Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yakobus 4 >> 

1Apa sing njalari kowé padha congkrah lan tukar padu? Apa ora merga kowé padha seneng ngumbar hawa-nepsu lan mburu pepénginanmu lan tansah padha golèk senengmu dhéwé-dhéwé?

2Kowé padha mélik marang sawenèhing barang, nanging ora kelakon, banjur tuwuh niyatmu arep mematèni! Kowé kepéngin apa-apa, nanging ora keturutan, banjur padu lan kerengan. Kowé ora olèh barang sing kokpéngini, awit barang mau ora koksuwun karo Gusti Allah.

3Lan senajan kowé nyuwun, kowé ora kaparingan, awit karepmu ala; jalaran sing koksuwun mau barang-barang sing arep kokenggo nguja hawa-nepsumu.

4Hé wong mursal! Apa kowé padha ora ngerti yèn sing sapa memitran karo donya iki ateges dadi satruné Gusti Allah?

5Aja koksepèlèkaké pangandika ing Kitab Suci sing surasané: "Atiné manungsa dikersakaké ngemungna rumaket marang Panjenengané waé."

6Éwasemono sih-rahmat sing diparingaké déning Gusti Allah luwih gedhé, kaya pangandika ing Kitab Suci: "Gusti Allah nampik wong gumunggung, nanging maringi sih-rahmat marang wong sing andhap-asor."

7Mulané padha wedi-asiha karo Gusti Allah; Iblis lawanen, karebèn padha mlayu ninggal kowé.

8Padha nyedhaka marang Gusti Allah; Panjenengané bakal nyelaki kowé. Tanganmu wisuhana, hé wong dosa! Lan resikana atimu, hé wong lamis!

9Padha nlangsaa, padha nangisa lan sesambata! Guyumu salinana tangis lan kabungahanmu salinana kasusahan!

10Padha ngasorna badanmu ana ing ngarsané Gusti Allah, Panjenengané nuli bakal ngluhuraké kowé.

11Hé para sedulur, aja padha ngrasani lan nenacad liyan! Sing sapa ngrasani utawa netepaké luputé seduluré, ateges nacad lan ngluputaké marang dhawuhé Gusti Allah. Yèn ngluputaké dhawuh-dhawuh mau ateges kowé ora sumuyud, nanging dadi hakimé.

12Mangka sing maringaké dhawuh lan ngadili manungsa kuwi mung Gusti Allah. Mung Panjenengané sing nylametaké utawa numpes. Rumangsamu kowé kuwi sapa; kokarep ngadili manungsa pepadhamu?

13Kowé sing padha muni: "Ing dina iki, utawa sésuk aku arep menyang kutha anu lan ana ing kana setaun lawasé, arep dagang lan golèk bathi akèh," padha rungokna pituturku iki.

14Kowé rak padha ora ngerti apa sing sésuk bakal kelakon. Uripmu kuwi rak mung kaya uwab, sing katon mung sedhéla banjur ilang.

15Sing bener kowé kudu muni mengkéné: "Menawa Pangéran marengaké aku kaparingan umur dawa, aku arep ngéné utawa ngono."

16Nanging saiki kowé gumunggung lan umuk. Kuwi ora bener.

17Dadiné saben wong sing ora nglakoni penggawé becik, mangka ngerti yèn kuduné dilakoni, kuwi gawé dosa.



 <<  Yakobus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel