Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 28 >> 

1"Yèn kowé padha mbangun-turut marang Pangéran Allahmu lan setya nglakoni sakèhé dhawuh sing diparingaké marang kowé ing dina iki, Allah bakal ndadèkaké kowé bangsa gedhé, ngungkuli bangsa-bangsa liyané ing jagad.

2Mbangun-turuta marang Pangéran Allahmu, temah berkah ing ngisor iki bakal kaparingaké marang kowé:

3Allah bakal mberkahi kutha-kutha lan palemahanmu.

4Allah bakal mberkahi kowé kabèh, mula turunmu dadi akèh, panènmu turah-turah, sapi lan wedhusmu dadi pirang-pirang.

5Allah bakal mberkahi panènmu gandum lan sarupaning pangan sing kokgawé saka gandum mau.

6Allah bakal mberkahi sakèhé penggawému.

7Yèn kowé diserang ing mungsuh, Allah bakal ngulungaké mungsuhmu marang kowé. Enggoné nglurugi kowé metu dalan siji, nanging bakal keplayu metu dalan pirang-pirang.

8Pangéran Allahmu bakal mberkahi pegawéanmu lan ngebaki gandum lumbung-lumbungmu. Panjenengané bakal mberkahi kowé ing tanah sing diparingaké marang kowé.

9Yèn kowé mbangun-turut marang Pangéran Allahmu lan netepi sakèhé dhawuhé, kowé bakal dadi umaté piyambak, kaya sing dijanjèkaké.

10Temah bangsa-bangsa ing bumi bakal weruh yèn kowé wis kapilih déning Allah dadi umaté piyambak, lan bangsa-bangsa mau bakal padha ngajèni marang kowé.

11Kowé bakal diparingi anak akèh. Raja-kayamu bakal dadi akèh lan panènmu turah-turah ana ing tanah sing dijanjèkaké déning Allah marang leluhurmu kanggo kowé.

12Allah bakal maringaké udan manut mangsané saka simpenané ing langit nganti lubèr-lubèr. Panjenengané bakal mberkahi sakèhé pegawéanmu, nganti kowé bisa motangaké marang bangsa akèh, nanging kowé dhéwé bakal ora nganti utang.

13Pangéran Allahmu bakal ndadèkaké kowé pemimpiné bangsa-bangsa, lan dudu pembantuné. Yèn kowé setya nglakoni dhawuhé Allah, sing dakandharaké ing dina iki, kowé selawasé bakal olèh kalubèran, lan mesthi olèh asil.

14Nanging aja pisan-pisan nyepèlèkaké dhawuh-dhawuhé Allah, senajan apa waé alesané. Lan aja pisan-pisan nyembah sarta ngabekti marang brahala-brahala."

15"Nanging yèn kowé padha mbangkang marang Pangéran Allahmu lan ora nglakoni klawan setya sakèhé dhawuh lan prenatané sing dakandharaké ing dina iki, kowé bakal nampa paukuman sing mengkéné:

16Kutha-kuthamu lan palemahanmu bakal kena ing laknaté Allah.

17Panènan gandum lan panganmu sing kagawé saka gandum bakal kena paukumané Allah.

18Kowé dhéwé bakal nampa paukumané Allah, mula anak-anakmu bakal sethithik, semono uga panènanmu lan raja-kayamu.

19Sakèhé penggawému bakal kena paukuman.

20Allah bakal nekakaké paukuman, karusakan lan bebendu marang sarupané penggawému, mula ora let suwé kowé bakal ditumpes sirna.

21Kowé bakal diukum nganggo pageblug bola-bali, temah siji waé ora ana sing kari ana ing tanah sing kokenggoni, sing saiki arep diparingaké marang kowé.

22Allah bakal nekakaké lelara nular rupa-rupa, lelara abuh lan lelara panas. Panjenengané bakal nekakaké mangsa ketiga dawa lan angin panas sing mbrangas tanduran, nganti panènanmu wurung. Karusakan bakal ora lèrèn-lèrèn nekani kowé, nganti kowé padha mati kabèh.

23Bakal ora ana udan lan lemahmu bakal dadi atos kaya watu.

24Allah ora bakal nekakaké udan banyu, nanging udan awu lan udan pasir nganti kowé tumpes kabèh.

25Yèn kowé mbangkang marang Pangéran Allahmu kowé bakal ditelukaké déning mungsuh-mungsuhmu. Olèhmu nglurugi perang mungsuhmu metu dalan siji, nanging enggonmu keplayu bakal sumebar tekan endi-endi. Para bangsa ing bumi bakal padha kagèt ndeleng apa sing kokalami.

26Kowé bakal mati pating gléthak lan jisimmu bakal dipangan déning manuk-manuk lan kéwan galak, lan ora ana wong siji waé sing nggusah kéwan-kéwan mau.

27Allah bakal ngukum kowé srana memala wudun, kaya nalika ngukum wong Mesir. Awakmu sekojur bakal benyinyihen lan gudhigen, lan ora kena diwarasaké.

28Allah bakal gawé kowé gugup, wuta lan bingung.

29Ing wayah awan padhang nranthang kowé bakal mak-makan kaya wong wuta, ora nemokaké dalan. Pegawéan apa waé sing kokcekel bakal ora ana asilé. Kowé bakal ditindhes lan dirampog ora lèrèn-lèrèn, lan ora ana wong siji waé sing teka nulungi kowé.

30Yèn kowé ora netepi dhawuhé Pangéran Allahmu, kowé bakal macangaké anakmu, nanging wong liya sing bakal ngawini pacangané. Kowé bakal ngedegaké omah, nanging wong liya sing bakal ngenggoni. Kowé bakal gawé kebon anggur, nanging ora mangan wohé.

31Sapimu bakal disembelèh wong ing ngarepmu, nanging kowé bakal ora mangan dagingé senajan mung sethithik waé. Kuldi-kuldimu bakal digiring wong digawa lunga, nanging kowé mung bakal bisa ndelengaké waé, lan raja-kayamu bakal ora dibalèkaké menèh marang kowé. Wedhus-wedhusmu bakal diulungaké marang mungsuh-mungsuhmu, lan ora ana wong siji waé sing teka mitulungi kowé.

32Ana ing ngarepé mripatmu anak-anakmu lanang lan wadon bakal diulungaké dadi batur-tukon marang wong manca. Saben dina kowé bakal nggolèki anak-anakmu, nanging tanpa guna, merga ora bakal padha bali.

33Bangsa manca bakal ngrampas asilé panènanmu kabèh sing koktandur kanthi ngrekasa, nanging kowé dhéwé bakal ora nampa apa-apa kejaba panindhes lan panganiaya sing ora lèrèn-lèrèn.

34Kowé bakal dadi ngengleng merga kasangsaranmu.

35Allah bakal gawé sikilmu sekojur padha benyinyihen lan lara banget, mangka ora bisa mari. Awakmu bakal kebak wudun, saka tlapakan tekan mbun-mbunan.

36Yèn kowé ora padha mbangun-turut marang Pangéran Allahmu, kowé lan rajamu bakal diboyong déning Pangéran Allahmu menyang negara manca, sing durung tau dienggoni déning para leluhurmu. Ana ing kana kowé bakal nyembah marang brahala-brahala, sing digawé saka kayu utawa watu.

37Ing endi waé parané enggonmu disebar déning Allah, wong-wong bakal padha kagèt ndeleng lelakonmu; kowé bakal padha dipoyoki lan dienggo geguyon.

38Akèh wiji sing bakal koksebar, nanging pemetuné mung sethithik, merga tanduranmu bakal dipangan walang.

39Kowé bakal gawé kebon anggur lan kokrumati, nanging ora bakal methik wohé utawa ngombé peresané, merga wité anggur bakal entèk dipangan cacing.

40Wit zaitun bakal tuwuh ing ngendi-endi ing tanahmu, nanging wohé bakal padha gogrog, nganti kowé padha ora olèh lengané.

41Kowé bakal duwé anak lanang lan wadon, nanging bakal padha dadi tawanan perang, kowé bakal kélangan anak-anakmu mau.

42Wit-witanmu lan tanduranmu bakal entèk dipangan ama.

43Wong manca sing manggon ing tengahmu bakal saya gedhé pangwasané, nanging kawibawanmu déné bakal saya suda.

44Wong-wong manca mau bakal padha dadi sugih nganti bisa motangaké marang kowé. Nanging kowé dhéwé bakal ora duwé apa-apa sing bisa kokutangaké marang dhèwèké. Wekasané wong-wong mau malah bakal njajah marang kowé.

45Sakèhé paukuman iki bakal koksangga lan tansah kokrasakaké nganti kowé tumpes kabèh, merga kowé ora mbangun-turut marang Pangéran Allahmu lan ora netepi dhawuh-dhawuhé sing wis diparingaké marang kowé.

46Sarupané kasangsaran kuwi wujudé paukumané Allah marang kowé lan anak-turunmu ing selawas-lawasé.

47Kowé wis diberkahi déning Allah ing sabarang prekara, nanging kowé ora gelem ngabdi marang Panjenengané kanthi bungah lan éklasing ati.

48Mulané kowé kudu ngabdi marang mungsuh-mungsuh, sing diutus déning Allah nekani lan ngalahaké kowé. Kowé bakal padha ngalami larang sandhang lan larang pangan, sarta kekurangan banyu, malah kekurangan samubarang. Allah bakal nindhes kowé tanpa wales nganti kowé tumpes kabèh.

49Sawijining bangsa sing basané ora kokngertèni bakal ditekakaké déning Allah saka pojoké bumi supaya nglurug perang nglawan kowé. Kowé bakal disamber déning bangsa mau kaya penyamberé manuk garudha.

50Bangsa kuwi ambek siya lan ora bakal melasi sapa waé, dadi tuwa utawa nom.

51Bangsa mau sing bakal ngentèkaké raja-kayamu lan panènanmu. Ora ana sing diturahaké kanggo kowé, iya sing rupa gandum, anggur, lenga zaitun, sapi utawa wedhus, nganthi kowé bakal padha mati kaliren.

52Saben kutha ing tanah sing bakal diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé, bakal digempur; témbok-témboké sing dhuwur lan sing koksentosani nganggo bètèng-bètèng sing kokendel-endelaké bakal padha rubuh.

53Sajroné mungsuh-mungsuhmu ngepung kutha-kuthamu kowé bakal semplah merga kaliren, nganti kowé bakal padha mangan anakmu dhéwé, sing diparingaké déning Pangéran Allah marang kowé.

54(28:54-55) Tekan para priyayi sing budiné luhur pisan bakal nglokro atiné selawasé kuthané dikepung déning mungsuh. Saking nglokroning atiné bakal padha mangan anaké dhéwé, merga ora ana pangan liyané. Seduluré, bojoné lan anak-anaké sing isih padha urip ora ana sing dibagèhi, sethithik waé ora.

55(28:54)

56(28:56-57) Malah para putri kaum ningrat sing luhur dhéwé bebudèné lan saking sugihé nganti menyanga endi waé, ora tau mlaku dharat, iya nindakaké sing mengkono. Yèn mungsuh lagi ngepung kuthané, para putri mau merga saka kaliren lan kentèkan nalar, meneng-menengan nuli padha mangan bayiné sing lagi lair saari-ariné pisan. Sing lanang lan anak-anaké ora ana sing dibagèhi; kabèh dientèkaké dhéwé.

57(28:56)

58Yèn kowé ora netepi sakèhé piwulangé Pangéran Allahmu sing katulis ing Kitab iki, lan ora ngurmati asmané Pangéran Allahmu sing mulya lan nggumunaké kuwi,

59Allah bakal nekakaké marang kowé lan anak-anakmu lelara rupa-rupa sing ora kena ditambani, lan pageblug-pageblug sing ora kena disirep.

60Lelara-lelara sing nggegirisi, sing dialami déning wong Mesir, bakal koksandhang, lan kowé bakal ora bisa waras menèh.

61Allah bakal nekakaké uga lelara rupa-rupa lan pageblug rupa-rupa sing ora katulis ing Kitab Angger-anggeré Allah. Kowé banjur bakal katumpes.

62Senajan bangsamu cacahé kaya lintang ing langit, kekarèné sing urip bakal mung kari sethithik, merga kowé ora mbangun-turut marang Pangéran Allahmu.

63Padha kaya ing mauné Allah rena penggalihé paring kemakmuran marang kowé lan ngakèhaké cacahmu, kaya mengkono uga Allah bakal rena penggalihé ngrusak lan numpes marang kowé, nganti kowé bakal kabedhol saka tanah sing ora suwé menèh bakal kokrebut lan kokenggoni kuwi.

64Allah bakal mbuyaraké kowé ana ing antarané bangsa-bangsa, saka pojoké bumi siji tekan pojok liyané. Ana ing kana kowé bakal padha nyembah brahala sing digawé saka kayu utawa watu, brahala-brahala sing biyèn-biyèné ora tau koksembah lan disembah déning leluhurmu.

65Ana ing ngendi waé kowé bakal ora nemu katentreman, lan ora ana panggonan sing kena kokarani dadi duwèkmu. Allah bakal gawé atimu tansah geter, tanpa pengarep-arep lan nglokro.

66Uripmu bakal tansah kaancam déning bebaya. Rina wengi atimu bakal miris, lan kowé bakal dioyak-oyak déning rasa wedi merga rumangsa arep dipatèni.

67Yèn weruh apa waé, atimu bakal tansah dheg-dhegan. Yèn ésuk kowé ngarep-arep énggal wengia, lan yèn wengi kowé ngarep-arep énggal ésuka.

68Allah bakal mbalèkaké kowé menyang tanah Mesir nunggang prau, kaya kandhaku biyèn, supaya kowé aja ndeleng menèh dalan sing tau kokliwati. Ana ing tanah Mesir kowé bakal nawakaké awakmu dhéwé dadi batur-tukoné mungsuhmu, nanging ora ana sing gelem nuku."



 <<  Ulangan 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel