Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 17 >> 

1Sapi lan wedhus sing cacad aja koksaosaké marang Allah, merga Pangéran Allahmu sengit karo sesaosan mau.

2Yèn kowé krungu ing salah sijiné kuthamu ana wong lanang utawa wadon sawetara nglakoni dosa ing ngarsané Allah,

3nyembah brahala-brahala, srengéngé, rembulan utawa lintang-lintang, kuwi nerak marang dhawuhé Allah.

4Kabar mau titipriksanen sing temenan. Yèn kabar mau nyata, ateges kadurakan wis kelakon ing Israèl,

5wong-wong sing salah kuwi kudu diklumpukaké ing njaban kutha lan dibenturi watu nganti mati.

6Semono uga yèn ana seksiné loro utawa luwih. Yèn seksiné mung siji, ora kena dipatèni.

7Para seksi kudu mbenturi dhisik, yèn wis, lagi wong-wong liyané mèlu mbenturi. Srana cara mengkono kowé mbrantas piala mau.

8Yèn ana prekara sing ora bisa diputusi déning hakim ing panggonan kono merga prekarané angèl, kayata bab milik, bab nganiaya, utawa raja-pati sing dijarag utawa ora dijarag, padha ngadhepa ing papan panembah sing wis ditemtokaké déning Pangéran Allahmu.

9Prekaramu mau ajokna marang imam-imam Lèwi lan marang hakim sing lagi tugas, karebèn diputusi prekarané.

10Putusané mau kudu koktindakaké klawan tliti, gatèkna apa sing dikandhakaké marang kowé.

11Putusané kuwi turutana, lan prenatan-prenatané lakonana tekan pérang-pérangané sing cilik pisan.

12Sapa sing wani nglawan marang putusané hakim utawa imam sing pinuju tugas, kudu diukum pati. Srana cara mengkono kowé mbrantas piala sing ana ing Israèl.

13Saben wong sing krungu bab lelakon kuwi mesthi bakal wedi, mula ora ana wong sing wani nglakoni piala mau."

14"Yèn tanah sing dijanjèkaké déning Pangéran Allahmu mau wis dadi duwèkmu, lan kowé wis padha manggon ana ing kana, bisa uga kowé kepéngin duwé raja, kaya bangsa-bangsa ing sakiwa-tengenmu.

15Sing ngati-ati, supaya wong sing kokpilih dadi raja kuwi wong sing dipilih déning Allah. Kuwi kudu wong saka ing antarané bangsamu dhéwé. Wong manca aja kokdadèkaké rajamu.

16Raja ora kena duwé jaran akèh-akèh kanggo tentarané. Wong ora kena kongkonan menyang Mesir tuku jaran, merga Allah wis dhawuh, yèn umat kagungané ora kena bali menyang tanah Mesir.

17Raja ora kena duwé bojo akèh-akèh, supaya ora diedohaké saka Allah. Uga ora kena numpuk kasugihan rupa slaka lan emas.

18Yèn wong ditetepaké dadi raja, wong mau kudu diwènèhi Kitab Angger-anggeré Allah sing isi dhawuh-dhawuh lan piwulangé Allah, sing diturun saka kitab asli, sing disimpen déning para Imam Lèwi.

19Kitab mau selawasé kudu disandhing lan sajegé urip raja kudu maca kitab mau, lan nganggo cara mengkono ngurmati marang Allah lan klawan setya netepi dhawuh-dhawuhé sing katulis ing kitabé.

20Yèn sregep maca, ora bakal raja mau duwé penganggep yèn awaké dhéwé luwih becik tinimbang karo wong-wong Israèl liyané, lan ora gampang nylèwèng saka dhawuhé Allah, ngiwa utawa nengen. Mulané anak-turuné bakal dadi pemimpiné Israèl turun-temurun."



 <<  Ulangan 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel