Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 26 >> 

1"Yèn tanah sing bakal diparingaké Gusti Allah marang kowé wis kokrebut lan kowé wis manggon ing kono,

2kowé madhahana apa waé sing kokundhuh dhisik dhéwé ana ing wakul, banjur gawanen menyang papan pangibadah sing wis kapilih déning Pangéran Allahmu.

3Nemonana imam sing lagi tugas ana ing kono, karo kandhaa mengkéné, ‘Kula keparenga matur dhateng Pangéran Allah kula, bilih kula sampun mlebet ing negari ingkang kajanjèkaken dhateng para leluhur badhé kaparingaken dhateng kita.’

4Sawisé mengkono imam bakal nampani wakul mau saka tanganmu lan nyèlèhaké ing mesbèhé Pangéran Allahmu.

5Kowé banjur kudu matur ing ngarsané Pangéran Allahmu mengkéné, ‘Leluhur kula menika tiyang Aram ingkang nglembara; tiyang neneka ingkang mboten gadhah griya. Menika sami mbekta kulawarganipun dhateng tanah Mesir lan sami manggèn ing ngriku. Nalika késah dhateng Mesir cacahipun namung sekedhik, nanging lajeng dados bangsa ingkang ageng lan kiyat.

6Wonten ing tanah Mesir kula sami dipun tindhes, kapurih nyambut-damel kados réncang tumbasan.

7Kula lajeng sami sesambat nyuwun tulung dhateng Pangéran, inggih Allahipun para leluhur kula. Panjenenganipun miyarsakaken pesambat kula sarta mirsa rekaos, kasisahan lan kasangsaran kula.

8Mila lajeng ngentas kula saking tanah Mesir, srana pangwaos lan kasektènipun. Lajeng ngawontenaken mujijat-mujijat sarta kaélokan-kaélokan, ngantos wonten kedadosan-kedadosan ingkang nggumunaken.

9Kula sedaya lajeng kabekta mriki lan kaparingan tanah ingkang subur, lubèr ing samukawis.

10Pramila samenika kula sowan nyaosaken dhateng Pangéran pamedaling taneman, ingkang kula pethik rumiyin piyambak.’ Wakulmu banjur sèlèhna ana ing ngarsané Pangéran, lan sujuda marang Panjenengané.

11Saosa sukur tumrap sakèhé rejeki, sing wis diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé lan brayatmu. Wong Lèwi lan wong manca sing ana ing tengahmu ajaken mèlu ing kraméan mau.

12Saben telung taun sepisan kowé nyaosna kurban prasepuluhan, yakuwi saprasepuluhé asilé panènanmu, kanggo wong Lèwi, wong manca, bocah lola lan para randha, temah ing saben kutha wong-wong mau padha nampa apa sing dibutuhaké kanggo uripé. Yèn wis mengkono,

13banjur matura marang Pangéran, ‘Saprasedasaning asilipun panènan kula menika kagungan Paduka; mboten wonten sekedhik kémawon ingkang kula simpen ing griya, sedaya sampun kula sukakaken dhateng tiyang Lèwi, tiyang manca, laré lola lan para randha, kados ingkang Paduka dhawuhaken dhateng kula. Mboten wonten dhawuh Paduka bab prasedasan ingkang kula supèkaken setunggal kémawon.

14Mboten wonten ingkang kula elongi sekedhik kémawon lan kula tedha ing wanci kasisahan utawi kula bekta medal saking griya samasa kula ngleresi najis, lan inggih mboten wonten sekedhik kémawon ingkang kula anggé saos kurban kanggé tiyang pejah. Kula sampun ngèstokaken dhawuh Paduka sedaya, dhuh Pangéran; inggih sedaya dhawuh Paduka bab prasedasan, sampun kula lampahi.

15Saking dhampar Paduka ingkang suci ing swarga keparenga Paduka mirsani lan mberkahi umat Paduka Israèl; mugi mberkahi ugi negari ingkang subur lan lubèr ing samukawis menika, ingkang Paduka paringaken dhateng kula sedaya, nocogi kaliyan janji Paduka dhateng para leluhur kula.’"

16"Ing dina iki Pangéran Allahmu paring dhawuh marang kowé kabèh supaya ngèstokaké dhawuhé. Lakonana dhawuhé kabèh klawan gumolongé atimu lan gumolongé nyawamu.

17Ing dina iki kowé wis ngakoni yèn Pangéran kuwi Allahmu. Kowé wis padha janji arep mbangun-turut marang Panjenengané, lan nglakoni sakèhé dhawuhé.

18Ing dina iki Pangéran wis ngangkat kowé dadi umat kagungané, kaya janjiné marang kowé, lan Panjenengané ngersakaké supaya kowé ngèstokaké sakèhé dhawuhé.

19Pangéran bakal ndadèkaké kowé bangsa sing gedhé ngungkuli sakèhing bangsa-bangsa liyané sing dititahaké, temah kowé bakal padha dialem lan dihurmati. Kowé bakal dadi umat kagungané Pangéran, cocog karo janjiné."



 <<  Ulangan 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel