Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 12 >> 

1Ing langit tumuli katon ana rerupan anèh lan ora lumrah. Ana wong wadon sing nganggo sandhangan srengéngé, ngadeg ana ing rembulan. Wong mau nganggo makutha rinengga lintang rolas.

2Wong wadon mau lagi mbobot, lan sarèhné wis mèh tekan wektuné nglairaké, dadiné nglarani karo sesambat.

3Banjur ana rerupan anèh menèh muncul ing langit. Ana naga gedhé banget, rupané abang mbranang, endhasé pitu lan sunguné sepuluh, sarta ing saben endhasé ana jamangé.

4Buntuté naga mau nyèrèd saprateloné lintang-lintang ing langit, nuli katibakaké ana ing bumi. Naga mau mapan ana ing ngarepé wong wadon sing nglarani mau, sedyané arep nguntal bayiné samangsa lair.

5Wong wadon mau banjur mbabar Putra kakung, kang bakal ngerèh para bangsa nganggo teken wesi. Dumadakan Sang Putra mau karebut lan kaplayokaké menyang ing ngarsané Allah lan ing dhamparé.

6Déné wong wadon mau mlayu menyang pasamunan, ing panggonan sing wis kacawisaké déning Gusti Allah. Ana ing kono wong mau diopèni lawasé sèwu rong atus sewidak dina.

7Ing swarga nuli ana peperangan. Mikhaèl lan malaékat-malaékaté padha perang nglawan naga mau. Semono uga si naga kabantu déning para malaékaté nglawan Mikhaèl.

8Nanging si naga kalah perangé. Mula naga lan para malaékaté mau ora diparengaké manggon ing swarga.

9Si naga gedhé nuli diuncalaké metu! Yakuwi si ula kuna sing karan Iblis utawa Sétan, sing nasaraké saisiné jagad; diuncalaké menyang ing bumi, semono uga para malaékaté.

10Aku nuli krungu swara seru banget ana ing swarga, muni mengkéné: "Saiki wis tekan wektuné Gusti Allah nylametaké umat kagungané! Saiki Gusti Allah wis nindakaké pepréntahané, lan pangwasané Sang Kristus iya wis kebabar. Awit si penggugat sing rina wengi nggugat para sedulur kita ing ngarsané Gusti Allah kuwi wis kauncalaké saka ing swarga.

11Para sedulur kita wis padha nelukaké si naga srana rahé Sang Cempé, lan srana Injilé Allah sing padha diwartakaké, sebab padha ora ngéman marang nyawané dhéwé nganti tekan patiné.

12Mulané swarga lan sing padha manggon ana ing kono padha bungah-bungaha! Nanging cilaka temen bumi lan segara! Merga Iblis wis mudhun nekani kowé karo nepsu banget, awit ngerti yèn wektuné mung kari sedhéla."

13Bareng si naga éling yèn wis kabuwang menyang bumi, banjur ngoyak wong wadon sing wis mbabar Putra kakung mau.

14Wong wadon kuwi wis kaparingan swiwi garudha gedhé banget sepasang, supaya bisa mabur menyang panggonané ana ing pasamunan, luwar saka penggangguné si naga. Ana ing pasamunan kono wong wadon mau diupakara lawasé telu setengah taun.

15Si naga nyemburaké banyu kaya kali saka ing cangkemé supaya wong wadon mau kèlia ing kali kono.

16Nanging wong wadon ditulungi déning bumi. Bumi ngangapaké cangkemé lan nguntal banyu sing disemburaké déning naga mau.

17Si naga nepsu banget marang wong wadon mau, banjur lunga nempuh kekarèné turuné, yakuwi wong kabèh sing padha ngèstokaké dhawuhé Gusti Allah lan ngugemi piwulangé Gusti Yésus.



 <<  Wahyu 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel