Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Titus 3 >> 

1Wong-wongmu padha élingna, supaya padha sumuyud marang pamaréntah lan marang para wong sing ngasta pangwasa. Padha mbangun-turuta marang wong-wong mau lan padha cumadhanga marang sadhéngah penggawé becik.

2Wong-wong padha kandhanana supaya aja padha ngala-ala wong liya, nanging padha rukuna lan memitrana karo wong kabèh. Tangkepmu karo wong kabèh tansah sing alus.

3Awit kita dhéwé biyèn uga seneng tumindak ngawur, seneng mbrontak lan murang-sarak. Kita biyèn uga dierèh déning hawa-nepsu lan sakèhing pepénginan. Urip kita biyèn uga kebak drengki lan sengit marang liyan. Wong-wong padha sengit marang kita, lan kita uga padha sengit marang wong-wong mau.

4Nanging bareng Gusti Allah mbabaraké sih lan kamirahané,

5Panjenengané milujengaké kita, ora merga penggawé becik sing kita tindakaké, nanging merga saka sih-rahmaté piyambak. Kita padha "dikumbah". Merga saka enggon kita kakumbah mau, kita nuli kalairaké menèh déning Sang Roh Suci lan kaparingan urip anyar.

6Gusti Allah ngesokaké Roh Suci klawan lubèr marang kita lantaran Gusti Yésus Kristus, Juru Slamet kita,

7supaya srana sih-palimirmané, kita padha dianggep bener utawa tanpa keluputan ana ing ngarsané Gusti Allah, lan kaparingan urip langgeng sing kita arep-arep.

8Iki piwulang sing bener. Karepku supaya prekara-prekara iki luwih kokantepaké menèh ana ing piwulangmu, supaya wong-wong sing padha precaya marang Gusti Allah padha luwih akèh menèh enggoné nanjakaké wektuné kanggo nindakaké penggawé becik. Penggawé-penggawé sing mengkono kuwi akèh paédahé.

9Nanging dhébatan sing tanpa teges padha singkirana, mengkono uga bab sarasilahé para leluhur; sarta cecongkrahan lan tukaran bab Angger-anggeré Torèt. Kuwi ora ana paédahé lan ora ana ajiné.

10Wong sing marakaké rusaking pasamuwan élingna, apesé rambah ping pindho, sawisé kuwi aja koksrawungi.

11Kowé ngerti yèn wong sing mengkono mau ala, lan dosa-dosané nélakaké yèn wong kuwi ora bener.

12Sawisé Artémas lan Tikhikus dakkongkon nemoni kowé, udinen bisaa padha nemoni aku ana ing kutha Nikopolis, awit niatku arep manggon ana ing kana sajroné mangsa bedhidhing.

13Sabisa-bisamu padha mbiyantua Zénas, ahli hukum, lan Apolos supaya énggal padha mangkat lan kecukupan samubarang sing dibutuhaké.

14Wong-wongé dhéwé padha warahana nanjakaké wektuné kanggo nglakoni penggawé becik, lan nyukupi kebutuhan sing pancèn prelu temenan, supaya uripé aja nganti tanpa guna.

15Wong kabèh sing mèlu aku ana ing kéné padha kirim salam. Salamku kabèh marang para mitra tunggal precaya. Sih-rahmaté Allah nunggala karo kowé kabèh. Saka aku, Paulus



 <<  Titus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel