Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 7 >> 

1"Pangéran, Allahmu, bakal ngirid kowé mlebu ing tanah sing bakal kokenggoni, lan bakal nundhungi bangsa pirang-pirang saka kono. Ana ing ngarepmu Panjenengané bakal nelukaké bangsa pitu, sing luwih gedhé lan luwih prakosa ketimbang karo kowé. Yakuwi bangsa-bangsa Hèt, Girgasi, Amori, Kenaan, Fèris, Hèwi, lan Yébus.

2Yèn Pangéran, Allahmu, ngulungaké bangsa-bangsa mau marang kowé, lan wis kokkalahaké, bangsa-bangsa mau kudu kokpatèni kabèh. Aja pisan-pisan gawé prejanjian karo bangsa-bangsa mau, lan aja pisan-pisan kokwelasi.

3Kowé ora kena kawin karo wong-wong kuwi, mengkono uga anak-anakmu aja olèh kawin karo wong kono,

4supaya wong-wong mau ora ngedohaké anak-anakmu saka Pangéran lan nyembah marang brahalané. Yèn kowé nganti nyembah marang brahalané, Pangéran bakal duka banget marang kowé, lan kowé mesthi bakal ditumpes.

5Mulané mesbèh-mesbèhé bangsa kuwi gempuren, cagak-cagaké watu sing dianggep kramat rubuhna, reca-recané Dèwi Asyéra brukna, reca-reca sing padha disembah obongen.

6Kuwi kabèh tindakna, merga kowé kuwi umat kagungané Pangéran, Allahmu. Saka ing antarané bangsa-bangsa ing bumi, kowé kuwi dipilih déning Panjenengané, supaya dadi umat kagungané piyambak.

7Enggonmu dikasihi lan dipilih déning Pangéran, ora merga luwih gedhé ketimbang karo bangsa liya-liyané, malah kowé kuwi bangsa sing cilik dhéwé sajagad.

8Enggoné Allah tresna marang kowé iku merga netepi janjiné karo para leluhurmu. Mulané kowé padha dislametaké nganggo kasektèné lan diluwari saka enggonmu dadi batur-tukon, saka tangané raja Mesir.

9Padha élinga, Pangéran Allahmu kuwi Allah sing sejati lan ora ana tunggalé. Panjenengané kuwi setya marang wong sing tresna marang Panjenengané lan nglakoni dhawuhé. Allah netepi janjiné lan ngetingalaké katresnané klawan setya marang wong mau tekan turuné maèwu-èwu.

10Nanging Panjenengané bakal ora nyabaraké paukumané tumrapé wong sing sengit marang Panjenengané.

11Mulané kowé padha ngèstokna sakèhé piwulang sing wis diparingaké marang kowé. Sakèhé pepakoné sing dakkandhakaké marang kowé ing dina iki lakonana!"

12"Yèn kowé setya nglakoni dhawuh-dhawuh kuwi mau, Pangéran Allahmu uga bakal setya marang prejanjiané karo kowé, kaya janjiné marang para leluhurmu.

13Kowé bakal dikasihi lan diberkahi, mulané kowé bakal padha dadi saya tambah akèh. Palemahanmu bakal diberkahi, temah metokaké gandum, anggur lan lenga zaitun akèh. Sapi lan wedhusmu bakal diberkahi dadi sapirang-pirang. Berkah-berkah mau kabèh bakal dilubèraké marang kowé ing tanah sing diparingaké marang kowé, miturut janjiné marang para leluhurmu.

14Bangsa-bangsa sajagad siji waé ora ana sing nampa berkah ngungkuli berkah sing diparingaké marang kowé. Wong-wongmu, semono uga raja-kayamu bakal ora ana sing gabug.

15Gusti Allah bakal ngedohaké sakèhé lelara saka ing kowé, semono uga ngedohaké sakèhé pageblug kaya sing dhèk biyèn koksumurupi ana ing tanah Mesir. Nanging iku mau bakal diganjaraké marang mungsuhmu.

16Saben bangsa sing diulungaké déning Pangéran Allahmu marang kowé kudu kokpatèni, aja kokwelasi. Brahalané aja koksembah, sebab cara sing mengkono mau bakal nekakaké pati marang kowé.

17Aja duwé pikiran yèn bangsa-bangsa kuwi luwih akèh cacahé ketimbang karo kowé, nganti kowé ora wani nundhung.

18Kowé aja pisan-pisan wedi. Élinga apa sing wis ditindakaké déning Pangéran Allahmu marang raja Mesir lan rakyaté kabèh.

19Élinga marang lelakon-lelakon nggegirisi sing kokdeleng dhéwé, kaélokan-kaélokan sing nggumunaké, sarta kasektèn sing diagem déning Pangéran Allahmu kanggo ngluwari kowé. Kabèh bangsa sing kokwedèni kuwi bakal ditumpes, kaya carané numpes wong Mesir.

20Malah Panjenengané bakal gawé bingungé wong-wong mau; wong-wong sing padha keplayu lan padha ndhelik bakal dipatèni.

21Mulané kowé aja wedi karo bangsa-bangsa kuwi. Pangéran, Allahmu, nunggil karo kowé. Panjenengané Allah sing Mahaagung; Panjenengané sing prelu kokwedèni.

22Bangsa-bangsa mau saka sethithik bakal ditundhung saka ing negaramu. Aja koktumpes kabèh sanalika, supaya aja marakaké kéwan-kéwan galak ngambra-ambra gawé pitunamu.

23Pangéran, Allahmu bakal ngulungaké mungsuh-mungsuhmu marang tanganmu. Panjenengané bakal nggawé wong-wong mau padha bingung, nganti gampang disirnakaké.

24Raja-kayané bakal diulungaké déning Allah marang pangwasamu lan bakal padha kokpatèni, nganti jenengé ora bakal kocap menèh. Ora ana wong sing bakal tahan ngadhepi kowé. Saben wong bakal koksirnakaké.

25Reca-recané sing padha disembah kudu diobong. Slaka lan emas sing nèmplèk ing reca-reca mau aja kokpéngini, lan aja kokjupuk kanggo awakmu dhéwé. Yèn kowé nglanggar dhawuh iki, kowé bakal mati, merga Allah gething karo panyembahé brahala.

26Reca-reca kuwi siji waé aja kokgawa mlebu ing omahmu, supaya kowé aja kena ing paukuman. Kowé kudu gething lan jijik karo reca-reca mau, merga barang-barang kuwi ora dikersakaké déning Allah."



 <<  Ulangan 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel