Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 3 >> 

1Saiki Pangéran Kang Mahakwasa bakal mundhut saka kutha Yérusalèm lan Yéhuda, samubarang sing dibutuhaké rakyat kanggo uripé, dadia pangan utawa ombèn-ombèn. Semono uga wong kabèh sing diendelaké,

2kayata para perwira, para prejurit, para hakim, para nabi, para dhukun, para penggedhéné negara,

3para sénapati, para pengarepé masarakat, para ahli politik lan para tukang sihir.

4Allah bakal ngangkat wong nom sing durung diwasa dadi pemimpiné rakyat.

5Saben wong bakal ngarah nguriki pepadhané. Wong nom bakal ngrèmèhaké wong tuwa, lan wong cilik bakal ngrèmèhaké penggedhé.

6Bakal tekan wektuné wong milih sanak-seduluré nganggo dikandhani mengkéné, "Mung kowé dhéwé sing isih duwé sandhangan pantes, mulané kowé waé sing dadi pemimpin kita ing jaman ngrekasa iki."

7Nanging wong mau bakal mangsuli, "Aja aku, sebab aku iya ora duwé pangan lan sandhangan. Aku aja kokkon dadi pemimpiné rakyat, sebab aku ora bisa nulungi kowé."

8Pancèn, Yérusalèm nampa paukuman. Yérusalèm wis ambruk. Merga sakèhé tembung lan penggawéné madoni Allah lan nyewiyah Panjenengané.

9Ulaté bangsa kuwi nélakaké atiné sing ala. Enggoné nglakoni dosa blak-blakan kaya wong Sodom biyèn. Cilaka wong-wong mau! Sebab bakal padha diukum merga saka penggawéné dhéwé.

10Pangandikané Allah mengkéné, "Kandhaa karo wong mursid, yèn bakal nampa kabegjan, merga bakal mangan pametuné pegawéané.

11Nanging cilaka wong sing duraka, sebab bakal nampa paukuman murwat karo penggawé sing ditandukaké marang wong liya.

12Umat-Ku bakal disiya-siya déning bocah-bocah lan dierèh déning wong wadon. Umat-Ku bakal disasaraké déning para penggedhéné nganti ora weruh dalan sing kudu padha diambah."

13Gusti Allah bakal nggugat lan ngadili bangsa-bangsa.

14Panjenengané bakal ngadili para penggedhéné umat kagungané. Wong-wong mau bakal didakwa mengkéné, "Kowé wis njarah-rayah asilé kebon anggur, lan omahmu kebak barang saka enggonmu ngrampas wong miskin.

15Généya padha meres wong miskin? Aku, Allah Kang Mahakwasa sing ngandika."

16Pangandikané Gusti Allah, "Delengen, iba gemunggungé para wanita Yérusalèm kuwi! Padha angkuh, kemayu lan mripaté plirak-plirik. Lakuné digawé-gawé, supaya gelang kroncong sing ana ing sikilé kemrincing.

17Nanging wong-wong mau bakal Dakukum; sirahé bakal kebak borok, nganti bakal gundhul."

18Bakal tekan wektuné Allah mundhut saka para wanita mau samubarang sing diegung-egungaké, rerenggané sirah, gelang kroncong, kalung,

19gelang tangan, krudhung,

20rimong, jimat-jimat sing ana ing lengen lan ana ing lempèngé,

21ali-ali ing driji lan irungé,

22sandhangané pésta sing élok-élok, rok mantol, dhompèt,

23klambi tipis, klambi léna, sléndhang lan krudhungé dawa.

24Gandané arum bakal malih dadi bacin. Bentingé sing alus bakal diganti tali tampar kasar. Sirahé sing ketel rambuté bakal dadi gundhul. Sandhangané sing apik-apik bakal dilironi bagor. Ayuné bakal malih dadi ala.

25Wong-wongé lanang sing rosa-rosa bakal mati ing peprangan.

26Wong-wong bakal padha nangis lan sesambat ana ing gapuraning kutha nangisi sing padha mati, lan kutha kuwi dhéwé bakal kaya wong wadon sing diwudani, ndhéprok ana ing lemah.



 <<  Yesaya 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel