Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 44 >> 

1Pangéran ngandika marang aku bab wong Israèl sing padha manggon ing tanah Mesir, ing kutha-kutha Migdol, Takhpanhès, ing Mèmfis lan ing tanah Patros, yakuwi tanah Mesir sisih Kidul;

2dhawuhé Pangéran Kang Mahakwasa Allahé Israèl mengkéné, "Kowé wis padha nyipati dhéwé sakèhé bebaya sing Dakdhawahaké marang Yérusalèm lan kutha-kutha ing Yéhuda liyané. Tekan sepréné kutha-kutha mau isih rupa jugrugan lan ora ana wong siji-sijia sing manggon ana ing kono.

3Merga wong-wong sing biyèn manggon ing kono padha gawé piala, lan njalari duka-Ku. Wong-wong mau padha gawé kurban lan nyembah marang allah-allahé bangsa-bangsa liya sing ora dingertèni; iya kowé lan para leluhurmu padha ora ngerti.

4Aku ora kendhat-kendhat ngutus para nabi-Ku, para nabi, sing nuturi kowé supaya aja nindakaké prekara nistha sing Daksengiti.

5Nanging kowé padha ora gelem ngrungokaké lan ngèstokaké. Kowé padha tetep gawé kurban lan nyembah marang allah-allah liya mau.

6Mulané Aku banjur ngesokaké paukuman-Ku marang kutha-kutha ing Yéhuda lan dalan-dalan ing Yérusalèm. Sarta Dakobong kabèh, mula dadi jugrugan lan tekan sepréné dadi sesawangan sing nggegirisi.

7Saikiné Aku, Pangéran Kang Mahakwasa Allahé Israèl takon marang kowé, yagéné kowé nekakaké paukuman gedhé marang awakmu dhéwé? Apa kowé arep nekakaké bebaya marang wong lanang wadon, bocah-bocah lan bayiné wong Yéhuda nganti ora ana sing kari siji-sijia?

8Yagéné kowé ana ing tanah pangungsèn ing Mesir kéné njalari duka-Ku merga enggonmu gawé kurban lan nyembah marang allah-allah liya? Apa karepmu arep ngrusak awakmu dhéwé, supaya ora kajèn ing antarané bangsa-bangsa lan jenengmu dienggo ngipat-ipati wong?

9Apa kowé wis lali karo sakèhé piala sing ditindakaké ana ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm déning para leluhurmu, déning para raja lan para seliré, déning kowé dhéwé lan para selirmu?

10Tekan sepréné kowé padha ora mratobat lan ngasoraké awakmu. Kowé ora ngurmati Aku lan uripmu ora manut angger-angger-Ku sing Dakparingaké marang kowé lan marang para leluhurmu.

11Mulané Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, bakal nglawan kowé lan numpes wong Yéhuda kabèh.

12Lan sepira ana kekarèné wong Yéhuda sing kenceng arep lunga menyang tanah Mesir lan manggon ana ing kono, kuwi kabèh bakal Daksirnakaké. Kabèh, iya sing gedhé, utawa sing cilik, bakal mati ana ing tanah Mesir merga déning perang utawa mati kaliren. Wong-wong mau bakal dadi sesawangan sing nggegirisi. Wong-wong mau bakal diina déning para bangsa lan jenengé dienggo ngipat-ipati wong.

13Wong-wong sing padha manggon ing tanah Mesir bakal Dakukum, kaya enggon-Ku ngukum Yérusalèm, yakuwi srana perang, paceklik lan pageblug.

14Nganti kekarèné wong Yéhuda sing ngungsi menyang tanah Mesir lan arep manggon ana ing kana, bakal ora ana sing bali menyang Yéhuda menèh, kaya sing dadi pengangen-angené, kejaba mung wong sawetara."

15Sawisé mengkono sakèhé wong lanang sing ngerti yèn bojoné uga gawé kurban lan nyembah marang allah-allah liyané, semono uga para wong wadon sing padha ngadeg ana ing kono lan wong Israèl sing padha manggon ana ing tanah Mesir sisih Kidul, cekaké klumpukané wong akèh banget mau padha kandha karo aku mengkéné,

16"Menggah menapa ingkang panjenengan ngandikakaken atas asmanipun Pangéran wau kula mboten saged nampi.

17Kula badhé nindakaken pikajeng kula piyambak. Kula tetep sami badhé damel kurban dhateng déwa kula, inggih menika Raja Putri ratuning langit. Tetep badhé saos kurban unjukan dhateng piyambakipun kados ingkang sampun kula tindakaken sarta dipun tindakaken déning para leluhur kula, para raja lan para pemimpin kula wonten kitha-kithanipun Yéhuda tuwin ing margi-marginipun Yérusalèm. Mila kula badhé mboten kekirangan tedha; gesang kula badhé makmur, kalis saking sedaya rubéda.

18Sebab wiwit kula kèndel saos kurban dhateng Ratuning Langit lan mboten saos sesajèn unjukan anggur kula sami ketelasan tedha, tiyang-tiyang kula sami pejah ing peprangan utawi pejah kaliren."

19Wong-wong wadon mau padha kandha menèh mengkéné, "Menawi kula sami damel kuwih ingkang kawangun kados Raja Putrining Langit lajeng kula saosaken minangka kurban dhateng piyambakipun, sarta saos sesajèn unjukan anggur, sémah kula sami ngertos lan ngrujuki pendamel kula."

20Aku banjur kandha karo sakèhé wong lanang lan wadon sing mangsuli aku mau mengkéné,

21"Kurban sing kokgawé lan digawé déning para leluhurmu sarta déning para raja lan para pemimpinmu, apa menèh déning rakyat ing kutha-kuthané Yéhuda lan ing dedalan ing Yérusalèm, apa kokkira Pangéran ora pirsa mau kabèh utawa kesupèn?

22Saiki tanahmu wis dadi jugrugan lan ora ana sing ngenggoni. Dadi sesawangan sing nggegirisi, lan jenengé dienggo nyupatani wong, merga Pangéran wis ora tahan menèh mirsani pialamu lan pretingkahmu sing nistha.

23Paukuman mau kabèh nekani kowé merga kowé wis padha nyembah marang allah-allah liyané lan wis nglakoni dosa marang Pangéran krana enggonmu mbaléla marang dhawuh-dhawuhé."

24(44:24-25) Wong akèh mau padha dakkandhani, luwih-luwih para wong wadon, bab apa sing dingandikakaké déning Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, kanggo wong-wong Yéhuda sing padha manggon ing Mesir, mengkéné, "Kowé lan para somahmu wis padha sumpah marang Raja Putrining Langit yèn kowé arep gawé kurban lan sesajèn kanggo déwa mau, mangka kuwi ya wis koktetepi. Yèn mengkono ya uwis! Tetepana sumpahmu! Punagimu luwarana!

25(44:24)

26Nanging saiki padha rungokna janji-Ku sing Dakucapaké sajroning mulading duka-Ku, atas asma-Ku kang mahakwasa, tumraping wong Israèl, sing padha manggon ing tanah Mesir, ‘Aja pisan-pisan kowé sumpah nganggo asma-Ku ing selawas-lawasé,’ karo muni, ‘Demi Allah kang gesang aku sumpah!’

27Kowé bakal Dakgawé supaya ora ngalami kemakmuran, malah Daktumpes. Kowé kabèh bakal padha mati merga perang utawa pageblug, nganti ora ana siji waé sing kari urip.

28Mung wong sawetara ing antaramu sing bakal oncat saka ing pati lan bali saka Mesir menyang Yéhuda. Wong-wong kekarèné kuwi sing bakal ngerti tembungé sapa sing kelakon: Pangandika-Ku apa kandhané wong-wong kuwi.

29Aku, Pangéran bakal mbuktèkaké yèn Aku bakal ngukum kowé ing panggonan kéné lan janji enggon-Ku arep numpes kowé kuwi bakal kelakon temenan.

30Hofra, raja ing Mesir bakal Dakulungaké ing tangané para mungsuhé sing ngarah patiné, kaya enggon-Ku ngulungaké Zedekia raja ing Yéhuda marang Nebukadnésar raja ing Babil, mungsuhé Zedekia sing ngarah patiné."



 <<  Yeremia 44 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel