Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 23 >> 

1Pangandikané Allah kanggo Tirus mengkéné: Padha sesambata hé sakèhé wong Tirus sing lelayaran! Omahmu ing kutha pelabuhan Tirus wis padha rubuh. Omah lan pelabuhané wis dadi gempuran. Yèn prau-praumu bali saka Siprus, kowé bakal krungu wertané.

2Para sudagar ing Sidon, padha nangisa!

3Kowé kongkonan wong nyabrang segara kulak gandum saka tanah Mesir, banjur diedol marang sakèhé bangsa ing bumi.

4Hé Sidon, saiki kowé diasoraké! Segara lan samodra padha ora ngakoni kowé, pangucapé, "Aku ora tau duwé anak. Aku ora tau nggedhèkaké anak lanang utawa wadon."

5Wong Mesir pisan padha kagèt lan gemeter bareng krungu yèn Tirus wis dadi gempuran.

6Hé wong Funisia, padha nangisa lan sambata! Padha ngoncatana lan ngungsia menyang Spanyol!

7Apa temenan iki kutha Tirus, kutha sing nyenengaké? Sing wis madeg wiwit jaman kuna? Apa iki kutha sing dadi asalé wong-wong sing padha tetruka ing negara-negara manca?

8Sapa sing ngrancang karusakané Tirus, kutha asalé sudagar-sudagar gedhé sing ngutus para wakilé ngwasani donyané dedagangan ing salumahing bumi?

9Pangéran Allah Kang Mahakwasa sing ngrancang kuwi kabèh. Panjenengané sing ngandhakaké gemunggungé wong Tirus sing ngumukaké kabisané, ya Panjenengané piyambak sing ngasoraké para penggedhéné sing kajèn-kéringan sajagad.

10Hé wong sing neneka ing jajahan Spanyol. Padha balia nggarap lemahmu, sebab saiki wis ora ana sing ngayomi kowé menèh.

11Gusti Allah wis ngagagaké astané ing sandhuwuré segara lan ngrubuhaké kraton-kraton. Panjenengané wis ndhawuhaké ngrusak pusat-pusat dagangané wong Funisia.

12Dhawuhé, "Hé kutha Sidon, kowé bakal ora surak-surak menèh, lan wong-wongmu bakal kasiya-siya. Senajan ngungsia menyang Siprus, ana ing kana ora bakal bisa slamet."

13Dudu wong Asyur, nanging wong Babil sing bakal nggempur Tirus lan ndadèkaké kutha mau dadi panggonané kéwan galak. Wong Babil sing bakal ngepung kutha mau karo menara-menarané, ngrubuhaké bètèng-bètèngé kutha Tirus, kadadèkaké gempuran.

14Hé para wong sing lelayaran ing samodra! Kutha sing kokendelaké saiki wis kasirnakaké.

15Bakal kelakon kutha Tirus ora diélingi menèh lawasé 70 taun, yakuwi saumuré raja. Sawisé pitung puluh taun mau bakal ana menèh nyanyiané wanita tuna susila:

16"Jupuken clempungmu, ngubengana kutha, hé kowé sundel sing wis ora kocap. Unèkna clempungmu lan menyanyia menèh, supaya wong padha mbalèni kowé sepisan engkas."

17Yèn wis kliwat pitung puluh taun, Gusti Allah bakal marengaké Tirus bali dadi kutha dagang menèh. Lan iya bakal nyundel menèh karo sakèhé raja ing bumi.

18Dhuwit olèh-olèhané dedagangan bakal disaosaké marang Allah. Bebathèné ora arep ditandho menèh, nanging dienggo tuku pangan lan sandhangan kanggo wong-wong sing padha nyambut-gawé ing Pedalemané Allah.



 <<  Yesaya 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel