Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 40 >> 

1Pangandikané Allahmu mengkéné, "Umat-Ku lipuren! Lipuren!"

2Atiné wong-wong ing Yérusalèm padha gawénen bungah. Kandhanana yèn olèhé nandhang sangsara wis katog, lan saiki dosané wis diapura. "Enggon-Ku ngukum dosa-dosané wis katog."

3Ana swara mengkéné, "Nyawisna dalan sing diambah déning Pangéran ana ing ara-ara samun! Dalan ing ara-ara samun sing kagem Allah ratanen.

4Sing legok urugana, sakèhé gunung lan punthuk-punthuk ratanen. Gunung bakal dadi papak, lan lemah sing mendhak mendhukul dadi rata.

5Kamulyané Allah bakal kawedharaké, lan saben wong bakal nyipati; Allah piyambak kang ngandikakaké."

6Ana swara keprungu, "Wartakna!" Unjukku, "Menapa ingkang kedah kawula wartosaken?" "Wartakna yèn manungsa kabèh kuwi kaya suket; kaya kembang ing ara-ara.

7Samasa Allah nekakaké angin liwat ing kono, suketé dadi garing lan kembangé alum. Manungsa kekuwatané ora ngungkuli suket.

8Suket bakal garing lan kembangé bakal alum, nanging pangandikané Allah langgeng selawasé."

9Hé Sion, sing didhawuhi martakaké kabar sing mbungahaké, munggaha ing gunung sing dhuwur. Swaramu ucapna sing seru! Hé Sion, wartakna kabar mau! Kandhakna lan aja wedi. Kutha-kutha ing Yéhuda kandhanana yèn Pangéran Allahé bakal rawuh!

10Allah Kang Mahakwasa rawuh bakal ngerèh kanthi pangwasa gedhé, lan rawuhé bakal ngirid wong-wong sing diluwari.

11Panjenengané bakal ngrimati umat kagungané kaya pangon; cempé-cempé bakal diklumpukaké lan dibopong; lan wedhus sing nusoni bakal digiring alon-alon.

12Apa ana sing bisa naker segara nganggo tangané, utawa ngilani langit nganggo drijiné? Apa ana sing bisa naker lebuné bumi nganggo cangkir, utawa nimbang gunung lan punthuk-punthuk nganggo timbangan?

13Apa ana sing bisa naséhati Pangéran bab apa sing kudu ditindakaké? Sapa sing bisa mulang Panjenengané utawa ngaturi pamrayoga?

14Sapa sing dipundhuti pirsa déning Allah, prekara sing tumrap Panjenengané ora cetha, utawa sing nuturi Panjenengané bab carané tumindak?

15Tumraping Allah, bangsa-bangsa kuwi dudu apa-apa, mung presasat banyu setètès, lan pulo-pulo kabèh mung presasat bledug.

16Sato kéwan ing alas Libanon kabèh durung cukup kanggo saos kurban marang Panjenengané, lan kayuné ora cukup kanggo nglestarèkaké urubing geniné.

17Bangsa-bangsa kabèh ora ana tegesé tumraping Panjenengané. Bangsa-bangsa mau dianggep ora ana.

18Gusti Allah kuwi kena kokpadhakaké sapa? Sapa sing bisa mbèbèraké kaanané Allah?

19Panjenengané ora kaya reca sing digawé déning tukang, sing banjur dilapis emas nganggo wengku slaka.

20Wong sing ora duwé slaka utawa emas milih kayu sing awèt; banjur dipasrahaké marang tukang sing pinter, dikon gawé reca sing ora bisa rubuh.

21Apa kowé ngerti? Apa kowé ora tau dicritani? Apa kowé ora tau krungu critané mula bukané jagad?

22Bumi iki katitahaké déning Panjenengané kang lenggah ing dhampar sandhuwuré bumi lan sanjabané langit. Manungsa sing ana ing ngisor iki katoné mung kaya semut. Panjenengané menthèng langit kaya klambu, kaya téndha kémah supaya kena dienggoni.

23Panjenengané netepaké para raja lan wong sing mréntah, banjur disirnakaké kaya abab.

24Wong-wong mau presasat tanduran anyar, sing lagi tuwuh metu oyodé. Yèn disebul déning Allah banjur kabur kabèh kaya mrambut.

25Gusti Allah arep kokpadhakaké karo sapa? Sapa sing kokpadhakaké karo Kang Mahasuci?

26Ndelenga langit! Sapa sing nitahaké lintang-lintang sing kokdeleng kuwi? Sapa sing ngirid lintang-lintang mau jumedhul kaya barisan tentara. Panjenengané pirsa cacahé lan pirsa jenengé siji-sijiné. Semono gedhéné pangwasané. Ora ana lintang siji waé sing ketriwal.

27Israèl, yagéné kowé sesambat, yèn Allah ora pirsa marang kasusahanmu, lan ora mreduli yèn kowé disiya-siya?

28Apa kowé ora ngerti? Apa kowé durung tau krungu, yèn Allah kuwi Allah kang langgeng, lan sing nitahaké bumi saisiné kabèh? Panjenengané ora naté sayah utawa lesu. Ora ana wong sing bisa njajagi kawicaksanané.

29Panjenengané paring kekuwatan marang wong lesu lan wong apes, maringi semangat marang wong sing sayah lan lungkrah.

30Nonoman bakal dadi sèkèng, lan bisa ambruk merga kentèkan tenaga.

31Nanging sing sapa ngendelaké marang pitulungané Pangéran kekuwatané bakal tansah dipulihaké. Bakal padha mumbul kaya aburé garudha; bakal padha mlayu, éwasemono ora krasa kesel, bakal padha mlaku, nanging ora krasa sayah.



 <<  Yesaya 40 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel