Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 17 >> 

1Sawisé mengkono salah sijiné malaékat pitu sing nggawa bokor pitu mau marani aku lan ngandhani: "Mrénéa, daktuduhi paukumané si sundel gedhé, yakuwi kutha gedhé kang kaadegaké ana ing papan sing akèh banyuné.

2Para raja padha bédhang karo sundel gedhé mau, mengkono uga para wong sing manggon ing bumi wis padha mendem déning angguring bédhangané."

3Sajroning pangwasané Sang Roh Suci aku digawa déning malaékat mau menyang pesamunan. Ing kono aku weruh ana wong wadon nunggang kéwan sing ulesé abang mbranang. Kéwan mau awaké sekojur kebak tulisan sing nyenyamah marang Gusti Allah. Kéwan kuwi endhasé pitu lan sunguné sepuluh.

4Wong wadon mau nganggo klambi wungu lan abang tuwa, nganggo rerenggan emas, inten lan mutiara. Tangané nyekel tuwung emas isiné kebak sakèhing barang-barang reged lan njijiki, olèh-olèhané enggoné laku jina.

5Wong wadon mau ing bathuké ana tulisané jeneng sandi, yakuwi: "Babil gedhé, baboning sakèhing sundel lan sakèhing penggawé nistha ing bumi."

6Aku weruh wong wadon mau lagi mendem merga getihé para wong precaya lan getihé para wong sing neksèni Asmané Gusti Yésus. Ndeleng kaanan kuwi aku gumun banget.

7Malaékat mau nuli kandha marang aku: "Yagéné kowé kokgumun? Kowé dakkandhani bab wadiné wong wadon lan wadiné kéwan tunggangané sing endhasé pitu lan sunguné sepuluh kuwi.

8Kéwan sing kokdeleng kuwi mauné ana, nanging saiki ora ana. Kéwan kuwi bakal njedhul saka teleng palimenganing pati lan bakal disirnakaké. Déné para manungsa kang manggon ana ing bumi, sing jenengé ora katulis ana ing Buku Kauripan sadurungé jagad katitahaké, samangsa padha weruh si kéwan mau bakal padha gumun. Awit kéwan kuwi biyèn ana, saiki ora ana, nanging bakal njedhul menèh.

9Tumraping prekara iki prelu kawicaksanan lan pangerti. Endhas pitu kuwi ngibarataké gunung pitu sing dilungguhi déning wong wadon mau. Kuwi uga ngibarataké ratu pitu:

10sing lima wis padha ambruk, sing siji saiki isih madeg, sijiné menèh durung teka. Déné samangsa teka, enggoné madeg ora suwé.

11Ana déné si kéwan, sing mauné ana, saiki ora ana, kuwi raja kang kawolu. Raja kuwi tunggalé raja pitu sing bakal kasirnakaké mau.

12Déné sungu sepuluh sing kokdeleng kuwi ngibarataké ratu sepuluh sing durung wiwit mréntah. Ratu-ratu mau bakal padha nampani pangwasané bebarengan karo si kéwan, suwéné sejam.

13Raja sepuluh kuwi padha sarujuk masrahaké kasektèn lan pangwasané marang si kéwan mau.

14Raja-raja lan si kéwan bakal nempuh perang nglawan Sang Cempé. Nanging bakal padha dikalahaké déning Sang Cempé lan para pendhèrèké sing wis katimbalan lan kapilih, sarta setya marang Panjenengané. Awit Panjenengané kuwi Gustiné para gusti lan Ratuné para ratu."

15Malaékat mau nuli ngandikani aku mengkéné: "Banyu sing kokdeleng, sing dilungguhi sundel kuwi, ngibarataké negara-negara, golongan-golonganing masarakat, para bangsa lan basa.

16Sungu sepuluh sing kokdeleng lan si kéwan mau bakal padha sengit marang si sundel mau. Barang-darbèké sundel mau bakal direbut lan wongé diwudani. Dagingé banjur dipangan; sawisé kuwi sundel mau bakal diobong ing geni.

17Kuwi kabèh merga Gusti Allah wis ngosikaké atiné wong-wong supaya padha nglakoni apa sing wis ditetepaké déning Gusti Allah. Wong-wong nuli padha masrahaké pangwasané marang si kéwan. Si kéwan bakal nindakaké pepréntahané nganti sakèhing pangandikané Gusti Allah wis padha katetepan kabèh.

18Wong wadon sing kokdeleng kuwi ngibarataké kutha gedhé, kang ngerèh para ratu ing bumi."



 <<  Wahyu 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel