Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 5 >> 

1Musa nglumpukaké bangsa Israèl kabèh, banjur kandha mengkéné, "Sedulur-sedulur bangsa Israèl rungokna dhawuh-dhawuh sing saiki arep dakterusaké marang kowé. Pepakon-pepakon iki sinaunen lan lakonana kanthi tlatèn.

2Ing Gunung Sinai Gusti Allah wis nganakaké prejanjian,

3ora mung karo para leluhur waé, nanging uga karo kita kabèh, sing isih urip tekan sepréné.

4Ing ndhuwur gunung mau Gusti Allah ngandika saka ing tengahé geni adu-arep karo kowé.

5Nalika semono aku ngadeg dadi penengah antarané Allah lan kowé, supaya nglantaraké dhawuhé Gusti Allah marang kowé, merga kowé dhéwé padha wedi karo geni kuwi lan ora gelem munggah ing gunung. Pangandikané Gusti Allah mengkéné,

6‘Aku iki Pangéran, Allahmu, sing mbébasaké kowé saka ing tanah Mesir, panggonanmu dhèk kowé dadi batur-tukon.

7Kowé ora kena nduwèni utawa nyembah marang allah liyané. Sing koksembah kudu mung Pangéran, Allahmu.

8Kowé ora kena gawé reca, niru barang sing ana ing langit utawa barang sing ana ing bumi, utawa barang sing ana ing banyu sangisoring bumi.

9Aja nyembah sujud utawa ngabekti marang reca, merga Aku Allahmu, Allah sing butarepan. Aku bakal ngukum wong sing sengit marang Aku, uga anak-turuné sing ping telu lan ping pat.

10Nanging Aku melasi marang wong maèwu-èwu anak-turuné wong sing tresna marang Aku lan nglakoni dhawuh-Ku.

11Kowé ora kena ngucapaké Asmané Pangéran, Allahmu kanthi sembrana, merga Allah bakal ngukum wong sing tumindak mengkono.

12Kowé kudu ngurmati dina Sabbat, merga dina kuwi suci, kaya kang wis didhawuhaké déning Pangéran, Allahmu marang kowé.

13Kowé wis diparingi nem dina kanggo nglakoni pegawéanmu kabèh,

14dina kapitu kuwi dina Sabbat, kudu koksedhiakaké kanggo Aku. Ing dina kuwi kowé ora kena nyambut-gawé; iya kowé dhéwé, utawa anak-anakmu, dadia réwangmu, kéwanmu utawa wong manca, sing manggon ing negaramu. Réwang-réwangmu kudu kokkongkon ngaso kaya kowé dhéwé.

15Élinga, dhèk ana ing tanah Mesir kowé wis nglakoni dadi batur-tukon, lan Aku Pangéran, Allahmu, wis ngluwari kowé kabèh nganggo kasektèn sing élok. Mulané kowé padha bungah-bungaha ing dina Sabbat.

16Kowé kudu ngajèni bapak lan ibumu, kaya dhawuhé Pangéran Allahmu, supaya uripmu slamet lan umurmu dawa ing tanah sing bakal diparingaké marang kowé.

17Kowé aja mematèni.

18Kowé aja laku jina.

19Kowé aja nyenyolong.

20Kowé aja ngucapaké paseksi goroh tumraping pepadhamu.

21Kowé aja dhemen karo bojoné wong liya, aja mélik omahé, lemahé, réwang-réwangé, kuldiné utawa sarupaning barang-darbèké.’

22Mengkono kuwi angger-angger sing diparingaké déning Allah marang kowé, nalika kowé padha nglumpuk ing Gunung Sinai mau. Yakuwi nalika Panjenengané ngandika nganggo swara gumleger saka ing tengahing geni lan mendhung peteng. Yakuwi pepakoné, ora ana liyané. Iya kuwi sing diserat ing papan watu loro lan diparingaké marang aku."

23"Nalika Gunung Sinai murub lan kowé padha krungu swara gumleger ana ing mendhung peteng nggawang, para penggedhé lan para pinituwané taler padha nemoni aku.

24Pangucapé, ‘Pangéran Allah kita sampun ngetingalaken pangwaos lan kamulyanipun nalika kula sami mirengaken pangandikanipun saking satengahing latu menika! Ing dinten menika kula sami sumerep, bilih Gusti Allah saged ngandikan kaliyan tiyang, lan tiyangipun tetep gesang.

25Nanging menapa ginanipun kula sami miris, ajrih menawi pejah, mergi ningali latu ingkang ngalad-alad menika? Kula yakin sami badhé ngalami pejah, menawi mireng pangandikanipun Allah sepisan malih.

26Rak mboten wonten tiyang ingkang lestantun gesang sesampunipun mireng Allah ingkang gesang menika ngandika saking tengahing latu?

27Pramila, Bapak Musa, prayogi menawi panjenengan kémawon ingkang mirengaken sedaya prekawis ingkang kadhawuhaken déning Allah dhateng kita. Sesampunipun menika panjenengan wangsul nyariyosaken sedaya dhawuh wau dhateng kula sedaya. Kula sami badhé nampi lan ngèstokaken.’

28Nalika Pangéran mireng tembungé wong-wong mau, banjur ngandika marang aku, ‘Aku wis mireng aturé bangsa iki, kuwi bener.

29Becik menawa sing mengkono mau tetep ing selawasé! Yakuwi tansah ngurmati Aku lan ngèstokaké dhawuh-dhawuh-Ku, mulané wong mau lan anak-turuné bakal slamet ing selawas-lawasé.

30Saiki mundura saka ing kéné, bangsa kuwi dhawuhana mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

31Nanging kowé, Musa, kèria ing kéné karo Aku. Kowé bakal Dakngandikani sakèhing pepakon lan prenatan-prenatan-Ku. Wulangna marang bangsa kuwi supaya padha dilakoni, samasa mbésuk manggon ing tanah sing bakal Dakparingaké marang dhèwèké.’

32Sedulur-sedulurku wong Israèl! Padha sing tlatèn enggonmu nglakoni sakèhé dhawuhé Pangéran Allahmu marang kowé. Pepakon-pepakoné aja ana siji waé sing koklanggar.

33Kabèh lakonana, supaya kowé slamet lan tetep manggonmu ing tanah sing kokenggoni kuwi."



 <<  Ulangan 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel