Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 26 >> 

1Ora let suwé enggoné Yoyakim bin Yosia jumeneng raja ana ing Yéhuda.

2Pangéran ngandika marang aku mengkéné, "Kowé ngadega ana ing platarané Pedalemané Allah lan medharna marang wong-wong sing padha teka saka kutha-kuthané Yéhuda arep manembah, sakèhé pangandika sing wis Dakdhawuhaké marang kowé, aja ana sing kecècèr.

3Mbokmenawa wong-wong mau padha gelem ngrungokaké lan mratobat saka lakuné sing ala. Yèn mengkono Aku bakal ngowahi rancangan-Ku bab enggon-Ku bakal nekakaké paukuman marang wong-wong mau, merga saka piala sing padha dilakoni."

4Pangéran dhawuh marang aku supaya ngandhani wong-wong mau mengkéné, "Aku, Pangéran, wis paring dhawuh yèn kowé kudu padha mbangun-turut marang piwulang sing wis Dakparingaké marang kowé.

5Lan supaya nggatèkaké tembungé para abdi-Ku, yakuwi para nabi, sing ora kendhat-kendhat Dakutus nekani kowé. Nanging kowé ora tau ngèstokaké dhawuh-Ku.

6Yèn kuwi kokterus-terusaké, Pedalemané Allah iki bakal Dakgawé kaya Silo, lan sakèhé bangsa ing bumi bakal nganggo jenengé kutha iki kanggo ngipat-ipati."

7Para imam, para nabi lan sakèhé wong sing ana ing platarané Pedalemané Allah kono padha krungu apa sing dakkandhakaké.

8Sawisé rampung enggonku nglantaraké pangandikané Allah kabèh, aku banjur dicekel déning wong-wong mau karo padha muni, "Cekaké kowé kudu mati!

9Merga tembungmu ora nggenah! Yagéné kowé muni atas asmané Pangéran yèn Pedaleman iki bakal ngalami kaya Silo, lan kutha iki bakal katumpes, nganti wongé entèk kabèh?" Wong-wong mau padha ngrubung aku.

10Bareng para penggedhéné Yéhuda padha krungu, banjur énggal-énggal padha metu saka kedhaton menyang Pedalemané Allah, sarta padha lungguh ing Gapura Anyar.

11Para imam lan para nabi banjur padha kandha karo para penggedhé lan rakyat sing ana ing kono mengkéné, "Tiyang menika kedah kaukum pejah margi criyos bilih kitha menika badhé katumpes kados ingkang panjenengan pireng piyambak."

12Aku banjur muni mengkéné, "Pangéran sampun ngutus kula, nerangaken dhateng panjenengan bab samukawis ingkang badhé kedadosan bab Pedalemanipun Allah menika.

13Maksudipun supados panjenengan ngéwahi gesang panjenengan lan solah tingkah panjenengan, sarta mbangun-turuta dhateng Pangéran, Allah panjenengan. Menawi menika panjenengan lampahi, Pangéran badhé ngéwahi rancanganipun enggènipun badhé ndhatengaken karisakan dhateng panjenengan.

14Nanging menggah kula, kula purun panjenengan menapakaken kémawon, ingkang panjenengan anggep saé lan leres.

15Nanging panjenengan kedah émut saprekawis: Menawi kula panjenengan pejahi, menika ateges bilih panjenengan lan rakyat ing kitha menika ngwutahaken rahipun tiyang resik, margi ingkang ngutus kula ngémutaken panjenengan menika Pangéran piyambak."

16Para penggedhé lan wong akèh sing ana ing kono banjur kandha karo imam lan para nabi mengkéné, "Tiyang menika nglantaraken pangandikanipun Pangéran, Allah kita, pramila sampun ngantos dipun pejahi!"

17Sawisé mengkono banjur ana pinituwa sawetara sing ngadeg lan ngandhani wong akèh sing ana ing kono mengkéné,

18"Nalika Hizkia jumeneng raja ing Yéhuda, Nabi Mikha saking Morèsyèt, naté medhar wangsit dhateng tiyang-tiyang, bilih Pangéran, Allah Ingkang Mahakwasa ngandika mekaten, ‘Sion bakal diluku kaya sawah, Yérusalèm bakal dadi gempuran, lan Pedalemané Allah bakal dadi alas.’

19Raja Hizkia lan tiyang-tiyang Yéhuda mboten lajeng mejahi Nabi Mikha, malah Hizkia lajeng mratobat lan ngangkah pikantuk sihipun Pangéran malih. Mila Pangéran lajeng ngéwahi penggalihipun lan mbatalaken enggènipun badhé ndhatengaken karisakan. Samenika, menapa kita badhé ndhatengaken bebaya ingkang semanten agengipun dhateng badan kita piyambak?"

20Ing kono ana wong siji menèh, jenengé Uria bin Semaya, saka Kiryat-Yéarim, sing iya medhar wangsit atas asmané Pangéran, bab bilai sing bakal nekani kutha Yérusalèm, kaya sing diwedharaké déning Yérémia.

21Nalika Sang Prabu Yoyakim lan para prejurité sarta pegawé krungu pamedhar wangsité Uria, Sang Prabu banjur ngarah arep matèni Uria. Bareng krungu sing mengkono mau, Uria saka wediné banjur ngungsi menyang tanah Mesir.

22Nanging Raja Yoyakim nuli utusan Èlnatan bin Akhbor lan wong sawetara nututi menyang Mesir nyekel Uria.

23(Uria digawa bali ing ngarsané Raja Yoyakim. Yoyakim banjur dhawuh matèni Uria. Layoné dikubur ana ing kuburan umum.)

24Nanging sarèhné aku diayomi déning Ahikam bin Safan, mula aku ora diulungaké ing tangané wong akèh mau lan dipatèni.



 <<  Yeremia 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel