Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 6 >> 

1"Gusti Allah ndhawuhi aku mulangaké dhawuh-dhawuh iki marang kowé. Supaya padha koklakoni mbésuk samasa manggon ing tanah sing ora suwé menèh bakal kokleboni.

2Kowé lan anak-turunmu sajegé urip padha ngabektia marang Pangéran, Allahmu lan nglakonana sakèhé dhawuhé sing arep dakkandhakaké marang kowé, supaya kowé kaparingan urip dawa ing negaramu mau.

3Sedulur-sedulurku sabangsa! Dhawuh-dhawuh lan prenatan-prenatan kuwi gatèkna lan tindakna, supaya kowé slamet lan dadi bangsa gedhé ing negara sing gemah ripah loh jinawi mau, kaya sing dijanjèkaké déning Allah marang para leluhur kita.

4Para sedulurku wong Israèl, rungokna! Pangéran kuwi Allah kita. Mung Panjenengané piyambak.

5Tresnaa marang Pangéran, Allahmu klawan gumolonging atimu, klawan gumolonging nyawamu lan klawan sakatoging kekuwatanmu.

6Dhawuh-dhawuh sing dakandharaké ing dina iki aja pisan-pisan koksepèlèkaké.

7Wulangna marang anak-anakmu. Wulangna samasa kowé lagi ana ing omah, utawa lagi lelungan, yèn kowé lagi ngaso utawa yèn lagi nyambut-gawé.

8Talènana ana ing lengenmu lan tèmplèkna ana ing bathukmu supaya kowé tansah kèlingan.

9Tulisen ing lawang-lawangé omahmu lan ing gapuramu."

10"Pangéran Allahmu wis janji karo para leluhurmu, Abraham, Iskak lan Yakub, bakal maringaké marang kowé tanah sing subur karo kutha-kutha gedhé, mangka dudu kowé sing gawé.

11Omah-omahé kebak barang apik, mangka dudu kowé sing ngisèni. Kowé bakal nemu sumur-sumur, mangka dudu kowé sing ngedhuk, kebon-kebon anggur lan wit zaitun, mangka dudu kowé sing nandur. Menawa Allah ngirid kowé mlebu ing tanah mau, lan kowé banjur mangan nganti wareg apa sing koksenengi

12sing ngati-ati, aja nganti lali marang Panjenengané sing wis ngluwari kowé saka ing tanah Mesir, panggonanmu dhèk dadi batur-tukon.

13Ngabektia marang Pangéran, Allahmu lan ngabdia mung marang Panjenengané piyambak, lan sumpaha mung demi Asmané piyambak.

14Aja padha nyembah utawa ngabekti marang brahala sing endi waé, sing disembah déning bangsa-bangsa ing sakiwa-tengenmu.

15Yèn kowé nyembah brahala, paukumané Allah bakal numpes lan nyirnakaké kowé, merga Pangéran, Allahmu, sing ana ing tengahmu kuwi Allah sing butarepan.

16Kowé aja nyoba marang Pangéran, Allahmu, kaya tindakmu dhèk ana ing Masa.

17Nindakna sakèhing dhawuh sing diparingaké déning Allah marang kowé.

18Nindakna apa sing becik lan bener miturut paningalé Allah, supaya kowé slamet. Tanah subur, sing dijanjèkaké déning Allah marang para leluhurmu, bakal dadi duwèkmu,

19lan kowé bakal nundhungi mungsuh-mungsuhmu kaya sing wis dijanjèkaké déning Allah.

20Mbésuk anak-anakmu bakal padha takon, ‘Menapa sebabipun Pangéran ndhawuhi kita nglampahi pepakèn-pepakèn menika sedaya?’

21Padha wangsulana mengkéné, ‘Biyèn aku padha dadi batur-tukon ing tanah Mesir. Nuli Gusti Allah ngluwari kita nganggo kasektèn.

22Kita weruh dhéwé enggoné Allah nindakaké kaélokan-kaélokan lan prekara-prekara sing nggumunaké wong Mesir, uga marang raja sabrayaté.

23Panjenengané ngluwari kita saka tanah Mesir, nuli ngirid kita mréné lan maringaké tanah iki marang kita, kaya sing wis dijanjèkaké marang para leluhur kita.

24Mulané Allah ndhawuhi kita supaya nglakoni dhawuhé, lan ngabekti marang Panjenengané. Menawa kita mrelokaké nglakoni kuwi mau kabèh, Panjenengané bakal tansah ngreksa bangsa kita supaya tetep urip kanthi tentrem.

25Menawa kita mbangun-turut lan nglakoni kanthi setya sakèhing dhawuh-dhawuh sing diparingaké marang kita, Allah mesthi bakal tresna marang kita.’"



 <<  Ulangan 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel