Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 14 >> 

1"Kowé kuwi umaté Pangéran Allahmu. Mulané yèn kowé kepatèn, ora kena natoni kulitmu, utawa nyukur sirahmu sing ngarep, kaya carané bangsa-bangsa liyané.

2Kowé kuwi umat kagungané Pangéran Allahmu. Saka ing antarané bangsa-bangsa ing bumi kabèh, kowé sing dipilih déning Allah dadi umat kagungané."

3"Kéwan sing dianggep karam déning Allah, ora kena kokpangan.

4Kéwan-kéwan sing kena kokpangan yakuwi: sapi, wedhus gèmbèl, wedhus jawa,

5menjangan, kancil, kidang, lan

6sakèhé kéwan sing tracaké belah lan nggayemi.

7Kéwan sing tracaké ora belah lan ora nggayemi, ora kena kokpangan. Aja mangan unta, trewèlu utawa marmut. Kéwan-kéwan mau kudu dianggep karam, merga senajan nggayemi, nanging tracaké ora belah.

8Aja mangan babi. Babi kuwi kudu dianggep karam, merga senajan tracaké belah, nanging ora nggayemi. Kéwan mau ora kena dipangan. Senajan bathangé pisan aja kokgepok.

9Sakèhé iwak sing nganggo sirip lan ana sisiké, kena kokpangan.

10Kéwan sing urip ana ing banyu, nanging ora nganggo sirip lan ora ana sisiké, ora kena kokpangan, lan kudu kokanggep karam.

11Sarupané manuk sing ora karam kena kokpangan.

12(14:12-18) Nanging ana manuk sawetara sing ora kena kokpangan, yakuwi manuk garudha, manuk beri, manuk-manuk bangsané wulung, nasar, gagak, manuk unta, camar, blekok lan bangsané bango, undhan, manuk kasa lan bangsané kalong.

13(14:12)

14(14:12)

15(14:12)

16(14:12)

17(14:12)

18(14:12)

19Sarupané kéwan gumremet sing ana swiwiné kudu kokanggep karam, dadi ora kena kokpangan.

20Kéwan gumremet sing ora karam, kena kokpangan.

21Kéwan sing matiné lumrah ora kena kokpangan. Nanging wong manca sing manggon ana ing tengahmu olèh mangan. Lan kowé kena adol kéwan mau marang wong manca ing endi waé. Kowé kuwi umaté Allah, bangsa sing dipilih kagem Allah piyambak. Cempéné wedhus gèmbèl ora kena diolah bareng karo banyu susuné embokné."

22"Saben taun kowé kudu nisihaké saprasepuluhé asilé panènanmu,

23banjur lungaa menyang papan pangibadah sing wis ditemtokaké déning Pangéran Allahmu. Iya ana ing papan kono, ing ngarsané Allah, kowé kudu padha mangan kurban prasepuluhané gandum, anggur, lenga zaitun lan sapi sarta wedhus pembarep. Kuwi padha lakonana, supaya ing saterusé kowé padha sinau ngurmati Pangéran Allahmu.

24Yèn papan pangibadah mau kadohen saka ing omahmu, nganti kowé ora bisa nggawa prasepuluhané asilé panènanmu mrana,

25barang-barang mau dolen lan dhuwit pepayoné gawanen menyang papan pangibadah.

26Ana ing kono tukua apa sing koksenengi, kayata: daging sapi, cempé, anggur, bir, banjur panganen karo bungah-bungah ana ing ngarsané Pangéran Allahmu bebarengan karo brayatmu.

27Para wong Lèwi sing padha manggon ing kuthamu aja koktégakaké. Ngélingana yèn wong-wong kuwi padha ora nampa panduman lemah.

28Ing pungkasané saben telung taun, prasepuluhaning asilé panènanmu klumpukna ing kutha-kuthamu.

29Kuwi bagéané wong Lèwi, merga wong-wong mau padha ora nampa panduman lemah. Kejaba kanggo wong Lèwi pangan mau iya kanggo wong neneka, bocah lola lan para randha sing manggon ana ing kutha-kuthamu. Wong-wong kuwi kena padha teka lan njupuk apa waé sing dibutuhaké. Yèn kowé padha nglakoni mengkono, Pangéran Allahmu bakal mberkahi pegawéanmu."



 <<  Ulangan 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel