Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 39 >> 

1Ing kala semana Merodhah, raja ing Babil, putrané Baladan, mireng yèn Hizkia mentas gerah banget, lan saiki wis dhangan. Mulané banjur kirim layang, dikanthèni tandha mripat.

2Para utusan saka Babil mau ditampèni déning Raja Hizkia piyambak, ditedahi kasugihané: barang-barang kagungané sing rupa slaka, emas, anggi-anggi lan lenga-lengané sing adi, apa déné praboting perang kabèh, sarta apa waé sing kasimpen ana ing gedhong pasimpenan. Ora ana barang siji waé sing ora ditedahaké marang para utusan.

3Nabi Yésaya nuli sowan Sang Prabu, unjuké, "Tiyang-tiyang menika saking pundi lan sami matur menapa dhateng panjenengan?" Pangandikané Hizkia, "Saking negari tebih, negari Babil!"

4Yésaya nyuwun pirsa menèh, "Sami ningali menapa kémawon wonten ing kedhaton?" Pangandikané Hizkia, "Sami ningali samukawis. Mboten wonten barang simpenaning kedhaton ingkang mboten kula tedahaken dhateng tiyang-tiyang menika."

5Yésaya nuli matur, "Pangéran Ingkang Mahakwasa ngandika mekaten,

6‘Bakal tekan wektuné samubarang sing ana ing kedhaton lan apa waé sing disimpen tekan dina iki ana ing gedhong simpenané para leluhurmu bakal diusung menyang Babil. Bakal ora ana barang siji waé sing kari.

7Lan anakmu lanang sawetara bakal ana sing kapundhut déning raja Babil kadadèkaké batur ana ing kedhatoné.’"

8Wangsulané Hizkia marang Yésaya, "Pangandikanipun Allah ingkang panjenengan lairaken menika prayogi sanget!" Nanging ing batin Hizkia ngunandika, "Angger sajroné isih urip iki aku ngalami katentreman!"



 <<  Yesaya 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel