Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 17 >> 

1Pangéran ngandika, "Damsyik bakal ora wujud kutha menèh, nanging dadi jugrugan.

2Kutha-kutha ing Siria bakal ditinggal suwung selawas-lawasé sarta dadi panggonané sato kéwan. Ora ana wong sing bakal nggusah saka kono.

3Israèl bakal loyo lan ora duwé kekuwatan. Damsyik bakal kélangan kamardikané. Kekarèné wong Siria uripé bakal nandhang kanisthan, kaya wong Israèl. Aku, Pangéran, Allah Kang Mahakwasa wis ngandika."

4Pangandikané Allah menèh, "Bakal kelakon, kaluhurané Israèl wis tamat, lan kasugihané malih dadi kemlaratan.

5Israèl bakal dadi kaya tegalan ing Réfaim sawisé gandumé entèk dipanèni.

6Kaya wit zaitun sing wohé entèk diundhuh, kari siji loro sing ana ing pucuk, lan sawetara sing ana ing pang-pang rada ngisor. Kaya mengkono bakal kekarèné bangsa Israèl, mung sethithik sing bakal dislametaké. Aku, Pangéran Allahé Israèl, wis ngandika."

7Ing dina mau wong bakal bali nyuwun tulung marang Pangéran, kang nitahaké, iya Allahé Israèl.

8Wong-wong kuwi wis ora ngarep-arep asiling penggawéné dhéwé, ora nggatèkaké mesbèh-mesbèh panggonan ngobong dupa lan reca-recané Dèwi Asyéra.

9Ing dina kuwi kutha-kutha sing dijaga kuwat bakal dadi jugrugan lan sepi nyenyet, kaya kutha-kutha sing ditinggal suwung déning wong Hèwi lan wong Amori nalika padha keplayu dioyak wong Israèl.

10Israèl, kowé wis lali karo Allah sing nylametaké lan ngreksa kowé kaya gunung watu sing sentosa. Kosokbaliné, kowé wis padha yasa taman-taman kanggo nyembah brahala.

11Senajan taman-taman mau padha thukul lan sanalika metokaké kembang, éwasemono bakal ora ana asilé sing kena kokpethik. Sing bakal kokalami mung kasusahan lan kasangsaran sing ora entèk-entèk.

12Bangsa-bangsa gedhé lagi padha gemuruh, kaya gemuruhé segara lan jumeguré ombak gedhé-gedhé.

13Tekané gemrudug kaya ombak gegulungan. Nanging padha diancam déning Pangéran, banjur padha mundur, disebul kaya awu saka pèrènging gunung, utawa kaya mrambut kabur ing angin.

14Ing wayah soré padha gawé geter, nanging ing wayah ésuk wis ora ana tilasé. Mengkono nasibé saben wong sing ngrayah kita.



 <<  Yesaya 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel