Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 2 >> 

1Pangandikané Gusti Allah marang Yésaya bin Amos kanggo Yéhuda lan Yérusalèm,

2Ing jaman wekasan bakal kelakon, gunung panggonan Pedalemané Allah bakal mumbul, ngungkuli gunung-gunung dhuwur liyané. Bangsa pirang-pirang bakal padha kemrubut mara mrana,

3lan kabèh bakal muni mengkéné, "Ayo padha munggah menyang gunungé Allah kita. Ana ing kana kita bakal diwulang apa waé sing kudu kita lakoni. Kita bakal ngambah dalan sing ditedahaké, sebab angger-anggeré Allah kuwi asalé saka Yérusalèm, lan iya saka kono Panjenengané ngandika marang umaté."

4Panjenengané bakal ngadili prekarané bangsa-bangsa, sing padha prekaran lan ndhawahaké putusané. Mulané pedhang-pedhang digemblèng kadadèkaké kajèn sarta tumbak-tumbaké digawé arit. Bangsa-bangsa bakal padha ora perang menèh, lan ora ana sing latihan perang-perangan.

5Hé anak-turuné Yakub kabèh, ayo padha mlaku ing pepadhang peparingé Allah marang kita.

6Dhuh Allah, sampun ta nilar umat Paduka, turunipun Yakub! Awit ing pundi-pundi, ing negari menika tiyang sami dados juru tenung kados tiyang Filistéa lan tiyang-tiyang bangsa wétanan.

7Rakyat sami niru adat tata-caranipun bangsa sanès. Tanah ngriki kebak slaka, tuwin raja-brana tanpa wicalan. Kapal lan krétanipun kathah sanget,

8mekaten ugi tanah ngriki kebak brahala. Tiyang-tiyangipun sami nyembah reca damelanipun piyambak.

9Srana pendamel mekaten drajatipun manungsa dipun asoraken lan dados nistha. Tiyang-tiyang kados mekaten mugi sampun Paduka apunten.

10Tiyang-tiyang menika badhé sami mlebet ing guwa-guwa ing paredèn, utawi damel pandhelikan ing salebeting siti, supados oncat saking mulading paukuman lan pangwaosing kamulyan Paduka.

11(2:11-12) Bakal tekan wektuné wong angkuh diasoraké, wong gemedhé didhingklukaké.

12(2:11)

13Wit cemara sing dhuwur-dhuwur ing Libanon lan sakèhé wit-witan gedhé ing Basan bakal dirubuhaké.

14Gunung-gunung lan punthuk-punthuk sing dhuwur bakal diratakaké.

15Menara-menara sing dhuwur lan témbok-témboké bètèng bakal dijugrugaké.

16Prau sing gedhé-gedhé lan éndah bakal dikèremaké.

17(2:17-18) Wong gemunggung bakal diasoraké, lan wong gemedhé digawé temungkul. Brahala-brahala kabèh bakal sirna saka bumi. Ing dina kuwi mung Allah piyambak kang bakal kaluhuraké.

18(2:17)

19(2:19-21) Samasa Gusti Allah ngoregaké bumi, wong-wong bakal padha mlebu guwa-guwa ing pegunungan karang utawa ndhudhuk pandhelikan ing lemah, supaya oncat saka paukumané Allah lan pangwasané sing ngédab-édabi. Ing dina kuwi manungsa bakal mbuwang brahalané pérak lan emas kanggo tikus lan lawa.

20(2:19)

21(2:19)

22Mulané kowé aja padha ngendelaké marang manungsa sing ngalami mati, sebab apané ta sing pantes diajèni?



 <<  Yesaya 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel