècèr ing mburiné para wong sing padha derep. Kebeneran sawah mau duwèké Boas, sing isih keprenah sedulur karo Élimèlèk.

4Ora let suwé Boas teka saka Bètléhèm lan awèh salam karo para buruhé, "Allah mberkahana kowé kabèh." Wangsulané para buruhé, "Sami-sami. Mugi Allah inggih mberkahi panjenengan."

5Boas banjur takon karo mandhoré, "Wong wadon kaé sapa?"

6Wangsulané mandhoré, "Menika tiyang manca, ingkang dhateng sesarengan kaliyan Naomi, saking tanah Moab.

7Tiyang menika sampun nyuwun idin dhateng kula tumut ngasag ing ngriki. Anggènipun wonten ngriki sampun wiwit énjing wau, samenika nembé ngéyub ngiras ngaso."

8(2:8-9) Boas banjur kandha karo Rut, "Kowé ora susah ngasag jewawut ing sawahé wong liya. Ngasaga ing kéné waé. Ngetutna wong-wong wadon sing padha nyambut-gawé ing kéné, mèlua wong-wong kuwi waé, ora susah lunga adoh-adoh. Para buruh lanang wis padha dakkandhani supaya aja ngganggu kowé. Yèn kowé ngelak, ngombéa ing panggonan sing wis dicawisaké kanggo para buruh."

9(2:8)

10Krungu tembungé Boas mau, Rut banjur sujud ana ing ngarepé Boas lan kandha mengkéné, "Pak, kula menika tiyang manca, kula bingah déné panjenengan saé dhateng kula lan nggatosaken kawontenan kula."

11Boas mangsuli, "Aku wis ngrungu kabèh bab kabecikanmu marang ibumu maratuwa sawisé bojomu tinggal-donya. Aku ngerti yèn kowé ninggal wong tuwa lan tanahmu, sarta manggon ing kéné bebarengan karo wong-wong sing ora kokkenal.

12Muga-muga Pangéran males marang kabecikanmu, lan sarèhné kowé wis ngungsi marang Pangéran, Allahé Israèl, muga-muga saterusé Panjenengané ngayomi marang kowé."

13Kandhané Rut, "Èstu panjenengan sampun damel saé dhateng kula. Kula bingah déné panjenengan kersa ngandika mekaten, senajan drajat kula menika langkung asor ketimbang kaliyan berah panjenengan."

14Bareng wektuné buruh padha lèrèn, Boas kandha karo Rut, "Mangana ing kéné, iki roti lan lawuhé." Rut banjur lungguh mangan bebarengan karo para buruh. Boas uga mènèhi Rut roti panggang. Rut mangan nganti wareg. Malah olèhé mangan ora entèk.

15(2:15-16) Sawisé mangan, Rut ngasag jewawut menèh. Sawisé Rut lunga, Boas kandha karo buruh-buruhé, "Karebèn wong wadon kuwi ngasag ing panggonan sing jewawuté wis dibentèli. Aja kokresiki. Malah jewawut sing wis kokbentèli kuwi lolosana sethithik-sethithik, lan tibakna ing lemah supaya dijupuki wong kuwi."

16(2:15)

17Rut enggoné ngasag jewawut ing sawah kono nganti surup. Jewawuté banjur diiles supaya pisah saka gagangé. Bareng diklumpukaké olèh sepuluh kilogram.

18Olèh-olèhané mau digawa mulih menyang kutha lan dituduhaké ibuné maratuwa. Kejaba kuwi ibuné maratuwa diolèh-olèhi pangan sing disisihaké saka cadhongé, sing dipangan awané.

19Naomi banjur takon, "Iki olèhmu saka ngendi? Kowé ngasag ana ing sawahé sapa? Muga-muga Pangéran mberkahi wong sing duwé sawah kuwi." Rut nuli kandha karo maratuwané yèn sawah sing diasagi kuwi duwèké Boas.

20Kandhané Naomi, "Lho, kuwi rak isih seduluré dhéwé. Kuwi sedulur sing cedhak dhéwé karo kulawarga kita, sing kuwajiban mbantu kita. Muga-muga Pangéran mberkahi Boas. Gusti Allah mesthi netepi janjiné, iya marang wong sing urip, iya marang wong sing wis mati."

21Tembungé Rut marang ibuné, "Bu, tiyang menika criyos, bilih kula kedah ngasag sesarengan kaliyan berah-berahipun, ngantos panènipun rampung."

22Wangsulané Naomi, "Ya kena, enggèr. Pancèn luwih becik kowé nyambut-gawé bebarengan karo para buruhé wadon ana ing sawahé Boas. Merga yèn kowé ngasag ana ing sawahé wong liya, bisa uga kowé diganggu!"

23Mulané Rut nerusaké enggoné ngasag ana ing sawahé Boas, nganti jewawut lan gandumé wis dipanèni kabèh. Lan Rut tetep manggon karo ibuné maratuwa.



 <<  Rut 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel