Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 15 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, apa kaluwihané wit anggur yèn katandhing karo wit liya?

3Apa kayuné kena dienggo gawé dandanan, utawa kanggo gawé canthèlan kanggo nyanthèlaké barang-barang?

4Apa ora mung becik kanggo dadèn geni. Yèn bongkot lan pucuké wis kobong entèk mangka sing tengah geseng, kena dipèk gawéné apa?

5Rak wis ora ana gawéné, senajan durung diobong. Mangka sawisé kobong lan geseng saya olèhé ora kanggo nggawé!"

6Mengkéné pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, "Kaya wit anggur sing dijupuk saka alas banjur kaobong, kaya mengkono Aku bakal mundhut wong-wong ing Yérusalèm,

7sing bakal Dakukum. Wis oncat saka geni sing siji, saiki bakal kaobong ing geni sijiné. Mengkono enggon-Ku bakal ngukum wong-wong mau, supaya kowé ngerti yèn Aku iki Pangéran.

8Sarèhné ora setya marang Aku, mulané tanah iki bakal Dakdadèkaké ara-ara samun. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."



 <<  Yehezkiel 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel