Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 27 >> 

1Musa karo para penggedhéné bangsa Israèl banjur kandha karo bangsa mau, "Padha ngèstokna sakèhé dhawuh sing dakandharaké ing dina iki marang kowé.

2Samangsa kowé wis nyabrang ing Kali Yardèn, mlebu ing tanah sing diparingaké déning Pangéran Allahmu, kowé ngedegna watu gedhé sawetara, lapisana dhempul.

3Banjur sakèhé dhawuh lan prenatan iki tulisen ing watu-watu mau. Yèn kowé wis mlebu ing tanah sing subur, lubèr susu lan madu, kaya sing dijanjèkaké Pangéran Allahmu marang para leluhurmu,

4lan tanah mau wis kokenggoni, banjur munggaha ing Gunung Ébal. Watu-watu mau degna ing pucuké gunung, banjur dhempulen, kaya sing dakkandhakaké mau.

5Ing panggonan kono kowé ngedegna mesbèh saka watu sing durung tau digarap nganggo piranti wesi,

6sebab saben mesbèh sing didegaké kagem Pangéran Allahmu kudu digawé saka watu wutuh lan ora kena ditatah. Ana ing mesbèh kono kowé nyaosna kurban-kurbanmu obongan.

7Semono uga nyaosna sesaosanmu lan mangana kurbanmu manasuka, sarta kurban saos panuwunmu konjuk marang Pangéran Allahmu, ana ing papan kono.

8Watu-watu sing didhempul mau tulisana saben tembungé dhawuh-dhawuh kabèh, tulisen sing cetha."

9Sawisé mengkono Musa bebarengan karo para Imam Lèwi kandha marang bangsa Israèl, "Para sedulur wong Israèl. Padha rungokna lan gatèkna! Ing dina iki kowé wis dadi umaté Pangéran Allahmu.

10Mulané padha mbangun-turuta marang Pangéran lan nglakonana dhawuh-dhawuhé; kabèh sing dakandharaké marang kowé lakonana."

11Musa banjur kandha karo bangsa Israèl mengkéné,

12"Sawisé kowé nyabrang ing Kali Yardèn, taler Siméon, Lèwi, Yéhuda, Isakar, Yusuf lan Bènyamin kudu padha ngadeg ing Gunung Gérizim, yakuwi samasa berkah sing kanggo bangsa Israèl diucapaké.

13Samasa paukuman sing diucapaké, taler Rubèn, Gad, Asyèr, Zébulon, Dhan lan Naftali kudu padha ngadeg ing Gunung Ébal.

14Wong-wong Lèwi kudu ngucapaké tembung-tembung ing ngisor iki klawan swara sora, lan wong Israèl kudu mangsuli, ‘Amin’.

15Wong Lèwi ngucap, ‘Nampaa paukuman wong sing gawé reca saka watu, kayu utawa barang pelikan, lan nyembah reca mau ing papan sing ndhelik. Gusti Allah sengit marang panyembah brahala!’ Umat kabèh mangsuli, ‘Amin!’.

16‘Nampaa paukumané Allah saben wong sing nyenyamah marang bapa utawa biyungé.’ ‘Amin!’

17‘Nampaa paukumané Allah saben wong sing ngelih watesé buminé pepadhané.’ ‘Amin!’

18‘Nampaa paukumané Allah wong sing nasaraké wong wuta.’ ‘Amin!’

19‘Nampaa paukumané Allah wong sing ngrampas wewenangé wong manca, bocah lola lan para randha.’ ‘Amin!’

20‘Nampaa paukumané Allah saben wong sing ngina marang bapakné merga nuroni seliré bapakné.’ ‘Amin!’

21‘Nampaa paukumané Allah saben wong sing nuroni kéwan.’ ‘Amin!’

22‘Nampaa paukumané Allah wong sing nuroni seduluré tunggal bapa lan biyung.’ ‘Amin!’

23‘Nampaa paukumané Allah wong sing nuroni ibuné maratuwa.’ ‘Amin!’

24‘Nampaa paukumané Allah wong sing matèni pepadhané ana ing papan sing ndhelik.’ ‘Amin!’

25‘Nampaa paukumané Allah wong sing nampani besel kanggo matèni wong sing ora salah.’ ‘Amin!’

26‘Nampaa paukumané Allah kabèh wong sing ora nglakoni dhawuhé Allah lan piwulangé.’ ‘Amin!’"



 <<  Ulangan 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel