Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 9 >> 

1"Para sedulurku, wong Israèl, rungokna! Ing dina iki kowé bakal nyabrang Kali Yardèn lan ngenggoni tanah sing dienggoni déning bangsa-bangsa sing cacahé lan karosané ngungkuli kowé. Kuthané gedhé-gedhé, nganggo bètèng sing dhuwuré sundhul ing langit.

2Wong-wongé dedegé gedhé dhuwur, pancèn turun buta, lan kowé wis padha krungu yèn ora ana wong sing wani nglawan wong-wong mau.

3Nanging saiki kowé bakal weruh dhéwé, enggoné Pangéran Allahmu tindak ing ngarepmu kaya geni ngalad-alad sing ngentèk-entèkaké. Panjenengané bakal nelukaké mungsuh-mungsuhmu ana ing ngarepmu, nganti bisa koktundhungi lan gelis koktumpes, kaya sing dingandikakaké.

4(9:4-5) Sawisé Pangéran Allahmu nundhungi mungsuh-mungsuhmu, aja pisan-pisan kowé duwé pikiran, yèn enggonmu diirid menyang tanah kuwi merga saka kautamanmu lan pamanutmu marang Allah. Babar-pisan ora. Enggoné Pangéran nundhungi bangsa-bangsa mau lan nggawa kowé mrono, kuwi merga saka gedhéning durakané bangsa-bangsa mau. Kowé diparengaké ngenggoni tanahé bangsa-bangsa mau, merga Panjenengané kepéngin netepi janjiné marang para leluhurmu Abraham, Iskak lan Yakub.

5(9:4)

6Ngertia, yèn Allah ora maringaké tanah sing subur kuwi marang kowé merga kowé pantes tampa paringan mau. Ora, kowé kuwi bangsa sing wangkal.

7Élinga enggonmu njalari dukané Allah ana ing segara wedhi. Wiwit kowé padha metu saka tanah Mesir nganti tekan ing panggonan kéné, kowé wis bola-bali nglawan marang Allah.

8Malah nalika ana ing Gunung Sinai kowé wis njalari paukumané Allah, nganti kowé mèh ditumpes kabèh.

9Dhèk semono aku munggah ing gunung, arep nampani blébékan watu sing ditulisi prejanjian antarané Gusti Allah karo kowé. Patang puluh dina patang puluh bengi aku ana ing gunung mau, tanpa mangan lan tanpa ngombé.

10Aku banjur diparingi blébékan watu loro, isi tulisan sing diasta déning Allah piyambak, yakuwi tembung-tembung sing biyèn dingandikakaké saka ing satengahé geni marang bangsa Israèl, nalika padha nglumpuk ana ing sikiling gunung mau.

11Enggoné maringaké blébékan watu loro isi prejanjian sing kaserat kuwi mau sawisé aku ana ing gunung kono patang puluh dina patang puluh bengi.

12Gusti Allah nuli ngandika marang aku, ‘Gelis mudhuna, merga bangsamu sing kokirid metu saka ing tanah Mesir kuwi wis nglakoni duraka. Énggal temen enggoné padha nylèwèng saka dhawuh-Ku lan gawé reca sing padha disembah-sembah.’

13Gusti Allah uga ngandika marang aku, ‘Aku ngerti yèn bangsa iki atiné wangkot banget.

14Aku aja kokalang-alangi. Bangsa kuwi bakal Daktumpes kabèh nganti ora ana siji waé sing kèlingan yèn bangsa iki tau ana. Nanging kowé bakal Dakdadèkaké bangsa sing gedhéné lan kekuwatané ngluwihi bangsa iki.’

15Aku nuli medhun saka ing gunung, nggawa blébékan watu loro sing isi prejanjian mau. Sajroné aku mlaku medhun, gunungé ana geniné murub.

16Aku banjur weruh enggonmu wis padha nglanggar dhawuh sing kaparingaké déning Allah marang kowé. Kowé wis padha gawé dosa marang Allah, merga padha gawé reca pedhèt saka emas.

17Iya ana ing ngarepmu kono blébékan watu loro sing dakgawa mau dakbanting nganti ajur mumur.

18Aku nuli sujud sumungkem ing ngarsané Allah ana ing gunung mau menèh suwéné patang puluh dina patang puluh bengi, tanpa mangan lan ngombé. Enggonku nglakoni mengkono mau, merga kowé wis padha gawé dosa lan nekakaké paukumané Allah.

19Aku wedi karo dukané Allah, mangka Panjenengané dhèk semono duka banget, nganti kowé kabèh arep ditumpes. Nanging sukur, déné nalika semono Gusti Allah kersa ndhahar aturku.

20Gusti Allah iya duka banget marang Harun, nganti arep dipatèni; mulané aku banjur ndedonga kanggo dhèwèké.

21Reca pedhèt sing kokgawé saka emas mau banjur dakjupuk lan dakobong ing geni. Banjur dakremuk lan dakejur-ejur nganti lembut dadi awu. Awu mau banjur dakbuwang ing kali sing mili saka ing gunung.

22Kowé iya gawé dukané Allah, nalika kowé ana ing Tabera, Masa lan Kibrot-Taawa.

23Uga nalika kowé didhawuhi Allah budhal saka Kadès Barnéa, lan nalika didhawuhi nglurug perang menyang tanah sing wis dijanjèkaké déning Allah marang kowé. Kowé malah padha brontak, ora precaya karo Panjenengané lan padha mbangkang.

24Wiwit aku kenal karo kowé, saweruhku kowé kuwi tansah nglawan marang Allah.

25Mulané aku banjur sujud sumungkem marang ngarsané Allah, suwéné patang puluh dina patang puluh bengi, merga aku ngerti yèn Allah wis netepaké arep numpes kowé kabèh.

26Aku banjur ndedonga mengkéné, ‘Dhuh Allah ingkang Mahaluhur, sampun ngantos numpes umat kagungan Paduka menika. Bangsa ingkang sampun Paduka luwari lan Paduka irid menika sampun medal saking tanah Mesir srana kasektèn ingkang nggumunaken.

27Mugi Paduka ngèngeti abdi-abdi Paduka Abraham, Iskak lan Yakub, lan sampun ngantos menggalih dhateng wangkal, duraka lan dosanipun bangsa menika.

28Menawi bangsa menika Paduka tumpes, tiyang Mesir badhé sanjang, bilih Paduka mboten saged ngirid bangsa kagungan Paduka menika dhateng tanah, ingkang sampun Paduka janjèkaken dhateng tiyang-tiyang menika. Tiyang Mesir badhé mungel, bilih Paduka mbekta bangsa menika dhateng seganten wedhi namung badhé Paduka pejahi wonten ing ngriku, jalaran Paduka sengit dhateng bangsa menika.

29Dhuh Allah, mugi Paduka kersa ngèngeti, bilih bangsa menika sampun Paduka pilih dados umat kagungan Paduka, ingkang sampun Paduka irid piyambak saking tanah Mesir srana kasektèn ingkang nggumunaken.’"



 <<  Ulangan 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel