Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 10 >> 

1(10:1-2) Cilaka kowé! Kowé padha gawé prenatan sing ora adil, kokenggo nindhes rakyat. Srana mengkono kowé ngrampas haké wong miskin, nganti padha ora olèh keadilan lan ngrampas barang-darbèké randha lan bocah lola.

2(10:1)

3Nanging kepriyé bakal polahmu, samasa Allah nekakaké pemales ing dina pengadilan? Kowé arep apa yèn Allah nekakaké pemales sing tekané saka tanah adoh. Kowé arep mlayu ngungsi menyang endi? Bandhamu arep kokdhelikaké ana ing ngendi?

4Kowé bakal mati ing peprangan utawa digiring dadi tawanan. Senajan mengkono, bebenduné Allah durung kèndel lan astané isih diagagaké kanggo ngukum.

5Pangandikané Pangéran, "Asyur Dakdadèkaké gebug ing asta-Ku kanggo nggebugi wong sing Dakukum.

6Asyur Dakutus merangi umat-Ku sing murtad lan nekakaké paukuman-Ku. Asyur Dakdhawuhi ngrampog lan ngrampas sarta ngiles-iles umat-Ku kaya lebuné dalan."

7Nanging kersané raja Asyur dhéwé ora mengkono. Yakuwi arep migunakaké pangwasané manut rancangané dhéwé. Karepé kenceng olèhé arep nyirnakaké bangsa pirang-pirang.

8Kandhané karo angkuh mengkéné, "Panglima-panglimaku rak raja kabèh.

9Kutha-kutha Kalno, Karkhemis, Hamat lan Arpad kabèh arep daktelukaké. Iya kutha-kutha Samaria lan Damsyik.

10Kraton-kraton sing padha nyembah brahala sing pangwasané ngungkuli brahala-brahala sing disembah ing Yérusalèm lan ing Samaria, kabèh mau bakal daktelukaké.

11Samaria lan sakèhé brahalané bakal dakremuk, mengkono uga sakèhé brahala sing padha disembah ing Yérusalèm."

12Nanging Pangéran ngandika, "Sawisé rampung apa sing arep Daktindakaké ana ing Gunung Sion lan ing Yérusalèm, raja Asyur bakal Dakukum merga saka gemedhéné lan angkuhé."

13Raja Asyur mau ngendika mengkéné, "Kabèh mau bakal daktindakaké nganggo kekuwatanku dhéwé. Aku rosa, wicaksana lan trampil. Tapel watesé para bangsa bakal dakilangi. Simpenané bakal dakrampas. Para raja lan penggedhéné bakal dakidak-idak kaya banthèng ngidak-idak lemah.

14Bangsa-bangsa ing jagad iki presasat susuh manuk. Gampang waé barang-darbèké dakjupuk, kaya wong ngukup endhog saka susuh. Ora ana sing bakal ngabruk utawa nothol utawa cemuwit."

15Nanging Gusti Allah ngandika, "Wadung apa kena gemunggung ana ing ngarepé sing madung? Graji apa luwih unggul ketimbang karo sing migunakaké? Rak dudu penthung sing ngangkat wong, nanging wong sing ngangkat penthung!"

16Sarèhné Asyur wis gemunggung, Pangéran Allah Kang Mahakwasa bakal nekakaké lelara kanggo ngukum para perwira sing padha lemu ginuk-ginuk, bakal padha ketekan lelara panas sing ora lèrèn-lèrèn ngobong awaké.

17Allah kang mahasuci, pepadhangé Israèl, bakal kaya geni mulad-mulad sing sajroning sedina ngobong samubarang kabèh, dalah rerungkudan lan eri bebondhotan pisan.

18Alas-alas sing ketel lan palemahan-palemahan subur bakal kasirnakaké nganti tapis, kaya carané wong sing disirnakaké déning pageblug.

19Kekarèné wit sing urip bakal mung sethithik, nganti kena diétung déning bocah cilik.

20Bakal ana wektuné wong Israèl sing oncat lan kauwalaké ora ngendelaké menèh marang para penggedhéné sing mèh waé gawé sirnané saumat kabèh, nanging bakal padha pasrah marang Pangéran, Allahé Israèl kang mahasuci.

21Kekarèné Israèl sing mung sethithik cacahé, bakal mbangun-turut marang Allah Kang Mahakwasa.

22Senajana umat Israèl saiki cacahé kaya wedhiné segara, mung sethithik sing bakal mratobat. Dina panumpesan kuwi wis cedhak, lan wis samesthiné umat iki katumpes.

23Allah Kang Mahakwasa piyambak sing bakal numpes; kuwi wis dadi putusané Allah, lan ora kena diowahi.

24Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang umaté sing manggon ana ing Sion, "Kowé aja wedi karo wong Asyur, senajan kowé ditindhes kaya carané wong Mesir dhèk biyèn nindhes kowé.

25Kowé bakal Dakukum mung sedhéla, nuli gentèn wong Asyur sing Daktumpes.

26Aku Allah Kang Mahakwasa, wong-wong mau bakal Dakpecut nganggo cemethi, kaya enggon-Ku ngajar wong Midian ing Gunung watu Orèb. Asyur bakal Dakukum, kaya carané enggon-Ku ngukum Mesir.

27Ing kono Aku bakal ngluwari kowé saka Asyur, lan Asyur bakal ora ngerèh kowé menèh."

28Tentarané Asyur wis ngrebut kutha Ai! Malah wis maju ngliwati Migron! Sanguné pangan lan liya-liyané ditinggal ana ing Mikmas!

29Banjur padha nyabrang lan nginep ana ing Géba! Wong sing padha manggon ing Rama wis gemeter kabèh. Wong sing padha manggon ing Gibéa, kuthané Raja Saul, wis padha ngungsi.

30Hé wong sing padha manggon ing Galim, ing Laisa lan ing Anatot! Padha sing ngati-ati!

31Wong sing manggon ing kutha Madména lan ing Gébim padha mlayu ngungsi.

32Dina iki mungsuh wis tekan kutha Nob, lan tata-tata nglumpukaké kekuwatan kanggo nyerang Gunung Sion lan kutha Yérusalèm.

33Nanging Pangéran, Allah Kang Mahakwasa bakal ngrubuhaké wong-wong mau kaya pang sing disempal saka wité. Ing antarané wong-wong sing gedhé dhéwé pangkaté lan pangwasané, bakal dirubuhaké lan digawé wirang.

34Pangéran bakal ngrubuhaké wong mau kaya wit ing alas sing ditegor nganggo wadung. Senajan kekuwatané kaya wit sing gedhé dhéwé ing Libanon, meksa iya bakal padha rubuh!



 <<  Yesaya 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel